Purwaka
Wawasan Ngenani Topik
Radio bibit kawite ana minangka sarana komunikasi. Amarga jaman biyen ora ana maneka warna sarana kang sarwa jangkep kaya saiki. Yen saiki wis ana telpon, radio, handphone, internet lan sapinunggalane. Beda banget nalika biyen wektu jaman sadurunge indonesia mardika mung ana radio kanggo mbiwarakake sakehing pawarta menyang bebrayan agung. Ngono wae sing duwe radio mung wong sithik banget biasane wong-wong kang kagolong sugih.
Kahanane beda banget karo saiki. Kagawa saka owah gingsiring jaman kang ngudokake tandange manungsa iku rikat amarga yen ora bakal kepancal sepur kalah karo manungsa liyane. Radio wis ora dadi barang kang mewah maneh. Radio uga wis ora dadi barang kang penting maneh sajrone proses komunikasi. Amarga radio rinasa kurang efisien sajrone proses komunikasi. Jalaran radio mono mung bisa dadi sarana komunikasi searah ora bisa timbalk balik kaya piranti komunikasi liyane.Gunane radio saiki malih dadi sarana hiburan kang utama. Amarga liwat radio kita bisa ngrungokake maneka warna lelagon lan kadhang kala uga ana kang nggiyarake wayang kulit sawengi natas. Saliyane iku radio uga dadi sarana informasi tumrape bebrayan agung. Yaiku kanthi liwat adicara brita-brita lan uga maneka warna dialog lan talkshow.
Mula saka iku penulis aweh dhudhutan ana radio mesthi ana maneka warna basa kang beda saben radio lan duweni cirine dhewe-dhewe. Penulis uga rumangsa menawa ana radio iku akeh bahan-bahan kang bisa ditintingi sacara analisis wacana. Dene analisis wacana dhewe ngemu teges yaiku analisis wacana minangka salah sawijining cabang ilmu basa kang dirembakake kanggo nganalisis unit basa kang luwih kompleks tinimbang ukara. Ing sajroning proses nganalisis wacana ora bisa uwal saka cabang ilmu basa liyane. Tuladhane semantik, sintaksis, fonologi lan sapanunggalane. Nanging analisis wacana iki nduweni kaunikan kang ora diduweni dening cabang ilmu basa liyane. Utawa teges liya kang luwih cendhak lan gampang diamgerteni yaiku analisis wacana minangka proses kanggo ndhudah maksud kang kinandhut utawa malah bisa siningit sajrone ujaran-ujaran kang kawetu saka objek penelitian.
Dene wacana yaiku satuan basa kang paling lengkap. Amarga ing sajroning wacana iku bisa wae direalisasekake ing wujud karangan kang wutuh, paragrap, ukara, tembung kang ngemot amanat kang lengkap. Amarga ing radio akeh banget basa-basa kang duweni ciri kang mbedakake saben radio kaya kang wis tinulis ing dhuwur. Lan samesthine basa-basa iku bakal nyawiji dadi wacana kang wutuh ngandhut amanat-amanat kang lengkap ing jerone. Masiya, ora bisa dideleng wujud arupa tembung, ukara lan paragrafenanging tetep bisa dirasakakake lan dimangerteni surasane. Mula saka iku penulis njupuk radio minangka objek penelitian analisis wacana iki.
Saka saithik radio kang isih nggiyarake adicara-adicara mawa basa Jawa penulis milih ana radio MTB Fm. Mligine ana adicara “Mangga Tresna Budaya”. Penulis milih radio MTB Fm amarga basa Jawa kang dianggo dening para penyiar MTB Fm iku isih kalebu baku yen kabandhingake karo saperangan radio kang uga nganakake giyaran nganggo basa Jawa. Ana ing radio liya kang ora prelu disebutake jenenge iku basa Jawane kacampur-campur karo basa Jawa dialek Surabayan kang angel diamangerteni penulis sing dudu wong Surabaya asli.
Ana ing kene penulis bakal nintingi maneka warna basa kang ana ing giyaran “Mangga Tresna Budaya” radio MTB Fm diwawas saka tindak tuture. Tindak tutur kang dimaksud yaiku tindak lokusi, tindak ilokusi, lan tindak perlokusi. Mula makalah iki bakal diwenehi judul “Tindak Tutur Lokusi, Ilokusi lan Perlokusi ana ing Giyaran “Mangga Tresna Budaya” Radio MTB Fm Surabaya”. Kang dianggep wis makili isine saka makalah iki. Lan adhedasar saka kabeh kasunyatan ing dhuwur makalah iki digawe.
Punjering Panaliten
Panaliten iki kapunjerake menyang perangan-perangan kang gegayutan karo kasunyatan ngenani topik ing ndhuwur. Ing antarane yaiku.
Apa tegese tindak tutur lokusi, ilokusi lan perlokusi?
Apa wujud tindak tutur lokusi, ilokusi lan perlokusi ana giyaran “Mangga Tresna Budaya”?
Tujuwan Panaliten
Mangerteni tegese tindak tutur lokusi, ilokusi lan perlokusi.
Mangerteni tindak tutur lokusi, ilokusi lan perlokusi kang ana ing giyaran “Mangga Tresna Budaya”.
Andharan
Tegese Tindak Tutur Lokusi, Ilokusi lan Perlokusi
Miturut Searle (dalam Wijana 1996:17) kang dikutip saka bukune Speech Acts: An Essay in The Philoshophy of Language mratelakake menawa sacara pragamatis saora-orane ana telung jinis tindakan kang bisa dilakoni utawa diwujudake dening salah sawijining penutur, yaiku tindak lokusi (locutionary act), tindak ilokusi (ilocutionary act) lan tindak perlokusi (perlucotionary act). Dene teges siji lan sijine bakal diandharake ana ing ngisor iki.
Tindak Lokusi
Tindak lokusi yaiku tindak tutur kanggo nyatakake samubarang. Tindak tutur iki sinebut minangka The Act of Saying Something. Tuladhane ana ukara-ukara ing ngisor iki.
Kucingku telu cacahe
Aku mahasiswa Unesa
Jurusan bahasa Daerah suk tanggal 25 Nopember 2010 nganakake kegiatan kanggo mengeti madege jurusan bahasa Daerah, salah sawijining kegiatan yaiku lomba campursari sa-Jawa Timur kang pesertane siswa saka tataran SMA, MA lan SMK.
Saka tuladha-tuladha ing dhuwur bisa kita luwih mangerteni sacara gamblang ngenani tindak tutur lokusi. Ana ing wacana 1 lan 2 kang diujarake dening penuture mung kanggo menehi weruh marang mitra tuture tanpa ana tujuwan kanggo nglakoni samubarang, apa maneh kanggo mengaruhi mitra tuture supaya nglakoni samubarang panggaweyan. Informasi kang diujarake dening penutur yaiku ndudohake cacahe kucinge, ana ngendi omahe, lan menawa dheweke iku mahasiswa Unesa. Kaya dene kang ana ing tuladha nomer 4 kang diujarake yaiku nginformasekake samubarang utawa menehi wara-wara kanggo wong liya menawa ana kegiatan kanggo mengeti madege jurusan bahasa Daerah lan kaping pindhone yaiku menehi wara-wara menawa Pak Pranoto arep duwe gawe gedhen yaiku mantu anake mbarep. Ana ing kene pancen bisa wae ana daya ilokusi lan perlokusi sajrone wacana. Nanging, ing kene daya lokusi dianggep luwih dominan lan onja tinimbang daya tindak tutur liyane.
Yen diwawas sacara tliti konsep,lokusi iku konsep kang gegayutan karo proposisi ukara. Ukara utawa tuturan dideleng minangka samubrang kang nyawiji kang asale saka rong perkara yaiku subyek/topik lan predikat/comment. Sabanjure tindak lokusi yaiku tindak tutur kanh dianggep paling gampang diidentifikasi amarga sajrone proses identifikasine dilakoni tanpa konteks tuturan kang arupa situasi tutur. Miturut Parker (dalam Wijana 1996:18) perspektif pragmatik tindak lokusi sejatine ora utawa kurang penting perane kanggo mahami tindak tutur.
Tindak Ilokusi
Salah sawijining tuturan saliyane migunani kanggo menahi weruh utawa nginformasekake samubarang, uga kena kanggo nglakoni samubarang. Yen apa kang wis tinulis iku kedadean, tindak tuture bisa diarani tindak ilokusi. Tindak ilokusi sinebut minangka The Act of Doing Something. Ukara-ukara ing ngisor iki tuladhane ora mung kanggo ndudohake samubrang menyang mitra tuture nanging nglakoni samubarang kanthi sarat situasi tuture uga diwawasa sacara tliti.
Ana jero omah kene panas
Dalane lunyu lho.
Ukara nomer 1 yen diucapake tamu menyang sing duwe omah bisa ateges ngongkon supaya cendelane dibukak, ngempakake kipas angin utawa AC lan bisa uga ngejak ngalih saka jero omah kono. Ukara nomer 2 yen diucapake penutur marang mitra tuture kang lagi mlaku bebarengan bisa ngemu teges menawa mitra tuture ora oleh ngliwati dala iku amarga bisa keplese lan tiba. Ukara nomer 3 bisa ateges penutur ngajak mitra tuture tuku mangan menyang warung kang disebutake. Ukara nomer 4 ngemu teges kang amba banget. Yen diucapake bocah sekolah marang kancane bisa ateges ngajak budhal supaya ora telat. Kaping pindho yen diucapake bos marang andhahane bisa ateges yen wis awan lan wayahe leren anggone nyambut gawe. Ukara nomer 5 yen diucapake penutur marang mitra tuture ing terminal bisa ateges yen bis sing arep ditumpaki wis kebak lan ganti numpak bis liyane sing isih ana panggonan.
Saka apa kang wis diandharake ing dhuwur genah menawa tindak ilokusi iku angel diidentifikasi amarga luwih dhisik kudu mertimbangake sapa penutur lan mitra tutur, kapan lan ana ngendi tindak tutur iku kedadean lan sapinunggalane. Mula saka kuwi tindak ilokusi iku minangka perangan punjer kanggo mangerteni tindak tutur.
Tindak Perlokusi
Sawijining tuturan kang dituturake dening sawijining wong kerep duweni daya pangaribawa (perlocutionary force), utawa efek kanggo sing ngrungokake. Efek utawa daya pangaribawa iku bisa digawe sacara sengaja lan ora sengaja dening penuture. Tindak tutur kang panuturane ditujokake kanggo aweh daya pangaribawa kanggo mitra tuture diarani tindak perlokusi. Tindak iki diarani the act of affecting someone. Murih genahe disemak ukara kang ana ing ngisor iki.
Omahe apik
Wingi aku repot banget
Tipine 20 inchi
Ukara-ukara kang wis tinulis ing dhuwur yen kita rasakake ora mung ngandhut tindak tutur lokusi. Upama ukara nomer 1 diucapake dening salah sawijining wong kang arep teka ana acara arisan marang kancane. Makna ilokusine yaiku ngandhani menawa omah kang arep diparani iku apik. Lan efek perlokusine yaiku bisa aweh semangat marang kancane sing arep mara amarga duwe pangarep-arep acarane bakal kepenak amarga omahe apik. Ukara 2 yen diucapake salah sawijining mahasiswa anggota BEM marang kancane ngandhut makna ilokusi njaluk pangapura marang kancane lan efek perlokusi kang diarep-arep yaiku oleh pangapura saka klanca-kancane. Ukara nomer 3 yen diucapake dening penutur kang arep ndelok bal-balan marang mitra tuture ngandhut teges menawa ndelok menyang omahe kancane kang tipine 20 inchi iku luwih penak. Lan ngandhut efek perlokusi kancane gelem dijak ndelok bal-balan menyang omahe kancane iku mau.
Saka andharan ing dhuwur sacara luwih penak bisa mangerteni menawa wacana ana ing ngisor iki ora mung ngandhut lokusi, nanging ilokusi lan perlokusi minangka maksud tuturan kang utama.
Jupiter Z wingi ngetokake serine kang paling anyar yaiku new Jupiter Z kang luwih gedhe ccne, luwih banter playune nanging ora pati boroa bensine.
Wacana ing dhuwur ora kanggo wara-wara ngenani salah sawijining produk sepedha montor nanging sacara ora langsung minangka ajakan utawa pangaribawa marang wong-wong supaya tuku sepedha montor kaya kang dituturake ing dhuwur.
Yen dijingglengi sacara tliti saliyane model-model tuturan kaya ing dhuwur uga ana model tuturan wacana iklan kang biasane ana ing maneka warna media komunikasi. Lan biasane wacana iklan kasebut bentuke arupa brita. Miturut Passim (dalam Wijana 1996:21) nyebutake menawa wacana iklan kang kaya ngonno iku minangka wacana brita provikatif. Dadi, saklebatan wacana kasebutminangka brita, nanging yen ditliti maneh daya ilokusi lan perlokusine gedhe banget. Kaya kang ana ing wacana ing ngisor iki.
TELKOMSEL MBANGUN DESA
Telkomsel minangka operator komunikasi prabayar lan pacabayar kang kapisan pancen wis akeh banget iguh lan pratikele kanggo kemajuwane bangsa lan nagara.
Salah sijine kang paling gress yaiku Telkomsel kanthi sinyal kuate nembus laladan papua kang kabiji keri ing babagan pembangunan yen kabandhingake karo dhaerah liyane.
Ana Papua Telkomsel menehi sumbangan kanggo pirang-pirang sekolahan kanthi sumbangan komputer lan sarana internet nganggo modem Telkomsel Flash. Modem Telkomsel Flash kang wis kondhang banter banget akses internete. Paket pulsane uga ora pati larang. Apa maneh disengkuyung sinyal kuat Telkomsel mesthi akses internet ora bakal rendhet.
Wacana ing dhuwur senajan arup brita yen digamblangake lan diringkes panulisane bisa digawe kaya ing ngisor iki.
Ayo padha nganggo modem Telkomsel Flash. Sinyale kuat, akses internete banter lan paket pulsane uga murah.
Tindak Lokusi, Ilokusi lan Perlokusi Sajrone Wacana kang ana ing Giyaran “Mangga Tresna Budaya” radio MTB Fm
Sabanjure ana ing kene bakal ditintingi tindak tutur lokusi, ilokusi lan perlokusi kang ana ing giyaran”Mangga Tresna Budaya” kang ana ing radio MTB Fm. Manut andharan-andharan ana ing bab sadurunge.
Tindak Lokusi
Kaya kang wis diandharake ing dhuwur tegese tindak tutur lokusi iku tindak kang mung asipat menehi weruh penutur marang mitra tuture. Tuladhane kang ana ing MTB Fm yaiku kaya ing ngisor iki.
Asalamualaikum 102,7 Fm para paamiarsa kang minulya para mitra. Panggihan malih wonten giyaran mangga tresna budaya kapancaraken saking Andhika Plaza sareng kula ning tari ngantos mangke jam sekawan mugi saged andadosna mareme ati. Sumangga
102,7 MTB Fm sugeng siang para mitra para kadang kang taksih manunggal wonten ing giyaran Mangga Tresna Budaya.
Punika saking Bapak Mujito, Bapak Nuh Hudawi lan sedaya kemawon ingkang midangetaken MTB Fm.
Lan salajengipun punika saking Cak Zainul. Kagem Pak Joko Warkop, Pak Nuh Hudawi. Sugeng siang ugi kagem Cak Noto lan Mbak Tari.
102,7 para kadang kinasih sutrisna budaya Jawa taksih manunggal wonten ing MTB Fm.
102,7 MTB Fm amargi wekdal ingkang sampun telas kula Cak Noto kedah lumengser saking gegana, sugeng pepisahan.
102,7 MTB Fm para mitra para sutrisna budaya Jawa wekdal sampun tabuh tiga langkung seket papat menit. Kawistara adicara Mangga Tresna Budaya sampun ndungkap paripurna. Mugi para pamidanget tansah kalis ing sambikala.
Kanthi anane tuladha ing ndhuwur bisa diwawas sebabe nganti ukara-ukara ing ndhuwur diarani nagndhut tindak tutur lokusi. Yen dideleng saka tegese lokusi dhewe yaiku tindak tutur kang gunane kanggo nyatakake samubarang. Dadi ukara-ukara ing ndhuwur wose mung kanggo nyatakake samubarang utawa aweh inforamsi saka pamicara marang mitra wicarane. Tuladhane ing tuladha nomer 1 senajan ukarane dawa, nanging wose mung kanggo nyatakake yen saiki lagi ngrungokake acara Mangga Tresna Budaya kang dipancarake saka alamat kaya kang tinulis ing ndhuwur.
Tindak Ilokusi
Adhedasar andharan ing bab sadurunge bisa kita mangerteni menawa tindak ilokusi iku tindak tutur kang ora mung menehi weruh marang mitra tuture. Nanging uga duwe pepenginan mitra tuture iku nglakoni samubarang panggaweyan. Tuladhane kang ing giyaran Mangga Tresna Budaya ana ing ngisor iki.
Sugeng siang ugi kagem Cak Noto lan Mbak Tari. Nyuwun ungelipun lelagon Aja Lamis.
Para mitra para kadang kinasih saderengipun lelagon kula engetaken menawi kedah njagi kesehatan lan ugi stamina.
Ibu Ida Sadang Sidoarjo nyuwun ungelipun lelagon Langit Mendhung Kutha Ngawi. Kagem Mbak Tari Mas Noto maturnuwun.
Sedaya kekirangan nyuwun lumunturing samudra pangaksami.
Saka tuladha ing ndhuwur bisa dititiki sebabe ukara-ukara ing ndhuwur diarani ngandhut tindak tutur ilokusi. Ilokusi kang mengku teges weneh brita lan lan kepingin wong liya nglakoni samubarang. Kaya ing tuladha nomer 1 pamidhanget disetelake lelagon Aja Lamis, saliyane ngaturi sugeng siang kanggo penyiar radione. Dadi pamidhanget kasebut weneh informasi marang penyiare lan kepingin penyiare nglakoni samubarang yaiku nyetelake lagu kang diakrepake.
Tindak Perlokusi
Adhedasar andharan ing bab sadurunge kita bisa aweh teges kang ringkes tumrap tindak tutur perlokusi. Tindak tutur perlokusi yaiku tindak tutur kang duweni tujuwan kanggo aweh daya pangaribawa kanggo mitra tuture. Tuladhane ana ing giyaran Mangga Tresna Budaya ana ing ngisor iki.
Punika penting sanget, amargi punika saged nganggu aktivitas. Sampun ngantos kenging influenza napa malih disarengi watuk. Nanging jangan khawatir sampun wonten Ultraflu Extra produksi PT Henson Farma.
Saderengipun kalajengaken lelagon punika wonten informasi kagempara pamidhanget. Sering mengalami nyeri lambung, mungkin itu karena sakit maag. Bukan penyakit yang asing. Begitu pula dengan obat maag menjadi teman setia kita. Promag telah 29 tahun menemani keluarga indonesia. Dengan hidrotalcite promag praktis karena dapat dikunyah dengan rasa mint segar. Baik sebelum atau sesudah makan dan sebelum tidur.
Sugeng pepanggihan wonten ing adicara Mangga Tresna Budaya salajengipun. Nuwun
Saka tuladha inh ndhuwur bisa dititiki apa sebabe ukara-ukara ing ndhuwur ngandhut tindak tutur perlokusi. Perlokusi dhewe kang ngemu teges weneh pambiwara lan ndayani wong liya kanggo nglakoni samubarang. Kaya ing tuladha nomer 2, ing kono saliyane aweh pambiwara ngenani sawijining obat maag. Penyiar uga pengin pamidhangete tuku obate kasebut yen pinuju nandang lara maag.
PANUTUP
Saka andharan-andharan ing dhuwur bisa kita waca banjur kita mangerteni apa sejatine tindak tutur iku. Lan kasunyatane menawa tindak tutur iku diperang dadi telung tindak tutur adhedhasar tujuwane penutur ngujarake tuturane marang mitra tuture. Tindak tutur kasebut diperang dadi telung warna yaiku tindak tutur lokusi, ilokusi lan perlokusi. Lokusi kena diarani tindak tutur kang paling prasaja yaiku mung ngandhut tujuwan menehi weruih marang mitra tuture. Dene ilokusi saliyane menehi weruh uga kepengin mitra tuture kasebut nglakoni samubarang panggaweyan. Beda maneh yen perlokusi malah kepengin nuwuhake daya pangaribawa utawa efek pengaruh marang mitra tuture.
Dene gegayutane radio karo tindak tutur telu iku mau yaiku katelune penting banget sajrone mlakune sawijining adicara ana ing radio kasebut. Sacara sengaja utawa ora wong-wong kang ana ing sawijining adicara ing radio mesthi migunakake tindak tutur telu iku mau. Lokusi upamane kulina digunakake dening penyiar nalika murwakani adicarane lan bisa uga dianggo dening pamidhanget nalika kirim sms utawa telpon. Tindak tutur ilokusi tuladhane nalika penyiar menehi himbauan marang para pamidhangete utawa nalika ana pamundhuta saka pamidhanget marang penyiare. Lan tindak perlokusi biasane ana nalika para penyiar iki mbiwarakake iklan ngenani sawijinning produk kang nedya didol marang masyarakat.
KAPUSTAKAN
Aini, Nur. Skripsi Unnes Variasi Tindak Tutur dalam Kursus Panatacara Permadani Semarang. tidak diterbitkan
http://andreyuris.wordpress.com/2008/08/08/studi-analisis-wacana-kritis/ diakses pada 18 Oktober 2010
Parera, Jos Daniel. 2004. Teori Semantik Edisi Kedua. Jakarta: Erlangga
Wijana, Dewa Putu.1996. Dasar-Dasar Pragmatik. ANDI:Yogyakarata
Bahan Analisis Wacana Penyiar Radio MTB Fm ana ing giyaran “Mangga Tresna Budaya”
Asalamualaikum 102,7 Fm para paamiarsa kang minulya para mitra. Panggihan malih wonten giyaran mangga tresna budaya kapancaraken saking Andhika Plaza sareng kula ning tari ngantos mangke jam sekawan mugi saged andadosna mareme ati. Sumangga
102,7 MTB Fm sugeng siang para mitra para kadang kang taksih manunggal wonten ing giyaran Mangga Tresna Budaya.
Sugeng siang, nun inggih panggihan malih.
Punika saking Bapak Mujito, Bapak Nuh Hudawi lan sedaya kemawon ingkang midangetaken MTB Fm.
Assalamualaikum Bapak Gufron wonten ing jalan Kertajaya kintun salam kagem pak Din Banteng ingkang taksih midangetaken MTB Fm.
Lan salajengipun punika saking Cak Zainul. Kagem Pak Joko Warkop, Pak Nuh Hudawi. Sugeng siang ugi kagem Cak Noto lan Mbak Tari. Nyuwun ungelipun lelagon Aja Lamis.
Para mitra para kadang kinasih saderengipun lelagon kula engetaken menawi kedah njagi kesehatan lan ugi stamina. Punika penting sanget, amargi punika saged nganggu aktivitas. Sampun ngantos kenging influenza napa malih disarengi watuk. Nanging jangan khawatir sampun wonten Ultraflu Extra produksi PT Henson Farma.
Inggih matur sembah nuwun sanget ingkang sampun telpon, ingkang sampun sms.
Mas indra Boho ingkang taksih wonten margibadhe dhateng luar kota, ngatos-atos. Salamipun kagem sedaya kanca security PT Garden Family, lagonipun Gelang kalung.
Ibu Ida Sadang Sidoarjo nyuwun ungelipun lelagon Langit Mendhung Kutha Ngawi. Kagem Mbak Tari Mas Noto maturnuwun.
102,7 MTB Fm sugeng siang para mitra kang minulya ingkang wonten Surabaya dan sekitarnya.
102,7 para kadang kinasih sutrisna budaya Jawa taksih manunggal wonten ing MTB Fm.
Saderengipun kalajengaken lelagon punika wonten informasi kagempara pamidhanget. Sering mengalami nyeri lambung, mungkin itu karena sakit maag. Bukan penyakit yang asing. Begitu pula dengan obat maag menjadi teman setia kita. Promag telah 29 tahun menemani keluarga indonesia. Dengan hidrotalcite promag praktis karena dapat dikunyah dengan rasa mint segar. Baik sebelum atau sesudah makan dan sebelum tidur.
102,7 MTB Fm amargi wekdal ingkang sampun telas kula Cak Noto kedah lumengser saking gegana, sugeng pepisahan. Sedaya kekirangan nyuwun lumunturing samudra pangaksami. Sugeng pepanggihan wonten ing adicara lan wekdal sanesipun.
Sugeng sonten Bu Nanang wonten ing Griya Kencana. Salam mawon kagem Pak Nanang. Nyuwun lelagonipun Alun-alun Nganjuk.
Nggih punika langsung mawon lelagon Sepasang mata Bola.
102,7 MTB Fm para mitra para sutrisna budaya Jawa wekdal sampun tabuh tiga langkung seket papat menit. Kawistara adicara Mangga Tresna Budaya sampun ndungkap paripurna. Mugi para pamidanget tansah kalis ing sambikala. Sugeng pepanggihan wonten ing adicara Mangga Tresna Budaya salajengipun. Nuwun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar