NAMA: TANGGUH HESTU WIBAWA
NIM : 082114001
JURUSAN : PENDIDIKAN BAHASA DAERAH (JAWA)
KELAS :2008 A (REGULER)
WEWUJUDANE KABUDAYAN JAMAN KAWURI ING TANTU PANGGELARAN
A. PURWAKA
Sadurunge ana satra Jawa kaya kang dumadi ing jaman saiki, donyaning sastra Jawa wis kawiwitan nalika jaman kawuri. Nalika durung ana maneka warna sarana kanggo ngejawantahake sastra kaya saiki. Bebrayan Jawa jaman semana migunakake sastra kanggo maneka nyukupi maneka warna butuhe. Utamane kang gegayutan karo babagan rasa pangrasane. Kebutuhan-kebutuhan iku kaya dene piranti ngrekam sejarah, ngibadah marang Gustine lan uga kanggo nglelipur atine. Kagunane sastra ing jaman kawuri malah kepara luwih akeh tinimbang sastra Jawa ing jaman saiki. Amarga yen dideleng kasunyatane sastra Jawa jaman saiki mung winates kanggo nglelipur ati, arang sing nganggo sastra Jawa anyar kanggo ngrekam sejarah. Apa maneh kanggo ngibadah manembah marang Gustine wis ora ana babar pisan sing nganggo sastra Jawa gagrag anyar.
Senajan ora mrangguli dhewe nalika sastra Jawa jaman kawuri iku ana nanging ana maneka warna bukti kang nuduhake anane sastra Jawa ing jaman kawuri. Lan bukti-bukti iku uga wis dionceki dening maneka warna panaliten ngenani sastra Jawa ing jaman kawuri. Saka sakehing panaliten kang wis kalakon dening para winasis. Sejatine sastra Jawa diperang dadi patang mangsa utawa periode yaiku sastra Jawa Kuna, sastra Jawa Pertengahan, sastra Jawa Baru lan sastra Jawa Modern.
Ana ing tulisan iki kang bakal ditengenake yaiku ngenani asiling karya sastra nalika periode sastra Jawa pertengahan. Periode sastra Jawa pertengahan titikane ing antarane yaiku nggunakake basa Jawa pertengahan, dipengaruhi sastra India lan Arab, asiling karya sastra prosa utawa gancaran lan puisi, tuwuh crita panji, tuwuh puisi kidung utawa macapat kuna, ngrembaka ing kraton lan ing njaba kraton (Sukarman, ana ing kuliah Sejarah Sastra Jawa).
Saka sakehe asiling karya sastra Jawa pertengahan kang ditemokake, ana karya sastra awujud gancaran kang onja yen katitik saka isine lan uga sejarahe. Naskah utawa karya sastra kasebut yaiku Tantu Panggelaran. Ringkese Tantu Panggelaran minangka naskah kang isine nyritakake kawitane tanah Jawa, anane manungsa, lan uga anane sistem panguripane manungsa kang kaya dideleng ing jaman saiki. Dadi Tantu Panggelaran iku minangka fiksi kang ing njerone nyritakake sejarah ngenani tanah Jawa saisine. Dadi bisa ditegesi menawa Tantu Panggelaran iku sawijining karya sastra kang isine imajinasine pangripta ngenani dumadine tanah Jawa saisine.
Amarga Tantu Panggelaran tetep eksis nganti jamane kasusastran Jawa modern, senajan ora kabeh wong gelem lan bisa maca. Lire, senajan Tantu Panggelaran wis ora dadi wacan tumrape bebrayan sacara umum nanging tetep dadi kawigatene para sarjana lan para winasis mligine ing babagan sastra Jawa. Kawigatene para winasis iku ora uwal saka isine Tantu Panggelaran dhewe kang beda yen dibandingake karo karya sastra liyane ing jamane kang nyritakake katresnan, critane paraga pewayangan lan liya-liyane.
Ana ing kene Tantu Panggelaran bakal ditintingi kanthi ancangan mitopoik. Ancangan mitopoik dianggep cocok yen dinggo ngonceki naskah Tantu Panggelaran. Yen diwawas saka basane mytopoic asale saka tembung myth. Tegese kang asipat tardisional mitos dianggep sejajar karo fabel lan legenda. Nanging teges kang asipat modern mligine muturut Frazerian lan psikologi Jungian mitos nduweni sesambungan karo jaman sadurunge sawijining karya sastra iku ana minangka citra primordial lan arketipe (Ratna, 2004: 66-67).
Saliyane ngunakake ancangan mitopoik Tantu panggelaran uga bakal ditintingi ngunakake metode analisis isi. Isi kang dikarepake jroning ancangan iki dibedakake dadi loro yaiku isi laten lan isi komunikasi. Isi laten yaiku isi kang kinandhut ana dokumen lan naskah. Dene isi komunikasi yaiku pesen-pesen kang kinandhut amarga anane komunikasi iku. Lumrahe tintingan kang asipat kualitatif sajroning nemtokake isi iku uga asipat penafsiran. Dadi ora mokal yen tintingan wong siji lan sijine ana bedane.(Ratna, 2004:48-49) Anane metode analisis isi kanggo nyengkuyung ancangan mitopoik kanggo ngonceki karya sastra iki.
Kaya kang wis diandharake ing ndhuwur tulisan iki tujuwane kanggo ngonceki karya sastra naskah Tantu Panggelaran. Kang kapisan bakal diandharake saklebatan ngenani Tantu Panggelaran dhewe. Sabanjure Tantu Panggelaran bakal dijlentrehake nganggo ancangan mitopoik lan metode analisis isi. Luwih cethane tintingan ngenani Tantu Panggelaran bakal diterusake ing perangan sabanjure.
B. ANDHARAN
Kaya kang wis diandharake ing bukaning atur ana ing perangan kapindho iki bakal diterusake ngenani tintingan babagan Tantu Panggelaran. Kanthi perangan iki endahing Tantu Panggelaran bakal diudhal nganggo ancangan lan uga metode kang wis diandharake ana ing purwaka. Murih cethane sabanjure ana ing ngisor iki bakal diandharake.
1. Tantu Panggelaran Saklebatan
Tantu Panggelaran minangka salah sawijining karya sastra nalika periode sastra Jawa pertengahan. Tantu Panggelaran diperang dadi pitung bab kang isine nyritakake ngenani kawitan dumadine manungsa. Kahanane tanah Jawa ing kawuri. Lan uga ngenani tumurune para dewa menyang arcapada saperlu aweh tuladha marang manungsa kepriye nglakoni panguripan kang becik lan mawa aturan. Supaya dadi manungsa kang asipat manungsa.
Tantu panggelaran iku minangka sawijining karya sastra kang cinipta ing sanjabaning kraton. Amarga nalika jaman sastra Jawa pertengahan pangripatane karya sastra ora mung winates para pujangga kraton. Nalika semana uga wis tuwuh para pujangga ing sanjabane kraton. Salah sijine uga pangripta saka Tantu Panggelaran dhewe. Kaya kang tinulis ing kolophon menawa panulis kang ora sinebutake jenenge mung njlentrehake yen dheweke salah sawijine pertapa ing gunung Nangga. Dadi wis cetha banget yen Tantu Panggelaran iku dudu karya sastra kraton.
Saka kolophon naskah Tantu Panggelaran uga bisa diweruhi kapan Tantu Panggelaran digawe. Ing kolophon iku disebutake menawa Tantu Panggelaran rampung ditulis dina Rebo Legi nalika wektu madangsia mangsa Kasa taun 1557 saka utawa 1635 masehi. Ing kolophon iku uga ana sengkalan saka Tantu Panggelaran yaiku rsi pandawa buta tunggal. Dadi bisa dikira-kira menawa Tantu Pnggelaran iki digawe nalika jamane kraton Majapahit.
Supaya luwih cetha ngenani Tantu Panggelaran saisine ing kene ditulisake ringkesaning crita saka pitung bab Tantu Panggelaran. Senajan dudu jarwan sing jangkep kanthi anane ringkesan isi iki kawruh ngenani Tantu Panggelaran bisa luwih omber. Ringkesan crita Tantu Panggelaran iki kapethik saka buku Sastra Jawa Pertengahan (Suwarni, 2007) dijarwakake lan diowahi saperlune murih cocog karo tulisan iki.
Bab kang kapisan isine nyritakake kahanane pulo Jawa ing jaman Asitakala. Bathara Guru kang ing Tantu Panggelaran minangka bapake para dewa ngutus dewa Brahma lan Wisnu. Kalorone dewa iki diutus nggawe manungsa ing gunung Pawinihan. Brahma gawe manungsa lanang lan Wisnu gawe manungsa wadon. Manungsa gaweane Brahma lan Wisnu urip kanthi liar lan durung ngerti kepriye urip kaya lumrahe manungsa. Bathara Guru banjur ngutus para dewa medhun menyang arcapada lan aweh tuladha carane urip sing bener menyang para manungsa iku. Para dewa iku ana sing dadi pandhe, undhagi, ana sing ngajari pepaes lan liya-liyane. Dewa Wisnu lan dewi Sri uga medhun menyang arcapada lan dadi raja karo ratu ing Medang Gana. Asmane raja Kandiawan lan ratu Kanyawan. Saliyane kanggo dadi raja Kandiawan lan Kanyawan uga antuk jejibahan nggulawenthah manungsa. Kandiawan lan Kanyawan nduwe putra lima. Sawise Wisnu muksa anake ragil jumeneng nata ing Medang Gana.
Bab kaloro nyritakake pulo Jawa kang isih gonjang ganjing amarga ora ana pathoke. Mula Bathara Guru mrentah para dewa nggawa gunung Mahameru utawa Mandragiri menyang pulo Jawa. Nalika nggawa gunung iku saka njero gunung metu banyu wisa kalkuta kang diombe dening para dewa. Banyu kasebut ndadekake para dewa pada mati nanging bisa diusadani dening Bathara Guru. Nalika sepisanan sejatine gunung Mahameru kang ing Jawa sabanjure diarani gunung Semeru manggon ana pucuk kulon tanah Jawa. Nanging pucuk etan pulo Jawa ora imbang banjur gunung Semeru dipindah ngetan. Tilake gunung Semeru ing pucuk kulon pulo Jawa dadi gunung Penanggungan. Lan nalika gunung iku digotong para dewa akeh lemah saka gunung iku sing ceblok lan dadi maneka warna gunung ing tanah Jawa. Ana gunung Merapi, Wilis, Kelut lan sapinunggalane.
Bab katelu nyritakake Bathara Guru kang nggawe Katyagan utawa pertapan ing Kabubulon, Kupang, Huluwanwa, Pacira. Sasuwene Bathara Guru nggawe pertapan ana maneka warna crita ngenani dumadine kewan lan tetuwuhan. Bathara nyiptakake Mandala utawa panggonan sinau bab agama Hindu lan dijenengi padha karo panggonan utawa kedadean kang ana ing kono. Mandala-mandala iku jenenge manguyu, hubon-hubon, huluguntung, habet-habet lan sapinunggalane.
Bab kapapat Tantu Panggelaran isih ana gandheng cenenge karo babagan Mandala. Bathara Guru ngedegake mandala-mandala anyar lan mandala sing didegake luwih dhisik disrahake marang muride kang diangkat dadi Dewa Guru. Mandala kasebut nganakake maneka warna kegiatan. Ing bab kapapat uga nyritakake dumadine para Wiku kang digayutake karo anane saptawara miturut pretungan Jawa kuna kaya dene wiku Wrhaspati, bethara Soma, bethara Bhuda, bethara Sukra, bethara Raditya, betharan Sanaiskara lan bethara Hanggara. Para dewa dititahake dadi guru dewa lan mimpin mandala-mandala ing tanah Jawa. Anane mandala iku tujuwane kanggo nggulawenthah manungsa supaya dadi manungsa kang apik lan ngabekti marang para dewa, mligine Bathara Guru minangka dewa kang paling dhuwur drajate lan paling diwedeni manungsa.
Ing bab kalima intine isih nyritakake ngenani tuwuhe mandala-mandala kang didegake dening Bathara Guru bebarengan karo dewi Uma. Bab lima uga nyritakake kepriye para wiku lan resi jroning mimpin mandala kang diwarisake bathara Guru. Lan uga ana legenda-legenda ngenani dumadine jeneng-jeneng panggonan ing sakupenge gunung Semeru kaya dene Purnajiwa, desa Padhang, desa Ganten lan pangawan.
Ing bab kaenem dicritakake Bathara Guru nyiptakake ranu utawa tlaga nanging ora dadi amarga kanepsone dewi Uma. Tlaga kasebut banjur diarani tlaga Wurung. Amarga kedadean iku dewi Uma disabda dening Bathara Guru dadi Bethari Durga. Kanepsone Uma nyilakake manungsa ing donya. Bathara Guru nulungi para manungsa lan sinebut Bathara Tuhan dening para manungsa. Bathara Tuhan tansah pinuji dening para manungsa. Bathara Tuhan uga sinebut Hanungkurat. Lan para manungsa tansah gawe sajen kanggo sang Hanungkurat.
Kanggo ngimbangi bethari Durga, Bethara Guru banjur nyabda awake dhewe dadi raseksa arane Kalrudraka. Kalarudraka medhun menyang arcapada lan aweh pitutur menyang para dewa lan widodari kanthi cara nganakake wayangan. Bethara Wisnu mubeng-mubeng dadi wong mbarang. Sabanjure Bathara Guru lan Bethari Uma badhar dadi wujud asline . Bathari Guru lan Bethari Uma iku dewa kang medhun menyang arcapada kanthi tujuwan mulyakake panguripane manungsa.
Ing bab kapitu utawa bab pungkasan saka Tantu Panggelaran dicritakake yen Bathara Guru dadi wiku lan bhujangga jenenge Mpu Palyat ing pertapan Kaliasem (Nusakambangan). Mpu Palyat mangane mangan mayit. Kahanane ndadekake bingunge raja Galuh. Sabanjure raja Galuh nimbali para wiku. Wiku kang ngadhep menyang kraton yaiku mpu Wayu Kuning, mpu Kalotan lan mpu Palyat. Mpu Palyat ora ditepungi dening raja Galuh banjur dilarung menyang segara. Bola-bali dilarung nanging tetep slamet. Wiku-wiku liyane banjur ngakoni kasektene Mpu Palyat lan melu menyang Kaliasem. Ing kana wiku-wiku iku antuk pitutur saka mpu Palyat. Nalika bali menyang Galuh wiku-wiku iku dadi pandhita kraton.
Ing bab pitu uga ana crita ngenani mpu Tapapalet kang nduwe utang menyang mpu Tapawangkeng lan prasetya bakal dibalekake awan. Nanging mpu Tapapalet ora nduwe dhuwit kanggo nyaur mula lakune srengenge banjur diendhegake. Kamangka nalika iku ratu Daha lagi pasa lan lagi oleh buka sawise srengenge angslup. Amarga srengenge dindheg dening mpu Tapapalet anggone pasa ratu Daha ngluwihi wektu sing samesthine.
Crita Tantu Panggelaran dipungkasi kanthi tuwuhe sawetara mandala kang uga didegake Bathara Guru. Sadurunge kondur menyang swargaloka Bathara Guru masrahake mandala Sukayajnya marang begawan Ternawindu minangka pengarepe mandala. Bagawan Anggira kanugrahan mandala Sarwwasiddha lan diangakat minangka dewa guru. Lan dadi pangarep ing Sarwwasiddha.
Ringkesan crita Tantu Panggelaran ing ndhuwur diajab bisa nambahi kawruh ngenani naskah Tantu Panggelaran. Lan bisa nggampangake anggone nintingi Tantu Panggelaran. Saka ringkesan iku uga bisa didudut ngenani isine Tantu Panggelaran. Pangripta sajroning ngripta karya sastra iki sacara psikologis dheweke mapanake pikirane ana ing jaman kawuri nalika tanah Jawa saisine lagi wae diciptakake. Bathara Guru minangka paraga utama digambarake minangka dewa kang paling dhuwur drajat saha ngelmune. Minangka dewa kang paling pinter Bathara Guru banjur ngedegake mandala-mandala. Tantu Panggelaran uga akeh nyritakake ngenani mandala amarga pangriptane dhewe uga urip ing sawijining mandala. Dadi lingkungane pngripta uga mahanani tumrap karya sastra kang diripta.
2. Maneka Unsur Kabudayan Tantu Panggelaran
Unsur kabudayan kang tinulis ing irah-irahan perangan andharan kang kapindho ing ndhuwur kang dikarepake yaiku, unsuring kabudayan cundhuk karo ancangan mitopoik kang wis tinulis ing purwakaning atur. Unsur-unsur kabudayan manut ancangan mitopoik yaiku sejarah, sosiologi, antropologi, agama, filsafat lan kesenian. Nanging unsur-unsur kasebut sawise ditintingi siji mbaka siji banjur digoleki maknane kang asipat tunggal. Kanggo ngonceki unsur kabudayan iku bakal digunakake metode analisis isi kang asipat penafsiran. Sabanjure unsur kabudayan ing ndhuwur kang ana sanjerone Tantu Panggelaran bakal dijlentrehake ing ngisor iki.
a. Unsur Sejarah
Unsur sejarah Tantu Panggelaran bisa kita deleng saka ringkesan crita ing bab sadurunge. Ing kono nyritakake maneka warna kedadean sejarah senajan mung asipat fiksi. Kedadean sejarah iku ing antarane ngenani asal-usule manungsa ana ing ndonya, kahanane tanah Jawa ing jaman kawuri, anane kedadean-kedadean ing ndonya kaya anane lindhu, asale pari, lan legenda-legenda ngenani panggonan-panggonan ing tanah Jawa. Salah siji saka bukti anane sejarah ing Tantu Panggelaran bisa dideleng ing cuplikan ngisor iki.
“....motus ta sira ri Sang Hyang Brahma Wisnu magawe manus. Ndah tan wihang hyang Brahma Wisnu magawe tasira manungsa. Lmah kineelkepelnira ginawenira manusa lituhayu paripurna kadi rupaning dewata....”
Tegese:
“...dheweke (Bathara Guru) ngutus Sang Hyang BrahmaWisnu nggawe manungsa. Brahma Wisnu banjur nggawe manungsa. Lemah dikepeli, dibentuk kaya dene manungsa, apik sampurna kaya dewa.
Saka cuplikan ing ndhuwur bisa dideleng menawa ing jaman biyen sing gawe ada-ada supaya nyipta manungsa iku Bathara Guru. Sing nggawe bathara Brahma lan Wisnu. Anggone nggawe saka lemah kang dikepeli. Manungsa-manungsa iku digawe sampurna kaya rupane para dewata. Dadi miturut naskah iki biyen manungsa iku digawe saka lemah kang dikepeli. Saka cuplikan ing ndhuwur bisa uga didudut menawa adhedhasar Tantu Panggelaram rupane dewa iku padha karo manungsa.
b. Unsur Sosiologi
Kang dikarepake unsur sosiologi ing kene yaiku unsur nengenake menawa karya sastra iku duweke masyarakat utawa bebrayan ora mung mligi hake pengarang. Bisa diarani kaya mangkono amarga karaya sastra iku diciptakake dening pengarang kang uga peranganing bebrayan. Sajroning nyiptakake karya sastrane pengarang njupuk maneka warna kedadean kang ana ing alaming bebrayan banjur dilebokake ana sajroning sastra. Sabanjure karya sastra iku uga digunakake dening bebrayan.
Unsur psikologi ing Tantu Panggelaran raket banget sesambungane karo anane mandala. Mandala minangka panggonan panggulawenthahe agama Hindu uga dadi alaming bebrayan kang saben dina dirasakake dening pangripta. Saliyane iku mandala uga aweh pengaruh kang gedhe banget tumrape Tantu Panggelaran. Kabeh iku bisa dideleng ana njerone naskah Tantu Panggelaran ing kono mandala iku dicritakake minangka panggonan kanggo sinau ngudi kabecikan. Ing Tantu Panggelaran uga dicritakake menawa mandala iku kawitane diciptakake dening Bethara Guru. Bethara Guru ing kene dicritakake minangka dewa kang paling dhuwur tatarane, paling luhur drajate lan dewa kang paling diajeni saha diwedeni. Mula bisa didudut yen mandala panggonan gaweyane Bethara Guru iku uga panggonan kang apik, panggonan kang luhur drajate lan isine ing kono wong-wong kang patut diajeni.
c. Unsur Antropologi
Unsur antropologi ana ing Tantu Panggelaran kang dikarepake yaiku dudu antropologi sajrone sastra iku nanging antropologi saka sastra iku dhewe. Lan ing kene kang dadi objek utama saka unsur antropologise yaiku unsur basa. Basa kang dinggo pengarang kanggo ngejawantahake maksude pancen basa kang endah nanging uga mbutuhake ketrampilan khusus kanggon bisa maca lan mangerteni basa kang dianggo dening pangripta. Apa maneh yen basane dibandingake karo karya sastra jaman saiki, mesthi bakalan adoh banget bedane.
Jejere minangka karya sastra jaman sastra Jawa pertengahan mesthi wae Ta ntu Panggelaran nggunakake basa Jawa pertengahan. Yen diwawas mawa pamawas antropologis basa Jawa pertengahan kang dinggo pangripta ing Tantu Panggelaran iku mujudake bentuk arkais karya sastra. Arkais dhewe nduweni teges saka wektu jaman kawuri lan wis ora dinggo maneh utawa uga bisa ditegesi samubarang kang nduweni titikan kuno lan antik. Dadi kang dimaksud basa Jawa pertengahan iku bentuk arkais cethane yaiku basa Jawa pertengahann iku saiki wis ora tau dinggo ana ing karya sastra jaman saiki. Umume karya sastra jaman saiki nggunakake basa Jawa jaman saiki. Basa Jawa pertengahan uga nduweni titikan antik lan kuno, dadi nalika ana sawijining karya sastra kang nganggo basa Jawa pertengahan sing maca mesthi tuwuh pangirane yen karya sastra kasebut karya sastra kuna.
d. Unsur Psikologi
Psikologi dibedakake dadi telu yaiku psikologi pengarang, karya sastra lan uga pamaca saka karya sastra iku dhewe. Saka telung perangan ngenani unsur psikologi iku kang bakal dijlentrehake ing kene mung psikologine pengarang lan psikologi karya sastra. Amarga kanggo meruhi psikologine para pamaca kudu dianakake observasi kang luwih jeru menyang para pamaose Tantu Panggelaran. Apa maneh saiki Tantun Panggelaran minangka karya sastra jaman Jawa pertengahan wis arang banget diwaca yen ora kanggo kawigaten tartamtu utamane ing bidang akademik.
Sajrone ngripta karya sastrane pangripta nggunakake pamikiran ngenani wektu-wektu kapungkur kang sejatine pangripta dhewe ora melu mrangguli nanging kanthi pamikirane bisa melu ngrasakake lan dicundhukake karo kahanan jaman saiki. Pangripta Tantu Panggelaran uga nggunakake mitos-mitos sajroning karya sastrane kaya asal-usule manungsa, ngadege kraton utawa kerajaan ing tanah Jawa lan uga diboyonge gunung Mandragiri utawa Mahameru saka India menyang tanah Jawa kanggo mathoki tanah Jawa. Mitologi kasebut minangka bukti yen karya sastra iku ana saka pamikirane pengarang sajroning kahanan ora sadar banjur diwujudake dadi karya sastra jroning kahanan sadar. Pangripta Tantu Panggelaran sacara ora sadar mbandhangake pamikirane menyang jaman kawuri nalika manungsa digawe, para dewa tumurun menyang bumi lan sateruse. Kabeh iku mau banjur diwujudake jroning naskah Tantu Panggelaran.
Sajrone Tantu Panggelaran dhewe minangka karya sastra jaman pertengahan kang paragane para dewa ora aweh gejala-gejala psikologi kang onja. Paraga kang para dewa digambarake minangka wewujudan sampurna. Semono uga Bethara Guru minangka paraga utama ing Tantu Panggelaran. Nanging ing Tantu Panggelaran dewa-dewa kadhang kala isih digambarake kaya dene panggambare manungsa. Tuladhane kaya nesune Dewi Uma kang njalari wurunge anggone nggawe tlaga Bethara Guru.
e. Unsur Agama
Unsur agama kang kinandhut ing Tantu Panggelaran kang dikarepake yaiku unsur-unsur agama Hindu. Unsur agama Hindu bisa dideleng ing kawitane naskah yaiku anane tetembungan “avigham astu” kang tegese muga-muga ora ana alangan. Tetembungan kasebut biasane dikandhakake dening para penganut agama Hindu. Saliyane iku unsur-unsur agama Hindu uga kenthel banget tinemu ing isine naskah.
Unsur kang kapisan yaiku anane dewa-dewa kang digambarake kala semana bisa medhun menyang arcapada aweh tetulung marang manungsa. Saliyane iku uga anane mandala-mandala kang disebutake minangka mandala gaweyane bethara Guru. Kaya kang kita ngerteni menawa mandala iku panggonan kanggo sinau agama Hindu. Lan anane wiku-wiku ing crita Tantu Panggelaran uga minangka tandha menawa Tantu Panggelaran ditulis ana ing lingkungan Hindu. Amarga wiku iku minangka pengarepe agama Hindu.
f. Unsur Filsafat
Pancen angel nggoleki unsur filsafat saka sawijining karya sastra. Nanging sejatine Tantu Panggelaran ngandhut pamikiran-pamikiran filasafat kang jero banget. Tantu Panggelaran isih antuk pangaribawane filsafat India kang biasane isih ana sambung rapete klawan agama, mligine agama Hindu. Apa maneh ing wektu Tantu Panggelaran ditulis pengaruh Hindu isih kuat banget. Tantu Panggelaran uga ditulis ing mandala lan mandala iku minangka papan pasinaon agama Hindu.
Simbolisasi filasafat India kang diregem dening pangritane uga bisa diwawas saka anane crita diboyonge gunung Mandragiri saka India menyang tanah Jawa. Gunung Mahameru gunung kang digambarake paling dhuwur saIndia minangka pralambang kabudayan India kang dianggep dhuwur banget tatarane. Nanging minangka wong pribumi pangripta uga aweh pambeda karo kabudayan ing India. Pambeda kasebut yaiku Bethara Guru dianggep minangka bapake para dewa kang ngayomi para dewa lan manungsa. Nanging ing India Bethara Guru kang uga dewa Siwa dadi dewa kang nduweni jejibahan ngrusak alam ndonya.
g. Unsur Kesenian
Karya sastra iku seni. Ukara ing ngarep bisa didadekake pathokan kanggo ngudhal sastra minangka kesenian. Sastra iku sawijining seni kang nggunakake basa minangka mediane. Semono uga Tantu Panggelaran minangka sawijining karya seni kang diripta kanthi kebak rasa kaendahan dening pengarange. Kanthi media basa pangripta ngronce pamikirane kang sipate fiktif ing antarane ngenani dumadine manungsa, diboyonge gunung Mandragiri saka India menyang tanah Jawa, para dewa medhun menyang arcapada lan nggulawenthah manungsa supaya uripe bisa nemoni kamulyan lan sapinunggalane.
Saliyane Tantu Panggelaran dhewe minangka wujud seni sajrone crita Tantu Panggelaran uga nggunakake unsur kesenian ing critane. Ing bab kaenem Tantu Panggelaran dicritakake Bethara Guru nyabda awake dhewe dadi raseksa Kalarudraka kanggo ngimbangi krodhane Bethari Durga. Nalika medhun menyang arcapada Kalarudraka nggulawenthah para dewa lan widodari kanthi pentas wayang. Pentas wayang ing kene ateges seni kasebut digunakake kanggo sarana panggulawenthah. Bethara Guru kang jejere minangka dewa uga isih nggunakake seni kanggo sarana panggulawenthahe.
C. PANUTUP
Tantu Panggelaran iku sawijining karya sastra saka periode sastra Jawa pertengahan kang kebak maneka warna unsur-unsur kasusastran kang narik kawigaten. Basa kang digunakake basa Jawa pertengahan. Basa Jawa pertengahan dhewe bisa diarani unsur arkais kang ing jaman saiki wis ora tau ditemoni sajroning pangriptane karya sastra gagrag modern iki. Tantu Panggelaran minangka ngandhut nilai filsafat India kang wektu iku ngrembaka ing tanah Jawa. Nanging minangka karya sastra pribumi Tantu Panggelaran uga nduweni cirine dhewe. Sajrone Tantu Panggelaran uga nggambarake kahanane bebrayan jaman semana mligine bebrayan mandala. Ringkese Tantu Panggelaran minangka karya sastra fiksi sejarah kang ana minangka pantulan kajiwane pangripta kang diwujudake dadi sastra. Tantu Panggelaran uga minangka karya seni lan uga karya religius saka pengarange.
KAPUSTAKAN
BlogSpot.com/wacana nusantara diakses pada 12 Mei 2011
Endraswara, Suwardi. 2003. Metodologi Penelitian Sastra Epistemologi Model Teori dan Aplikasinya. Pustaka Widyatama: Yogyakarta
Nurgiyantoro, Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Gadjah Mada University Press: Yogyakarta
Ratna, Nyoman Kutha. 2004. Teori, Metode, dan Teknik Penelitian Sastra dari Strukturalisme hingga Postrukturalisme Perspektif Wacana Naratif. Pustaka Pelajar:Yogyakarta
Sastra-Indonesia.com diakses pada 12 Mei 2011
Wikipedia.com diakses pada 12 Mei 2011
Wordpress.com/skip conover diakses pada 12 Mei 2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar