Powered By Blogger

Selasa, 09 Agustus 2011

Forbiden Love

Forbiden Love

SINOPSIS

Parwanto, sawijining bocah nggunung. Dheweke kagulawenthah minangka bocah ndesa kang urip sarwa prasaja. Dinane mung kaisi kanthi penggweyan- penggweyan lumrahe bocah nggunung. Esuk sekolah, awan mulih, leren sedhela, banjur yen wis sinep srengenge ngarit kanggo raja kayane. Lumrahe bocah nggunung dheweke uga wis nduwe tanggungan wedhus cacah lima. Parwanto wis ora kober ngenal dolanan-dolanan modern kaya jamake bocah-bocah kutha saumurane. Paling-paling yen kober dolanan mung gobag sodor, jompritan utawa kadhang kala bal-balan ing ara-ara amba pinggir alas ing perenge gunung Wilis.

Nanging senajan mung atase bocah ndesa, Parwanto nduwe karep ati kang gedhe. Dheweke wis bosen saben dina mung krungu ocehe manuk alas lan swarane bedhes ing alas Kayangan. Parwanto pengin nerusake sekolahe nganti tutug sarjana. Dheweke uga klebu golongane bocah kang encer utekke. Nanging eman gegayuhane Parwanto kang gedhe ora disengkuyung dening wong tuwane. Sejatine ngono bapake Parwanto ya gelem-gelem wae ngragadi kuliahe Parwanto, nanging ibune Parwanto sing ora setuju. Jare kuliah iku ora ana gunane tumrape wong cilik kaya kluwargane Parwanto. Wong saiki yen kepingin nyambut gawe penak ya kudu aweh dhuwit paseduluran dhisik. Nanging tekade parwanto wis gilig. Pengin nglurug kutha metropolis saperlu luru ilmu.

Minangka murid kang encer utekke Parwanto bisa lulus tes lan ketampa menyang universitas kang dadi impene. Dheweke nglakoni dina-dina kawitan kuliahe kanthi laku prihatin. Dhuwit jatah saka wong tuwane mung cumpen. Dene kanggo urip ing Surabaya, cetha butuh dhuwit kang ora sethithik. Suwene-suwe ana Surabaya Parwanto uga ngrasa kangen karo desane. Mula, nuju salah sawijining dina dheweke mulih. Nanging ora dinyana tekane menyang ndesa dipapag srengene Ibune Parwanto. Jare wis ragad kuliah pas-pasan. Kok dinggo mulih menyang ndesa barang. Jarene ibune ngentek-ngenteki dhuwit. Kaya ngapa nelangsane atine Parwanto.

Parwanto mbalik menyang Surabaya kanthi ati kang semplah. Dheweke kaya-kaya dhewe urip ing donya iki. Manut karo usule kanca-kancane Parwanto kepingin njaluk panemu saka dosen pembimbing akademike, kang dening Parwanto dianggep kadidene wong tuwane ing kampus. Nanging apa kang diolehi Parwanto, mung panulakan saka dosen kasebut kang jare lagi repot. Mung ditemoni sedhela dosen iku ngusulake menawa Parwanto golek kerja wae. Golek kerja apa. Terus kepriye carane golek kerja wong Parwanto iku mung bocah ndesa kang lagi ngambah Surabaya. Nanging yen njagakne dhuwit kiriman saka wong tuwane ya durung mesthi tekane. Apa maneh wong tuwane wong tani tur ora pati nyarujuki yen dheweke kuliah.

Saka kanca-kancane Parwanto ana siji sing paling gati marang Parwanto. Kancane iku jenenge Putra. Putra iku bocah asli Surabaya kang sakelas karo Parwanto. Putra iku bocahe nggantheng, kulitane putih mrusuh, dedege gedhe dhuwur. Nggantheng banget yen kanggo ukurane bocah lanang. Dheweke uga anake wong sugih. Dene Parwanto bocahe ireng, klambine lusuh, senajan dedege uga gedhe dhuwur lan awake abot amarga kulina nyambut gawe abot ing ndesa. Yen Parwanto lagi ana kesusahan mesthi ditulungi. Ora mung pisan pindho Putra cucul dhuwit lan diwenehake Parwanto. Nganti Parwanto ngrasa sungkan karo Putra.

Minangka gantine Parwanto kerep dijak crita Putra ngenani pacar-pacare kang mung pengin ngereh donya branane Putra. Suwi-suwi Putra krasa risih karo wong wedok lan sansaya cedhek karo Parwanto. Lan sawijining dina ing omahe Putra katresnan kang ora samesthine tuwuh antarane bocah lanang loro iku.

PARAGA

Parwanto: Bocah ndesa, lugu, nduwe kekarepan gedhe kanggo ngrubah nasibe, durung ngerti abang ijone kutha.

Putra : Bocah kutha, sugih, pacakane necis, nduwe rasa trauma karo bocah wadon, wigati marang kanca

Bapake Parwanto: wong ndesa, lugu, nduwe kawicaksanan nanging yen sok kalah karo bojone.

Mboke Parwanto: wong desa, egois, kolot.

Dian (kancane kuliahe Parwanto): Apik, wigati marang kanca.

Dewi (kancane kuliahe Parwanto): Apik, wigati marang kanca.

Bu Ivon(dosene Parwanto) : sombong, ora nduwe rasa wigati, welas asihe kurang.

Babak I

(sekolahane Parwanto nalika lulusan)

Kanca-kancane Parwanto: waahhh...selamat ya Par. Bijimu apik dhewe. Hebat kowe Par (suara pating clebung saka kancane Parwanto)

Gurune Parwanto: Selamat ya Par. Ati ati yen wis terjun neng masyarakat.

Parwanto: nggih pak. Matur sembah nuwun sedaya bimbinganipun pak.

Gurune Parwanto: yen bisa diusahakne. Nerusne nganti kuliah ya. Eman-eman bijimu sing apik.

Parwanto: nggih pak, pangestune.

(suara surak-surak saka kanca-kancane Parwanto keprungu maneh kanggo mangayubagya dina lulusan kang kebak bagya mulya iku)

Babak II

(omahe Parwanto. Omah cilik ing sikile gunung wilis. Isine mung meja siji lan kursi kayu telu)

Parwanto: (mlebu omah lan ndelehne tase banjur ngombe banyu putih saka kendhi ing ndhuwur meja)

Mboke Parwanto: Wis mulih Par?piye lulusane maeng?

Parwanto: Aku lulus mbok. Bijiku apik dhewe lho mbok sasekolahan.

Mboke Parwanto: O...gek ngono trus piye? Ya ana hadiahe ngono kae?

Parwanto: (ulate Parwanto malih dadi kuciwa) ya ora ana mbok.

Mboke Parwanto: ya wis lek ngono. Ndang salina. Ngko gek ndang golekna pakan wedhuse.

(mboke Parwanto bali ibut ngayahi pakaryan pawon kang ditinggal. Parwanto isih durung budhal salin. Isih lungguh ana kursi ruang tamu. Dheweke mikir piye carane ngomong marang wong tuwane ngenani kepenginane kuliah.)

Mboke Parwanto:(metu saka pawon. Nyawang Parwanto kang isih lungguh kamitenggenggen) Par...kowe kok isih lungguh neng kono. Ora gek ndang salin kana.

Parwanto: Iya mbok, neng sakjane ana sing pengin tak omongne.

Mboke parwanto:ngomong apa?(kanthi swara banter)

Parwanto: aku pengin kuliah mbok.

Mboke Parwanto:he...apa le? Kowe pengin kuliah. Mbok ya ngilo githokmu dhewe. Tegal pekarangane sapa sing arep kokdol? Pak mbokmu nduwene apa kok kowe njaluk kuliah. Sing ngewangi bapakmu nggarap sawah karo ngopeni wedhus kae sapa lek tok tinggal kuliah.

Parwanto: ya ora ngono mbok. Lek masalah biaya ngko rak isa njaluk surat keterangan tidak mampu saka kelurahan. Dadi mbayare isa dicicil.

Mboke Parwanto:halah...wis pokoke ora. Wis gek ndang salina kana gek diuwisi nggonmu ngipi kuwi.

(Parwanto angluh. Mlaku neng mburi arep mlebu turone)

Babak III

(Kandhang wedhus nalika sore. Panggung isine wedhus lan suket kanggo makan wedhuse)

( Parwanto isih bingung. Dheweke kepengin banget nerusake kuliahe. Sinambi makani wedhuse dheweke grenang-greneng dhewe malah ngomong karo wedhuse)

Mbeeeeekkkk......mbeeekkkk........mbeeekkkk

Parwanto: nyooo....nyooo....iki gek ndang dipangan! Ben ndang gedhe ya.

Mbeeekkkkk......

Parwanto: Dhus... dhus gek piye aku iki? Jane aku ki pengin kuliah kok simbok ra setuju. Pengin nekat neng aku njaluk dhuwit sapa? Wong aku ya urung isa golek dhuwit dhewe. Haahhh...dhus...dhus penak dadi kowe ora sah mikir kuliah ora sah mikir rena-rena mung kari nunggu tak golekne pakan wae.

Bapake Parwanto: Ehmmm....Par..Par wedhus kok tok jak omong ki piye?

Parwanto: E...anu pak....ora.hehe

Bapake Parwanto: Aku wis dicritani mbokmu perkara kepinginanmu kuliah. Aku ngono ya setuju-setuju wae neng mbokmu kuwi sing trahe angel.

Parwanto: Tenan ta pak? Tenan?

Bapake Parwanto: Sing penting niatmu wis gilig tenan gek tenanan lekmu kuliah. Neng ya kuwi perkara ragad, kowe kudu gelem prihatin le.

Parwanto: Lha mboke pak?

Bapake Parwanto: Perkara mbokmu ngko bengi diomongke bebarengan.

Parwanto: Nggih pak maturnuwun.

Babak IV

(Omahe Parwanto. Wong telu nglumpuk omong-omongan sabubare mangan bengi)

Bapake Parwanto: Haaaahhh... Janganmu ki maeng kok puedes men ta mbokne.

Mboke Parwanto: Mumpung lombok murah pak lek larang ngono kae wis ra kober bumbu lombok.

(Parwanto mung lungguh karo meneng ngrungokne wong tuwane cecaturan. Nanging sejatine dheweke ora jenjem)

Bapake Parwanto: Mbokne...genahe anakmu si Parwanto ki trus piye?

Mbokne Parwanto: Piye apane?

Bapake Parwanto: Jare arep kuliah neng Surabaya kana.

Mbokne Parwanto: Ngge apa kuliah barang. Wong lek wis lulus urung karuan oleh gaweyan. Arep golek gaweyan kudu nyogok dhisik. Angur neng omah ngewang-ewangi ngopeni wedhus karo nggarap sawah kae rak genah asile. Karone lek golek ragade ngendi.

Bapake Parwanto: Wong sawah ya mung sailat ae lho tak garap dhewe aku ya isih sanggup. Gek awake dhewe yab isih rosa mesthine rak ya isih kuat nggolekne pakan karo ngopeni wedhus-wedhus kae.

Mbokne Parwanto: Wis pokoke ora pakne. Aku ra setuju lek Parwanto kuliah.

Bapake Parwanto: Halah...mbokne wong anak ya mung sithok Parwanto kuwi thok idhep-idhep nyenengne anak. Lek perkara ragad aku maeng wis omong pak Lurah arep njaluk SKTM jare isa. Ngko uripe neng kana kowe rak ya gelem rada prihatin ta Par?

Parwanto: Iyaa pak...(Parwanto ngomong karo ndhingkluk)

Mboke Parwanto: Karepmu lek trah sirmu ngono neng lek enek apa-apane aku ra melu cawe-cawe.

(Mboke Parwanto sing krasa kalah omong karo Parwanto lan Bojone ngalih banjur mlebu turon)

Babak V

(Swasana ing kampuse Parwanto dina kuliah sepisanan. Parwanto seneng banget pungkasane bisa kuliah. Swasana ing kelas lan kebak-kebak bocah anyar sing urung ditepungi Parwanto)

Parwanto: (sinambi salaman karo sawijining bocah lanang ing kono) Parwanto.

Putra: O...aku Putra. Aslimu ndi Parwanto?

Parwanto: Aku saka Ponorogo. Kowe saka ngendi?

Putra: Aku arek asli Surabaya kene kok Par.

Novi: Hee...Aku Novi.

Parwanto: Parwanto.

(Dina iku durung ana kuliah. Kalodhangan wektu digunakake kanggo padha tetepungan. Dina iki dina kang nyenengake banget kanggone Parwanto)

Babak VI

( Rong sasi ana Surabaya Parwanto krasa kangen karo desane. Parwanto pungkasane mulih neng desane kanggo tilik wong tuwane lan ngendhangi desane mkang sawetara wektu wis ditinggalake. Nalika Parwanto teka ngomah mboke lagi ibut nandangi gaweyan pawon)

Parwanto: Mbookk...Paak

Mboke Parwanto: Sapa kuwi?

Parwanto: Aku mulih mbookkk.

Mboke Parwanto: Lho kowe ta le.

Parwanto: Iya mbok aku mulih aku kangen mbok pengin mulih.

Mboke Parwanto: Lha jare kuliah kok mulih?

Parwanto: Iya mbok pumpung libur rada suwi dadi aku mulih.

Mboke Parwanto: Nyapo kok mulih barang? Mbok neng kono ae tiwas ngentek-ngenteki dhuwit tok ngge numpak bis. Wong ora kok endhangi Pak Mbokmu ya utuh. Wis kuliah ragade akeh kok ngge mulah-mulih ae mbok ya mesakne sing golek ta Par...Par.

(Krungu tembunge mboke nggrantes atine Parwanto rasa kangene kang gedhe jebul ora dirasakake wongtuwane. Parwanto ngrasa urip dhewe ing donya iki. Ing atase wong tuwane ae malah ora seneng nalika ditiliki kanthi alasan ngentek-ngenteki ragad.

Babak VII

(Swasana ing kampuse Parwanto. Parwanto lungguh dhewe katon sedhih)

Novi: Par... ya’ apa tugasmu? Wis mari tah?

Parwanto: Wis bar kok. Lha awakmu?

Novi: Wis mari jik tas isuk mau. Mari subuh jik tas tak garap. (ngomong karo ngguya-ngguyu)

Putra: Oee...Par ya’ pa kabare? Liburan nang ndi ae?

Parwanto: Aku mulih neng ndesa Put.

Putra: Mari mulih kok sedhih ngono? Kelingan pacarmu nang ndesa tah? (Putra karo Novi ngguyu bebarengan

Parwanto: Aahh...ora.

Novi: Lha kok awakmu ketok sedhih ngono seh Par?

Parwanto: Aku wingi pas mulih diseneni mbokku jarene mulah-mulih ngentek-ngenteki dhuwit. Padahal aku mulih merga kangen banget karo pak mbokku.

Novi: Aku lho mulih seminggu pisan nang Jombang. Lha awakmu rong wulan lagi mulih kok malah dipadoni iku ya’ pa seh?

Putra: Heh...nov awakmu ya gak oleh ngono. Pikiran awakedhewe karo wong tuwane Parwanto karo wong tuwamu wis beda nov. Terus karepmu ya’ apa Par?

Parwanto: Aku bingung cah. Dhuwit kiriman saka wong tuwaku seret. Neng kene aku ra nduwe dulur blas. Apa aku metu kuliah ae ya?

Novi: Lho ya aja’ metu Par. Eman lho koen iku areke pinter.

Putra: Iya Par bener jarene Novi. Eman lho nek awakmu metu. Gak tambah rugi awakmu nek metu. Dhuwit daftar ulang, isin karo wong ndesamu sing nganggep awakmu gagal kuliah.

Parwanto: Iya ya, bener jaremu. Tapine aku ki kudu piye lho?

Putra: emm....ngene ae njajal awakmu ngadhep nang Bu Ivon kan Bu Ivon DPne awakedhewe sapa ngerti wonge isok nulungi.

Parwanto: Bu Ivon ki sing ndi lhoo? DPne awakdhewe ki pa ra ya bu Poinah kae.

Novi: Lha iya Bu Poinah iku nyeluke Bu Ivon nek gak diceluk ngono gak gelem mbok sapa wonge. Ancene wong iku mangkelna kok.

Parwanto: Ya wis suwun ya cah. Aku tak ngadhep neng Bu Poinah eh Ivoon.

Putra: Awas lho ja’ kliruu. Bahaya nek kliru.

Babak VIII

(Ing ruangane Bu Ivon. Isine meja kursi lan lan komputer. Ing pinggire komputer ana tumpukan kertas lan map. Ing ngarep meja ana papan nama tinulis asmane Dra. Poinah M.Hum)

Parwanto: Selamat pagi Bu Poinah.

(Sing disapa ora mengo mung meneng ae sajak ora kalegan atine. Parwanto langsung eling kandhane Putra lan Novi sadurunge ngadhep dosenne mau.)

Parwanto: Eh...maaf. Selamat Pagi Bu Ivon. (Parwanto ngomong karo semu kisinan)

Bu Ivon: Iya selamat pagi.

Parwanto: Saya Parwanto bu mahasiswa bimbingan ibu angkatan 2010.

Bu Ivon: Iya ada apa mas? Penting apa tidak? Soalnya saya lagi sibuk ini?

Parwanto: Sebenarnya saya ada masalah Bu. Tentang kuliah saya.

Bu Ivon: Iya kenapa dengan kuliah kamu? (Bu Ivon ngomong karo terus mandeng laptope tanpa nyawang Parwanto babar pisan.

Parwanto: Begini Bu sebenarnya saya ini tidak boleh kuliah oleh orang tua saya tapi saya memaksa akhirnya saya bisa kuliah di sini. Sekarang saya bingung Bu mau gimana. Solusinya apa bu?

Bu Ivon: Gini ya saudara Parwanto. Saya itu DP anda hanya akan mengurusi masalah yang berkaitan dengan akademis. Saya tidak akan mengurusi masalah keluarga anda seperti itu. Itu urusan anda sendiri. Kalau memang terpaksa ya itu nasib anda.

Parwanto: Emmm....apa tidak ada keringanan dari kampus Bu?

Bu Ivon: Tidak bisa mas. Saya sudah lihat data anda. Anda juga sudah meminta dispensasi dengan SKTM. Itu sudah maksimal mas.

Parwanto: Terus saya harus bagaimana bu?

Bu Ivon: Lho...kalau mau terus kuliah anda harus memenuhi kewajiban anda. Kalau memang tidak punya uang ya kerja dong mas.

Parwanto: Saya harus kerja apa bu? Dimana?

Bu Ivon; Anda jangna tanya saya! Sudah-sudah saya sibuk saya harus rapat ini. Saya tidak bisa berlama-lama dengan anda.

(Krungu saurane dosenne Parwanto sansaya nggrantes atine. Dheweke bingung kudu kerja apa. Kamangka dheweke isih durung suwe urip ing Surabaya)

Babak IX

( Ing Kampus Parwanto bali nemoni kancane)

Putra: Eh...Par ya’ apa? Wis mari tek nggone Bu Ivon? Ya’ apa jare Bu Ivon?

Parwanto: Jare Bu Ivon kampus wis ora isa menehi bantuan maneh. Jarene aku malah kon golek kerja neng Bu Ivon. Bar ngono aku dikongkon metu jare wonge sibuk. Hoaalahh....Gek aku kudu kerja apa ta? Wong aku iki neng Surabaya urung ngerti apa-apa. (kandhane Parwanto kanthi sedhih)

Novi : Lho lak iya seh ancene wong iku mangkelna kok. Nggarai emosi ae.

Putra: Wis tah lah Nov koen iku muring-muring ae kaet mau. Wis Par awakmu saiki melu aku ae nang omahku Par. Karo ngedhem utek jalan-jalan. Masalah kuliahmu dipikir kari. Ngko tak bantu.

Parwanto: Wegah ah Put...aku ngko ngrepotne kowe. Aku isin dolan neng omahmu. Isin karo wong tuwamu.

Putra: Wis tah lah gak apa-apa. Ibukku gak neng omah. Bapakku mulihe bengi biasane. Wis ayo.

( Pungkasane Parwanto gelem melu neng omahe Putra bebarengan numpak mobil karo Putra)

Babak X

( Omahe Putra. Omahe gedhe magrong-magrong, isen-isen omahe pepak katon yen omahe wong sugih)

Parwanto: Waahh...omahmu uapik banget Put. (ngomong karo nggumun)

Putra: Ah...biasa ae.

Parwanto: Lha wong tuwamu neng ndi Put?

Putra: Bapakku yen ngene iki mesthi mulihe bengi. Sing ana mung pembantu.

Parwanto: Lha Ibukmu neng ndi?

Putra: Wis gak usah ngomongna Ibukku. Gak pantes ngomongna ibukku iku. Saiki nang ndi ae aku gak ruh.

(Parwanto langsung meneng krungu kandhane Putra. Dheweke krasa yen Putra nduwe pengalaman kang elek karo Ibune.)

Putra: Wis tau pacaran Par?

Parwanto: (kaget krungu pitakone Putra) Ah...durung. Ana apa lho?

Putra: O..gak ana’ apa-apa. Ayo neng ndhuwur ae. (Putra ngajak Parwanto neng kamare)

Parwanto: Waahh (parwanto nggumun meruhi kamare Putra sing gedhe lan pepak isen-isenne. Beda banget karo turone ing ndesa)

Putra: Wis gek ndang lerena kono.

(Parwanto lungguh ing amben gedhe kang kasure empuk banget)

Putra: Lapo Par awakmu kok gak gelem pacaran?

Parwanto: Lhah...sapa ta sing gelem karo boch kaya aku iki. mung cah ndesa anake wong tani. Lha saiki pacarmu sapa?

Putra: Aku ya gak nduwe pacar Par. Nduwe pacar mung ngalarani atiku thok. Paling-paling arek wedok sing gelem mbek aku mung pengin dhuwik thok.

Parwanto: Ooo...

Putra: Ndelok film yo Par.

Parwanto: Film apa?

Putra: Siipp pokoke? Awakmu mesthi urung tau ndelok.

Parwanto: Ya wsi karepmu.

(Jebul putra nyetel film saru kang babar pisan durung tau didelok dening Parwanto)

Parwanto: Lhoo...Put film apa iki.

Putra: Wis deloken ae apik-apik. (ngomong karo nyedhaki lungguhe Parwanto)

Putra: Par, ngerti apa gak aku iku muuanggkell ambek wong wedok. Arek-arek wedok sing dadi pacarku kabeh mbujuki aku. Kabeh pengin dhuwikku thok. Ibukku mlayu karo wong lanang liya saingane bisnis Bapakku pas aku jik umur patang taun.

(Putra ngomong karo ngruket awake Parwanto lan ngebrukake awake ing ndhuwur kasur)

Parwanto: Lhoh...lhoh Put nyapo iki?

Putra: Wis ta lah Par manuta. Masalah kuliahmu gampang.

(Lampu panggung mati. TAMAT)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar