Guncangan Jiwane Bu Hermin ing crita Cekak “Bu Hermin”
PURWAKA
Ana ing panguripan iki maneka warna carane manungsa kanggo golek pangupa jiwa. Kanthi cara kang apik, bener lan uga pener tumrape negara lan agama. Nanging uga ora sethithik wong-wong kang milih golek pangupa jiwa liwat dalan kang nyebal saka pranataning bebener. Ana wong-wong kang gawe saraning liyan kanggo makmurake awake dhewe. Bisa kanthi srana nyolong, ngapusi, lan maneka warna panggaweyan ala liyane.
Panggaweyan kang akeh dipengini racake wong saiki yaiku panggaweyan sing nyambut gawene enak, ora kesel nanging bayare akeh. Anggota DPR mujudake salah sawijining panggaweyan kang banget diminati saliyane alasan ing dhuwur dadi anggota DPR uga bisa dadi wong kang kajen keringan ing bebrayan. Mula, akeh wong kang kepingin dadi anggota DPR. Kanthi migunakake maneka warna cara wiwit sing paling apik nganti sing paling elek. Wiwit sing paling kreatif nganti sing paling mboseni.
Cundhuk klawan andharan ing dhuwur cerkak minangka salah sawijining genre sastra uga dadi salah sawijining media kanggo ngrekam kedadeyan ing panguripan saben dina. Ana ing kene kang bakal dionceki yaiku crita cekak “Bu Hermin” anggitane Buddy LW. Crita cekak iki ngaturake paraga Bu Hermin kang stress gara-gara kekarepane dadi anggota legislatif gagar amarga kalah swara nalika pemilihan umum. Buddy LW minangka pengarang pancen baud banget maca kahanan. Kahanan nalika udreg ulenge pemilihan umum banjur diolah lan didadekake sawijining crita kang cukup nengsemake. Senajan yen diwaca crita iki dudu crita kang apik banget.
Ing jagading sastra Jawa minangka pangripta Buddy LW isih kena diarani pangripta anyaran utawa pemula. Kabukten isih durung akeh kepara malah jarang banget penulis mrangguli karya sastra anggitane Buddy LW, mbuh kang arupa crita cekak, geguritan, utawa liyane. Nanging crita cekak iki cukup duweni potensi yen ditintingi nganggo teori psikologi sastra. Adhedasar anggepan, kabeh karya sastra iku mesthi duwe kaluwihan lan kakurangane dhewe. Dadi kabeh karya sastra uga patut dikritik.
Karya sastra iku minangka asil utawa produk pamikiran lan kajiwan saka pengarang kang ana ing kahanan setengah sadar subconcius sawise trawaca lagi dicethakake kanthi sadar conscius. Antarane sadar lan ora mesthi terus angiringi pengarang sajrone ngripta karya sastrane kang mbutuhake daya imajinasi. Dayane karya sastra iku bisa diwawas saka sepira karya sastra iku bisa ngungkapake ekspresi kajiwan kang ora sadar iku ana sajrone karya sastra(Endraswara, 2003:96).
Saka sakehing kanyatan ing dhuwur kanggo nintingi karya sastra banjur ana psikologi sastra minangka alat kanggo ngonceki karya sastra. Dene tegese psikologi sastra iku dhewe yaiku kajian sastra minangka salah sawjining perangane kritik sastra kang mawas karya iku minangka aktivitas kajiwan. Pengarang migunakake cipta, rasa lan karsa sajrone ngripta karya sastra. Semono uga pamaos, sajrone nanggepi karya uga ora bakal uwal saka kajiwane dhewe-dhewe. Kaya dene sosiologi refleksi, psikologi uga nganggep karya sastra iku pantulan kejiwaan. Pangripta nangkep anane gejala kajiwan banjur diolah ana sajrone teks lan dipepaki karo kajiwane pangripta. Proyeksi prastawa-prastawa kang dialami pengarang lan prastawa-prastawa kang ana ing sakupenge pengarang bisa mlebu ana sajrone karya sastra kanthi sengaja lan ora (Endraswara 2003:96).
Rene Wellek lan Austin Warren (dalam Ratna 2004:61) mratelakake patang model ancangan psikologis kang digayutake karo pengarang, proses kreatif, karya sastra, lan pamaose dhewe. Nanging masiya kaya mangkono, ancangan psikologis ana hubungane karo perangan-perangan utama yaiku pangripta, karya sastra, lan pamaos. Kanthi tetimbanganbmenawa ancangan pasikologis luwih akeh gegayutane karo pangripta lan karya sastra iku dhewe. Lan kang bakal ditengenake ana ing tulisan iki yaiku ngenani psikologi karya sastra iku dhewe.
ANDHARAN
Kanggo mangerteni potensi-potensi psikologi sastra ana ing crita cekak “Bu Hermin” ing kene penulis bakal merang dadi pirang bab. Bab-bab kasebut kang nuntun kita menyang cethane ngenani guncangan jiwane Bu Hermin minangka paraga utama ana crita cekak iki. Kang kawitan babagan gangguan jiwane bu Hermin. Sabanjure kahanane bu Hermin ana sajrone crita cekak iku kepriye. Murih cethane ana ing ngisor bakal diandharake
Gangguan Jiwa kang Dialami Paraga Bu Hermin
Kaya kang dimangerteni saka crita cekak “Bu Hermin” digambarake menawa paraga Bu Hermin lagi ngalami lara tumrap jiwane amarga gagar anggone magang dadi anggota legislatif. Amarga ora kuwat nandang lara ati banjur kebanteren anggone mikir. Wusanane dheweke kagoncang pikirane. Bu Hermin banjur ketaman lara pikir lan ora mung sawerna lara pikir wae. Kanggo luwih cethane ing ngisor iki bakal diandharake ngenani lara pikir kang dialami Bu Hermin.
Waham
Waham duweni teges yaiku keyakinan ngenani samubarang isining pikiran sing ora slaras utawa ora cocok karo intelegensi lan latar belakang kabudayane, masiya barang kang ora cocok kasebut dibuktekake (Maramis, 1994:117). Dene gangguan pikir waham dhewe isih bisa kagolong-golongake dadi pirang-pirang werna. Lan waham kang dialami dening parga Bu Hermin kagolong waham kejaran. Tegese gangguan kajiwan kanthi tandha umpamane pasien yakin menawa ana pawongan utawa komplotan kang lagi nganggu dheweke utawa ngrumangsani yen dheweke lagi diapusi, dimata-matai, utawa pialane diomongake wong akeh (Maramis, 1994:117).
Supaya luwih genahe penulis uga bakal njlentrehake tandha-tandhane wong waham sacara subyektif lan obyektif. Sacara subyektif utawa kang dirasakake dhewe dening pasien kang lagi kena gangguan pikir waham yaiku ngrasa curiga, ngrasa cemburu, ngrasa diancam utawa diguna-guna, ngrasa kadidene wong kang hebat, ngrasa duweni kakuwatan kang ora ana tandingane, ngrasa lara utawa rusak organ awake, ngrasa yen wis mati. Dene tandha-tandha sacara obyektif utawa kang bisa dideleng wong liya yaiku nesu-nesu tanpa ana sebab kang genah, akeh omonge (loggorhoe), seneng dhewe, sirkumstansial, Inkoheren.
Dheweke rumangsa menawa anggone ora dadi anggota legislatif iku amarga anane manipulasi sajrone pemilihan umum. Kasunyatan kasebut bisa dideleng ana ing perangane crita cekak ana ing ngisor iki.
“Pemilu wingi kudu diambali. Etunge geseh jalaran pancen dijarag dimanipulasi, menipu sesama relasi. Yen perlu diunggahake tekan pengadila internasional.”
Saka cuplikan ing dhuwur genah menawa Bu Hermin isih ngrasa kuciwa karo hasil Pemilu kang wis dianakake. Dheweke rumangsa menawa kabeh kudu dibaleni kanthi pangajab dheweke bisa dadi anggota legislatif.
RPK (Resiko Perilaku Kekerasan)
Saliyane gangguan kajiwan waham Bu Hermin minangka paraga utama ana ing crita cekak iki miturut pamawase penulis uga ngalami kang gangguan kajiwan kang sinebut RPK (Resiko Perilaku Kekerasan). Dene tegese saka RPK dhewe yaiku anane kemungkinan kanggo nglarani wong liya lan ngrusak lingkungan amarga ora bisa ngendaleni kanepsone sacara konstruktif (Pedoman Asuhan Keperawatan Praktek Klinik Keperawatan Jiwa di RSJ daerah Surakarta).
Dene tandha-tandha subyektif saka RPK iku dhewe yaiku. Kandha menawa dheweke tau nglakoni kekerasan, informasi saka kluwarga ngenani tindak kekerasan kang tau dilakoni dening pasien, krungu swara-swara, ngrasa diancam dening wong liya, nganggep wong liya jahat. Lan tandha obyektife yaiku ana tandha kang jelas tingkah laku kekerasan ana ing awake pasien, tegang wektu crita, ngomonge keprungu kasar nalika nyritakake kanepsone. Dene salah siji tuladhane yaiku ana ing cuplikan ngisor iki.
“Mila yen KPU boten ngabulaken usul kula, mugi-mugi kula taksih emut boten mecah utawi ,mlathok mustakanipun para pejabat KPU ingkang minulya”.
Saka cuplikan ing dhuwur genah banget basane Bu Hermin kang kasar banget nganti arep mlathok sirahe para anggota KPU yen pemilihan ora diualang. Cundhuk karo ciri obyektife RPK yaiku ngomonge keprungu kasar nalika nyritakake kanepsone.
Obsesi
Obsesi iku uga salah sawijining jinise gangguan pikir. Gangguan pikir obsesi iki akeh dialami wong-wong jaman saiki, amarga kagawa saka gumebyare jaman. Dene tegese obsesi yaiku tuwuhing pikiran kang puguh (persisten) senajan dingerteni utawa ora dimangerteni yen apa kang ana pikirane iku ora wajar lan ora mungkin. Cethane obsesi iku tuwuh nalika sawijining pawongan nduweni pepenginan marang samubarang. Pawongan iku tansah ngupaya kepriye carane bisa oleh apa kang dadi pepenginane kasebut.
Kasunyatan ing ndhuwur uga dialami dening paraga Bu Hermin. Dheweke tansah ngupaya kepriya carane bisa dadi anggota legislatif. Nganti Bu Hermin kaguncang pikirane, banjur mlebu menyang Rumah Sakit Jiwa. Cethane ana ing cuplikan ing ngisor iki.
Aku ora bakal kendho merjuwangake nasib wanita, don’t worry okey? Quota telung puluh persen jatah anggota legislatip wanita, aja nganti mung kanggo kembang lambe. Pemilu wingi kudu diambali.
Adhedhasar cuplikan saperangan crita cekak ing ndhuwur cetha yen Bu Hermin iku kepengin banget dadi anggota legislatif. Dheweke sulap meruhi gumebyare panggung politik. Dheweke uga kepengin melu nempil kamulyan dadi anggota legislatif. Saking bantere anggone mikir Bu Hermin nganti mlebu menyang Rumah Sakit Jiwa. Nanging, senajan wis ana Rumah Sakit Jiwa Bu Hermin tetep puguh tekade kepingin dadi anggota legislatif. Ing kene bisa dimangerteni menawa obsesine Bu Hermin kanggo dadi anggota laegislatif iku gedhe banget.
Kuciwa
Kuciwa uga kerep diprangguli ing panguripan saben dina. Kuciwa dadi salah sawijining gangguan pikir kang kerep dialami manungsa. Yen ditilik saka tembunge kuciwa iku tegese cilik atine utawa ora marem (amarga ora keturutan kepenginane, lsp.). Yen ketaman rasa kuciwa iki bisa nyebabake sawijining pawongan iku ngrasa pegel utawa ora seneng menyang kahanan kang ana. Dheweke rumangsa ana kedadean-kedadean sing ora bener kang mitunani tumrap pawongan kasebut. Sejatine kuciwa iku bisa dilebokake ana sajerone waham. Nanging amarga rasa kuciwa ing crita cekak iki uga gedhe banget pangaribawane, mula diandharake sacara mirunggan ing kene.
Bu Hermin uga ngalami gangguan pikir kuciwa kaya ing ndhuwur. Bu Hermin rumangsa ora marem marang anane pemilu. Dheweke rumangsa ana pihak kang sengaja ngupaya dheweke supaya kalah. Perkara iku katon banget ana ing cuplikan ngisor iki.
Pemilu wingi kudu diambali. Etunge geseh jalaran pancen dijarag dimanipulasi.
Saka cuplikan ing ndhuwur genah menawa Bu Hermin durung trima marang kasunyatan yen dheweke iku ora bisa dadi anggota legislatif. Dheweke nyalahake wong liya kang dianggep tumindak curang menyang dheweke.
Kahanane Paraga Bu Hermin minangka Paraga Utama lan Paraga-paraga liyane
Bu Hermin minangka paraga utama ana crita cekak kang irah-irahane uga Bu Hermin. Penulis bisa ngarani menawa Bu Hermin iku paraga utama amarga dheweke duweni peran kang wigati banget murih crita bisa lumaku. Lan perkara liyane kang nyengkuyung Bu Hermin dadi paraga utama yaiku paraga Bu Hermin tansah dadi punjere perkara kang ana cerkak Bu Hermin. Ana crita cekak Bu Hermin kang njupuk latar tunggal ana Rumah Sakit Jiwa iki, wiwit purwa, madya nganti wasanane kang dicritakake ya mung Bu Hermin.
Kaya kang wis tinulis ana ing bab sadurunge menawa paraga Bu Hermin ngalami gangguan pikir kang ing donyaning penyakit kajiwan diarani waham lan RPK (Resiko Perilaku Kekerasan). Kasunyatan ngenani perkara kasebut akeh banget tinemu sajrone crita cekak “Bu Hermin” iki. Salah siji tuladhane ana ing ngisor iki.
“KPU mugi boten cidra janji, tembusan kula kintun dhateng Pak SBY. Pemilu wilayah ngriki kedah dipunambali., harus diulang. Sing ora jujur kudu mundur, aja nganti rakyat TR-TR RKS.”
.................
“Terus-terusan rekasa. Kula saged ngesutake rakyat jelata, sak Indonesia, tanpa kekerasan. Hidup Indonesia!”
Tuladha ana dhuwur minangka menawa paraga Bu Hermin pancen nyata-nyata ngalami gangguan pikir waham. Solah bawane Bu Hermin kaya kang kagambar ana cuplikan dhuwur nuduhake salah sijining tandha subyektif gangguan pikir waham yaiku Bu Hermin ngrasa dheweke minangka salah sawijining wong kang hebat.
Kasunyatan sabanjure yaiku kang mbuktekake menawa Bu Hermin iku wong kang uga ngalami gangguan pikir RPK (Resiko Perilaku Kekerasan). Kasunyatan kasebut uga bisa dideleng ana ing cuplikan salah siji perangane crita ana ing ngisor iki.
Uba rampe kamar VIP 15 iku kabeh ginawe sarwa plastik, tivi dikurung teralis alumunium. Yen ora, samangsa-mangsa kabeh bisa remuk bubuk. Samangsa Bu Hermin sing katon waras-wiris, yen angot judhege, samibarang sing cedhak dibanting utawa dibandhem tanpa petung. Anehe Bu Hermin iki.
“Inggih Jeng, celathune marang dr. Savitri, kula piyambak yen ngleresi memeng, bingung, jampine sanes obat mumet, naming kepengin ngrisak lan mbanting menapa kemawon ingkang ngleresi kula cepeng.”
Perangane crita kang tinulis ana ing dhuwur nuduhake menawa Bu Hermin pancen ngalami gangguan pikir RPK (Resiko Perilaku Kekerasan) kanthi tandha subyektife yaiku kandha menawa dheweke pancen tau nglakoni tumindak kang ana gandheng cenenge karo kekerasan.
Kasunyatan kang mbuktekake menawa Bu Hermin nandang gangguan jiwa obsesi uga tinemu ana sajrone crita cekak iki. Kasunyatan-kasunyatan kasebut ing antarane kaya kang ing cuplikan ngisor iki.
Kula saged ngesutake rakyat jelata, sak Indonesia, tanpa kekerasan. Hidup Indonesia!”
Saka cuplikan ingh ndhuwur genah menawa bu Hermin iku gedhe banget pangarep-arepe dadi anggota legislatif. Malah wis wani ngumbar janji wani ngesutake rakyat jelata saIndonesia. Kamangka dheweke dhewe isih ana Rumah Sakit Jiwa, sing tegese isih lara pikire kok arep mikirake nasibe wong liya. Saliyane ing ndhuwur isih bukti liyane ing cuplikan ngisor iki yaiku.
Yen perlu diunggahake nganti tekan pengadilan internasional
.................
Mila yen KPU boten ngabulaken usul kula, mugi-mugi kula taksih emut boten mecah utawi ,mlathok mustakanipun para pejabat KPU ingkang minulya”.
Ing cuplikan iku cetha menawa Bu Hermin ngupaya nganggo maneka warna cara kanggo mujudake gegayuhane. Nganti wani arep mlathok mustakane anggota KPU barang. Kang ateges cara kang ala uga bakal dilakoni dening Bu Hermin kanggo nggayuh pepenginane.
Saliyane gangguan kajiwan lan pikir ing ndhuwur Bu Hermin uga isih nandang gangguan pikir liyane yaiku kuciwa. Rasa kuciwane Bu Hermin ana ing crita cekak iki kayon ana ing cuplikan ngisor iki.
Pemilu wingi kudu diambali. Etunge geseh jalaran pancen dijarag dimanipulasi.
............
Sing ora jujur kudu mundur.......
Ana cuplikan ing ndhuwur katon banget menawa ana rasa kurang marem ing batin lan pikire Bu Hermin nganti bisa kawetu ukara kang kaya mangkono. Rasa kurang marem iku uga perangane saka kuciwa. Dadi Bu Hermin tetep durung bisa trima yen dheweke durung dadi anggota legislatif.
Wosing saka crita cekak iki menawa Bu Hermin iku pawongan kang kaguncang batine gara-gara kekarepane dadi anggota legislatif jugar, ambyar dadi sawalang-walang. Para pamaos crita cekak iki mesthi langsung ngerteni utawa paling ora wis bisa ngira-ira menawa kang bakal dicritakake ana sesambungane karo wong kang lagi lara pikire. Perkara iki bisa dideleng ana purwaning carita pangripta sacara genah trawaca nggambarake setting ana Rumah Sakit Jiwa. Swasana kasebut kagambarake kaya cuplikan ana ing ngisor iki.
Jam Sepuluh awan ing emperan ngarep kamar VIP 15 Pavilyun Lestari Rumah Sakit Jiwa Pusat Dr. Tendean .
Saka cuplikaning crita ing dhuwur genah menawa latar kang dijupuk pengarang iku ana Rumah Sakit Jiwa kaya apa kang wis ditulis pengarang ana dhuwur. Yen miturute pengarang gaya crita kang kaya ngono iku pancen bisa menehi katrangan kang trawaca tumrape para pamaos. Nanging kurang apik yen dirasakake utawane cethane kurang endah. Biasane pangripta-pangripta kang wis pinunjul ora perlu njlentrehake sacara blak-blakan detail critane nanging cukup aweh sasmita marang pamaos supaya diterjemahake dhewe dening para pamaos.
Saliyane iku miturut pamawase penulis crita cekak iki cukup gawe bosene para pamaos. Amarga crita sadawane crita cekak iki kang dadi punjere mung saparaga, ana ing latar lan swasana kang padha wiwit purawakaning crita nganti pungkasaning crita. Pancen sajrone crita cekak iki ana paraga para dokter kang ngayahi jejibahan, Jeng Anisah nanging paraga-paraga mau rinasa kurang urip ana ing crita. Panyengkuyunge tumrap crita isih kurang digarap kanthi becik dening pangripta. Ana pungkasaning crita pancen ana paraga Sumitra Kusuma SH, kang miturute penulis diajab pengarang bisa menehi surprise marang para pamaos. Nanging nyatane ora ana surprise kasebut penulis kang uga minangka pamaca crita cekak iki kurang bisa nangkep karepe pangripta kang nglairake paraga Sumitra Kusuma SH, ana pungkasaning crita.
Lan rada amba sithik menyang plot. Kang disajekake dening pengarang mung plot lurus utawa progresif sing anggone ngracik isih prasaja wae kurang narik kawigatene para pamaos. Dadi lakune crita iki krasa banget yen ampang ora ana bobote. Dakkira para pamaos liya kang wis nate maca crita cekak iki uga ngrasakake perkara kang padha karo apa kang dirasakake dening penulis.
PANUTUP
Crita cekak Bu Hermin iki minangka panuduh tumrape para pamaose menawa gumebyare panggung politik mligine legislatif iku gedhe banget pangaribawane tumrape bebrayan. Akeh wong kang kepincut banjur reka-reka melu magang caleg. Semono uga crita cekak iki uga salah sawijining akibat saka gumebyare panggung politik kasebut. Gumebyare panggung politik banjur nuwuhake gagasan marang pangriptane crita cekak iki. Pangripta kang banjur ngrekam kasunyatan-kasunyatan nalika pemilu menyang crita cekak iki.
Crita cekak “Bu Hermin” pancen salah sawijining crita kang diripta dening pangripta kang durung pati kasuwur jenenge. Lan katone sajrone ngripta carita uga isih ana ing tahap utawa tataran pemula. Dadi crita Bu Hermin kang dianggit dening Buddy LW iki isih krasa prasaja banget. Tanpa ana maksud ngiwakake Buddy LW minangka pangripta miturut penulis crita cekak iki isih akeh banget kurange kang perlu didandani. Nanging kaya kang wis tinulis ing purwakaning atur kabeh karya sastra iku tetep duweni potensi kanggo kritik. Apa maneh crita Bu Hermin iki menawa ditintingi nganggo teori psikologi sastra.
Kahanane Bu hermin ing dhuwur kang didadekake tintingan kang utama. Kahanan psikologine paraga utama Bu Hermin bisa makili kahanan psikologine karya sastra iki. Amarga paraga-paraga liyane rinasa kurang urip sajrone crita cekak iki. Bu Hermin nandang gangguan kajiwan kang dening ilmu kedokteran Jiwa diarani waham lan RPK (Resiko Perilaku Kekerasan ).
Miturut pambijine penulis crita cekak iki isih akeh kurange yaiku ana ing bab crita kabiji kurang muyeg. Lan kurang bisa nggawa pamaos sajrone crita cekak iki. Latar uga migunakake latar tunggal kang kabiji mboseni. Lan crita mung munjer ana salah siji paraga kang ndadekake paraga liya kurang urip lan kaya-kaya mung dianggo ganep-ganep tinimbang ora ana. Nanging kaluwihane yaiku crita cekak iki bisa cocog karo kahanan yaiku nalika sawise Pemilu. Padha karo crita kang ana sajrone crita cekak.
KAPUSTAKAN
Mahayana, Maman. Antara-sastra-dan-psikologi-sastra-ii.html diakses pada 18 Oktober 2010
Endraswara, Suwardi. 2003. Metodologi Penelitian Sastra Epistemologi Model Teori dan Aplikasinya. Pustaka Widyatama: Yogyakarta
Maramis, W.E.1994. Ilmu Kedokteran Jiwa. Airlangga University Press:Surabaya
Nurgiyantoro, Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Gadjah Mada University Press: Yogyakarta
Pemerintah Propinsi Jawa Tengah Rumah Sakit Jiwa Daerah Surakarta. Pedoman Asuhan Keperawatan Praktek Klinik Keperawatan Jiwa di Rumah Sakit Jiwa Daerah Surakarta. Tidak diterbitkan.
Pradopo, Rachmat Joko. 1997. Prinsip-prinsip Kritik Sastra Teori dan Penerapannya. Gadjah Mada University Press:Yogyakarta
Ratna, Nyoman Kutha. 2004. Teori, Metode, dan Teknik Penelitian Sastra dari Strukturalisme hingga Postrukturalisme Perspektif Wacana Naratif. Pustaka Pelajar:Yogyakarta
Rosidi, Imron. Sastra-Indonesia.com>>KRITIK PSIKOLOGI TELAAH EMPAT SASARAN.htm diakses pada 18 Oktober 2010
Tidak ada komentar:
Posting Komentar