
Pak Guru
dening: tangguh h.w.
ngetan ngulon nyangking buku
ora kaya aku
mung sangu kertas lencu
ngalor ngidul ngudhal gunem
sing ngrungokke
ongklak-angklik karo ndhekem
dhuwite sakanthong
tumpakane mobil kinclong
entuk sertifikasi
bayare sapethi
yen meri
kudu wani
wani adol lemah
wani adol sawah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar