Powered By Blogger

Jumat, 11 Februari 2011

tugas semantik

KOLOKASI SOLAH BAWANE PERANGANE AWAKE MANUNGSA



TANGGUH HESTU WIBAWA

082114001

  1. Purwaka

Sejatine kolokasi iku nduweni sesambungan kang raket banget karo panguripane manungsa saben dinane. Manungsa sajrone nglakoni uripe saben dina mesthi ngadhepi kolokasi-kolokasi senajan manungsa iku ora mangerteni. Akeh banget perangan uripe manungsa kang bisa dikolokasekake. Tuladhane babagan penggaweyan, yen ana tembung nelayan mesthi bakal kaubungake karo maneka warna tembung kang ana sesambungane karo nelayan. Bisa maneka warna pirantine nelayan, jinis-jinising iwak asiling nelayan, asil olahane saka iwak tangkepane nelayan iku lan liya liyane..

Kolokasi minangka perangan saka wilayahing teges mesthi wae wis tau ditliti sadurunge ana tulisan iki. Nanging ing tulisan iki bakal dijlenterhake babagan kolokasi kang gegayutan karo perangane awak manungsa. Ing kene kolokasi bakal dijlentrehake adhedhasar sipat saka kolokasi dhewe kang linier utawa sejajar dadi ora bisa dijol-ijolake antarane tembung siji lan sijine kang sakolokasi. Saliyane iku tembung-tembiung kasebut duweni duwe titikan kang gumathok. Saliyane loro iku mau rasa pangrasa uga ndayani anane kolokasi.

Kolokasi ing basa Jawa ora beda karo basa-basa liyane kang ana ing donya iki. Para panganggo basa Jawa kadhang kala uga ora ngerteni anane kolokasi kasebut. Nanging sacara alamiah penutur Jawa duweni pikiran ngenani sesambungan teges tembung siji lan sijine. Kang gegayutan karo rasa pangrasaning saka penutur kasebut.

Panliten ngenani kolokasi iki mawa irah-irahan “Kolokasi solah Bawane Perangan Awak Manungsa”. Irah-irahan iki dipilih dening panliti amarga wis akeh tetembungan-tetembungan ngenani solah bawane perangan –perangane awak kang wis arang digunakake dening bebrayan kanggo komunikasi saben dinane. Amung tetembungan tartamtu kang isih kerep digunakake kanggo cecaturan.

Kolokasi solah bawane perangane awake manungsa ing tulisan iki bakal dijlentrehake kanthi jlentrehan kang asipat sintagmatik. Kolokasi ing kene bakal dijlentrehake kanthi mawas wewujudane tembung kang dikolokasekake ana ing ukara, utawa jlentrehan struktural. Sabanjure bakal dijingglengi padhapuke saben tembung ana ing ukara iku. Lan ditliti apa wis trep panganggone tembung kasebut ing ukara iku

Dene tujuwan saka panliten iki yaiku kanggo mangerteni apa sejatine kolokasi iku. Lan kepriye kolokasi ing solah bawane awak manungsa. Sabanjure nggolong-nggolongake solah bawane perangan awak manungsa dadi sapanggonan. Lan sing pungkasan yaiku njlentrehake ngenani kolokasi-kolokasi kang wis diperang kanthi adhedhasar perangane awak kang nindakake solah bawa kasebut.


  1. Andharan

  1. Tegesing Kolokasi

Sadurunge njlentrehake luwih adoh ngenani kolokasi ana ing solah bawane perangane awake manungsa. Ana ing tulisan iki luwih dhisik bakal diandharake babagan kolokasi iku dhewe sacara gamblang. Ana ing perangan iki bakal diandharake tegesing kolokasi miturut sawetara ahli ing babagan semantik. Saliyane tegesing kolokasi miturut sawatara ahli penulis uga bakal menehi dudutan ngenani kolokasi ing pungkasaning bab iki. Dudutan kasebut minangka tegesing kolokasi kang diringkes saka andharane sawenehe ahli kang bakal diterangake sadurunge.

Miturut Palmer ana ing Aminudin (2008:110) Tegese kolokasi yaiku asosiasi sesambungan teges tembung siji lan sijine kang saben-saben tembunge nduweni titikan kang gumathok. Tuladhane tembung jenggong utawa mbaung ana sesambungane karo asu. Perkara sesambungane teges iku lagi bisa ditemtokake sawise saben-saben tembung ana ing konteks pangganggone kanthi tataran-tataran analisis tartamtu.

Saka tuladha ing ndhuwur yaiku ngenani sesambungane tembung asu karo tembung jenggong utawa mbaung dianggep nduweni titikan kang gumathok. Amarga yen kita ngomong tembung jenggong utawa mbaung mesthi tumuju marang kewan asu. Amarga ora ana kewan liya kang bisa kang bisa jenggong utawa mbaung saliyane kewan asu.

Nanging beda kahanane yen sing dadi tuladha iku mau tembung lambe. Kita bisa wae ngarani kang ana gegayutane karo lambe iku rasa, tipis, mecucu lan sapinunggalane. Nanging yen tembung lambe ing ndhuwur iku digandhengake karo tembung sumur, tembung lambe sumur bisa nuwuhake kolokasi kang beda karo kolokasi kang ana ing ndhuwur. Mula saka iku, supaya anggone njlentrehake kolokasi bisa luwih pratitis bakal diwatesi ana ing teges-teges wantah saka tembung-tembung kasebut. Dadi tuladha lambe tegese perangane awak manungsa. Dudu lambe sumur utawa lambe jurang kang dudu teges lambe sacara wantah nanging lambe kene minangka pralambang pinggiring sumur utawa jurang.

Yen katitik saka asaling basane kolokasi dumadi saka basa latin "colloco" sing nduweni arti ana ing panggonan sing padha, nuduhake hubungan sintagmatik sing kedadeyan antaraning tetembungan iku. Tuladhane tetembungan buku, polpen, potlot lan garisan. Tetembungan kasebut ana ing salah sawijining kolokasi utawa isih sawilayah yaiku piranti nulis. Kolokasi ngrujuk marang hubungan sintagmatik amarga sipate sing linear (Chaer,1995:113)

Saka andharan ing ndhuwur bisa diringkes yen kolokasi iku sejatine tembung-tembung kang sawilayah lan sipate sejajar. Dadi ora ana tembung sing asipat mayor lan uga ora ana tembung sing asipat minor ana ing sakolokasi utawa sawilayahing tembung. Jalaran tembung-tembung ana ing sakolokasi iku asipat linear utawa sejajar mula ora bisa tembung siji ngganteni tembung liya. Tuladhane tetembungan gula, uyah, bumbu, tempe, wajan, sothil lsp. Iku minangka kolokasi saka tetembungan pawon. Yen salah sawijine tuladha tembung kasebut digawe ukara upamane Supaya masakane mirasa Rina menehi bumbu kang pas. Tembung bumbu ana ing ukara kasebut bakal rinasa aneh lan ora logis nalika diganti sothil, tempe utawa wajan.

Miturut Susanto (2010) kolokasi yaiku asosiasi antaraning tembung siji lan sijine kang nyawiji ana sajroning ukara. Tuladhane Pak Karto mlaku ngulon karo manggul pacul. Ing boyoke nyengkelit arit kang mentas wae diungkal. Rancangane esuk iki sawahe bakal diluku banjur digaru supaya enggal bisa tandur. Saka tuladha kasebut didudut menawa pacul, arit, sawah, luku, lan garu iku ana ing sakolokasi yaiku tetembungan ngenani tetanen.

Yen miturut andharan kang pungkasan iki kolokasi iku supaya katon wilayah-wilayahe tembung-tembung iku kudu digunakake ana ing ukara dhisik. Kaya tuladha ing ndhuwur yaiku pacul, arit, sawah, luku, lan garu sing diarani sakolokasi yaiku tetanen. Kolokasi iku bakal luwih cetha yen diwenehi tuladha kang awujud ukara. Ora mung jejerane tembung-tembung. Ana tuladha ukara ing andharan dhuwur iku tanpa disebutake kita wis bisa ngarani yen panggaweane pak Karto iku petani.

Saka sakehing andharan ing ndhuwur panliti ndudut menawa kolokasi iku tegese tembung-tembung kang gegayutan siji lan sijine. Tembung-tembung iku duweni titikan kang gumathok minangka tandha menawa tembung-tembung iku sapanggonan utawa sakolokasi. Tembung-tembung kasebut nduweni sesambungan kang sipate linear utawa sajajar. Mula saka iku pangganggone tembung-tembung iku ora bisa diijol-ijolake.

  1. Perangane Awak Manungsa

Sadurunge ngandharake bab solah bawane perangane awake manungsa, lumantar bagan iki bakal dijlentrehake perangan-perangan saka awake manungsa.






SIRAH


RAI



BATHUK


AWAK MANUNGSA

KUPING


MATA


IRUNG


CANGKEM


LAMBE



UNTU


ILAT


GULU


GEMBUNG LAN PERANGANE


TANGAN


SIKIL



Saka bagan ing ndhuwur bisa dideleng yen awak nduweni perangan-perangan kang akeh. Wiwit saka sirah nganti tumekane sikil. Nanging ora kabeh perangan awak iku mau nduweni solah bawa. Amarga ora kabeh perangane awak iku mau bisa nindakake samubarang kanthi kekarepane manungsane dhewe. Utawa kadang kala solah bawa kang ditindakake sejatine mung karana katut obah amarga solah bawane perangan awak kang liyane.

  1. Perangane Awak Manungsa kang Nduweni Solah Bawa

Kaya kang wis dikandhakake sadurunge, ora kabeh perangane awak iku nduweni solah bawa kang bisa ditindakake nalika ana kekarepane saka manungsane. Cethane bisa dideleng ing ngisor iki.











Saka bagan ana ing ndhuwur bisa dideleng perangane awak manungsa kang nduweni solah bawa. Kanthi adhedhasar bagan ing ndhuwur bakal digoleki kolokasi pakartine saben perangan awak iku. Dadi bakal ana sepuluh kolokasi kang bakal dijlentrehake. Cethane ana ing bab sabanjure.

  1. Kolokasi Solah Bawa Perangane Awak Manungsa

Saka andharan-andharan ngenani tegesing kolokasi ing ndhuwur bisa dingerteni kanthi gamblang apa sejatine kolokasi iku. Kepriye tuladha-tuladhane kang arupa tembung lan uga kepriye yen tembung-tembung iku dicakake sajrone ukara. Dadi ing perangan panliten iki bakal dijlentrehake ngenani kolokasi adhedasar pakartine perangane awak manungsa.

Ana ing kene kang bakal ditliti ora kabeh perangan awak manungsa nanging mung saperangan. Amarga kaya kang wis tinulis ing bab sadurunge menawa ora kabeh perangane awak bisa nglakoni pakarti manut karo wonge sing nduweni perangan awak kasebut. Murih cethane ngenani kolokasi kang ana ing perangane awak lan pakartine bakal dijlentrehake ana ngisor iki.


  1. Solah Bawane Sirah

Perangan kang paling ndhuwur yaiku sirah. Dene solah bawane sirah dhewe bakal dikolokasekake ana ing ngisor iki.

Solah bawane Sirah: gedheg, manthuk, gela-gelo, ndhingkluk, ndengengek, pacak golu.

Ing kono wis genah menawa gedeg, gela-gelo, ndingkluk, ndengengek, pacak golu lan manthuk iku klebu sakolokasi kanthi dhasar solah bawane sirah. Tuladhane yen sawetara saka tembung kasebut digawe ukara yaiku Guru tari iku mung gedheg-gedheg weruh Tanti kang ora bisa pacak golu.

Tembung gedheg-gedheg lan pacak golu iku genah duweni gegayutan kang linier lan ora bisa ijol-ijolan siji lan sijine. Gedheg-gedheg lan pacak golu titikane uga wis gumathok. Yaiku solah bawa kang ditindakake dening sirah. Dudu perangan awak sing liyane. Yen dirasakake trepe ukara gegayutan karo sejajare sipat kolokasi, tuladha ukara ing dhuwur bakal aneh yen diganti Guru Tari iku mung pacak golu weruh Tanti kang ora bisa gedheg-gedheg.

Jlentrehan sintagmatike kanggo mbuktekake yen tembung-tembung ing ndhuwur sakolokasi yaiku tuladha ukara Tanti gela-gelo sirahe. Tanti ing ukara iku pandhapuke minangka panindak. Dene sirah minangka panandhang saka solah bawane. Lan solah bawane iku dhewe diarani tumindake. Saka jlentrehan kasebut bisa diwawas menawa ukara kasebut bener strukture utawa bener adhedhasar kalungguhane saben tembung. Lan uga wis trep yen dinalar utawa diwawas sacara pragmatik. Tembung gela gelo ing ukara iku bisa dilironi solah bawane sirah liyane kaya ndhingkluk, manthuk lan solah bawa liyane. Nanging ing ukara Tanti nyungir sirahe* senajan bener kalungguhane nanging ora trep pragmatike.



  1. Solah Bawane Mata

Perangan awak mata minangka piranti utama kanggo manungsa nyawang iki uga nduweni maneka warna solah bawa. Yaiku ana ing ngisor iki

Solah bawane mata: weruh, nonton, sumurup, ndeleng, nyipati, tumon, ngujiwat, nglirik, mlerok, mleruk, mandeng, nginceng, ngintip, mantheleng, mecicil, mlirik, nyawang, ngulat-ulatake, ngingetake, ngliling.

Tembung-tembung ing ndhuwur kang dadi dhasar kolokasine yaiku solah bawane mata. Dene tuladhane yaiku Ngerti yen daklirik awit mau kenya manis kang pakulitane kuning langsat iku mesem ngujiwat sinambi ngalih kaya mbebeda atiku kang mbededeg ketaman eseme. Ing kene uga antarane ngujiwat lan nglirik ora bisa ijol-ijolan masiya kalorone padha-padha solah bawane mata. Ngujiwat kang tegese noleh saklepasan mawa ulat manis kanthi sasmita kedhep lan nglirik kang ateges nyawang nanging ora tenanan amarga ewa. Wis bisa didudut menawa tembung loro kasebut duwe titikan kang gumathok gegayutane karo pakartine mata. Rasa pangrasa uga bisa kanggo ngukur pantes lan orane pangganggone tembung kasebut ana ukara. Dadi ana tembung kasebut bakal wagu yen Ngerti yen dakngujiwat awit mau kenya manis kang pakulitane kuning langsat iku mesem nglirik sinambi ngalih kaya mbebeda atiku kang mbededeg ketaman eseme. Ora pantes dirasakake yen tuladha ukara iku tinulis kaya ing ukara kang kapindho.


Jlentrehan sintagmatike kanggo mbuktekake yen tembung-tembung ing ndhuwur sakolokasi yaiku tuladha ukara Gayuh mecicil mripate. Gayuh ing ukara iku pandhapuke minangka panindak. Dene mripat minangka panandhang saka solah bawane. Lan solah bawa mecicil iku dhewe diarani tumindake. Saka jlentrehan kasebut bisa diwawas menawa ukara kasebut bener sacara strukture utawa adhedhasar kalungguhane saben tembung. Lan uga wis trep yen dinalar utawa diwawas sacara pragmatik. Tembung mecicil ing ukara iku bisa dilironi solah bawane sirah liyane kaya mleruk, mantheleng lan solah bawa liyane. Nanging ing ukara Gayuh manthuk-manthuk mripate * senajan bener kalungguhane nanging ora trep pragmatike. Iku minangkan tandha menawa mecicil lan manthuk-manthuk ora sakolokasi.


  1. Solah Bawane Irung

Irung minangka perangane awak manungsa uga nduweni solah bawa. Solah bawa ing kene tegese panggaweyan kang dilakoni kanthi sengaja dening manungsane. Yaiku ana ing ngisor iki.

Pakartine irung: nyungir, nyerot ambegan

Tembung-tembung ing ndhuwur kang dadi dhasar kolokasine yaiku solah bawane irung. Kanthi dhasar iku wis genah menawa tembung nyungir lan nyerot napas iku sakolokasi. Kalorone nalika digunakake ana ing ukara uga ora bakal bisa diijol-ijolake siji lan sijine. Tuladhane ana ing ukara iki. Senajan nyungir-nyungir amarga gandane uwuh ing panggonan iku Anti kepeksa tetep nyerot ambegan.


Jlentrehan sintagmatike kanggo mbuktekake yen tembung-tembung ing ndhuwur sakolokasi yaiku tuladha ukara Anti nyungir irunge. Anti ing ukara iku pandhapuke minangka panindak. Dene irung minangka panandhang saka solah bawane. Lan solah bawa nyungir iku dhewe diarani tumindake. Saka jlentrehan kasebut bisa diwawas menawa ukara kasebut bener sacara strukture utawa adhedhasar kalungguhane saben tembung. Lan uga wis trep yen dinalar utawa diwawas sacara pragmatik. Tembung nyungir ing ukara iku bisa dilironi solah bawane irung liyane kaya nyerot ambegan lan solah bawa liyane. Nanging ing ukara Anti nglirik irunge* senajan bener kalungguhane nanging ora trep pragmatike. Iku minangka titikan menawa nglirik karo nyungir lan nyerot ambegan iku ora sakolokasi.

  1. Solah Bawane Cangkem

Peranganing awak kang bakal dijlentrehake solah bawane sabanjure yaiku perangan cangkem.

Solah bawane cangkem: angop, atop, segu, mingkem, mangap, ndomblong.

Ana tembung-tembung ing ndhuwur kang dadi dhasar kolokasine yaiku solah bawane cangkem. Tembung-tembung kaya angop, atop, segu, mingkem, mangap lan ndomblong iku wis genah yen solah bawane cangkem. Lan gegandhengane uga wis gumathok. Ora mungkin lan bakalan aneh menawa mingkem sakolokasi karo nginceng. Panganggone ing ukara kaya tuladha iki Mbah Minah yen atop banter banget. Amarga yen atop mesthi mangap amba. Ora pantes yen ukarane dadi Mbah Minah yen mangap banter banget. Amarga yen mangap mesthi atop amba. Titikane menawa ana tembung solah bawane cangkem mesthi mangap lan atop bakal katut ana kono.

Jlentrehan sintagmatike kanggo mbuktekake yen tembung-tembung ing ndhuwur sakolokasi yaiku tuladha ukara Deni mangap cangkeme. Deni ing ukara iku pandhapuke minangka panindak. Dene cangkem minangka panandhang saka solah bawane. Lan solah bawa mangap iku dhewe diarani tumindake. Saka jlentrehan kasebut bisa diwawas menawa ukara kasebut bener sacara strukture utawa adhedhasar kalungguhane saben tembung. Lan uga wis trep yen dinalar utawa diwawas sacara pragmatik. Tembung mangap ing ukara iku bisa dilironi solah bawane sirah liyane kaya mingkem, ndomblong lan solah bawa liyane. Nanging ing ukara Deni mecicil cangkeme* senajan bener kalungguhane nanging ora trep pragmatike.


  1. Solah Bawane Lambe

Peranganing awak kang sabanjure yaiku perangan lambe. Senajan lambe kadhang ana sing nganggep menawa perangane cangkem. Nanging lambe iku sejatine perangane awak kang ,madeg dhewe senajan panggone uga sapanggonan karo cangkem. Dene solah bawane ana ing ngisor iki

Solah bawane lambe: mesem, mencep, ngepreti, nyaweti, mecucu

Tuladhane supaya kolokasine genah yaiku ukara iki. Lambene Tari kang sakawit mesem manis banget nalika lagi ketemu aku. Sakala mencep sawise krungu menawa aku ora sida dolan neng omahe. Tembung mencep lan mesem amarga kalungguhane sajrone kolokasi iku linier dadi ora bisa dijol-ijolake. Mesem lan mencep uga wis nduweni titikan kang gumathok. Amarga senajan panggonane padha karo cangkem mokal yen mencep bakal sakolokasi karo mingkem utawa mangap.

Jlentrehan sintagmatike kanggo mbuktekake yen tembung-tembung ing ndhuwur sakolokasi yaiku tuladha ukara Rina mesem lambene. Rina ing ukara iku pandhapuke minangka panindak. Dene lambe minangka panandhang saka solah bawane. Lan solah bawa mesem iku dhewe diarani tumindake. Saka jlentrehan kasebut bisa diwawas menawa ukara kasebut bener sacara strukture utawa adhedhasar kalungguhane saben tembung. Lan uga wis trep yen dinalar utawa diwawas sacara pragmatik. Tembung mesem ing ukara iku bisa dilironi solah bawane sirah liyane kaya mencep, mecucu lan solah bawa liyane. Nanging ing ukara Rina atop lambene* senajan bener kalungguhane nanging ora trep pragmatike.


  1. Solah Bawane Untu

Untu senajan manggone ana jerone cangkem uga nduweni solah bawa. Dadi untu bisa nglakoni panggaweyan manut apa kang dikarepake dening manungsane. Supaya cethane ana ngisor iki.

Pakartine Untu: nggeget, mamah, nyakot.

Tembung-tembung uga diarani sakolokasi adhedhasar solah bawane untu. Titikane gumathok, amarga ora ana perangan awak liya kang bisa nglakoni panggaweyan nggeget, mamah, lan nyakot. Tuladha panganggone ing ukara yaiku Aku bola bali nggeget untu lan nyakot lambe wis rong jam anggonku niunggu dheweke. Bisa dideleng ing ukara iku menawa pangganggone uga asipat sejajar.


Jlentrehan sintagmatike kanggo mbuktekake yen tembung-tembung ing ndhuwur sakolokasi yaiku tuladha ukara Deni untune nyakot roti. Untune Deni ing ukara iku pandhapuke minangka panindak. Dene roti minangka panandhang saka solah bawane. Lan solah bawa nyakot iku dhewe diarani tumindake. Saka jlentrehan kasebut bisa diwawas menawa ukara kasebut bener sacara strukture utawa adhedhasar kalungguhane saben tembung. Lan uga wis trep yen dinalar utawa diwawas sacara pragmatik. Tembung nyakot ing ukara iku bisa dilironi solah bawane sirah liyane kaya dene mamah. Nanging ing ukara Deni untune ngepreti roti* senajan bener kalungguhane nanging ora trep pragmatike. Amarga yen dinalar maneh ora logis kok roti diepreti.

  1. Solah Bawane Ilat

Kaya dene untu, ilat senajan panggone uga ana jero cangkem. Nanging, tetep nduweni solah bawa. Amarga polahe ilat uga isih bisa dislarasake karo karepe manungsa. Dene solah bawane yaiku.

Solah bawane Ilat: melet, ndilat

Minangka bukti yen tembung ing ndhuwur iku sakolokasi yaiku. Bisa kita titeni menawa tembung ing ndhuwur titikane gumathok. Yaiku dilakoni dening ilat. Dene tuladhane ing ukara yaiku Sawise ndilat sambel gaweyane Ririn aku melet-melet kepedesen. Saka panganggone ana ing ukara iku genah menawa melet lan ndilat iku sajajar dadi ora bisa diijol-ijolake.

Jlentrehan sintagmatike kanggo mbuktekake yen tembung-tembung ing ndhuwur sakolokasi yaiku tuladha ukara Deni ilate ndilat sambel. Deni ing ukara iku pandhapuke minangka panindak. Dene sambel minangka panandhang saka solah bawane. Lan solah bawa ndilat iku dhewe diarani tumindake. Saka jlentrehan kasebut bisa diwawas menawa ukara kasebut bener sacara strukture utawa adhedhasar kalungguhane saben tembung. Lan uga wis trep yen dinalar utawa diwawas sacara pragmatik. Nanging ing ukara Deni ilate mesemi sambel* senajan bener kalungguhane nanging ora trep pragmatike.


  1. Solah Bawane Tangan

Peranganing awak sabanjure kang bakal dijlentrehake kolokasine yaiku perangan tangan. Solah bawane tangan ana ing ngisor iki.

Solah bawane tangan: nyekel, ngusap, keplok, tebah, nyembah, ngempit, ndodog, mbopong, nyangking, ngaplok, nggibeng.

Kanggo mbuktekake menawa tembung-tembung iku sakolokasi yaiku anane sesambungan antarane tembung siji lan sijine kang titikane gumathok yaiku nyekel, ngusap, keplok, nyembah lsp. Yen katitik saka peranganing awak kang obah wis genah menawa tangan kang obah tumrape pirang-pirang pakarti iku mau. Lan sekabehane uga sejajar ing sakolokasi.

Kanggo luwih genahe tuladhane ing ukara yaiku Parno nyangking tas gedhe ing tangan kiwa karo nyekel arit ing tangan tengene. Coba yen ukara kasebut kita walik. Parno nyekel tas gedhe ing tangan kiwa karo nyangking arit ing tangan tengene. Upama ukara iku tinulis kaya ukara kang kapindho sing krungu mesthi uga wis bisa mbayangake kaya ngapa solah bawane si Parno ing tembung kasebut. Nanging yen dirasakake maneh tas gedhe kok mung dicekel wong arite kang mesthine ukurane luwih cilik lan luwih enteng tinimbang tase dicangking. Ing ukara kang kapindho bakal nuwuhake panganggep, yen dibandhingake luwih abot arite amarga dicangking tinimbang tas gedhe kang mung dicekel.


Jlentrehan sintagmatike kanggo mbuktekake yen tembung-tembung ing ndhuwur sakolokasi yaiku tuladha ukara Handoko tangane nggegem watu. Handoko ing ukara iku pandhapuke minangka panindak. Dene watu minangka panandhang saka solah bawane. Lan solah bawa nggegem iku dhewe diarani tumindake. Saka jlentrehan kasebut bisa diwawas menawa ukara kasebut bener sacara strukture utawa adhedhasar kalungguhane saben tembung. Lan uga wis trep yen dinalar utawa diwawas sacara pragmatik. Nanging ing ukara Handoko tangane nyepak watu* senajan bener kalungguhane nanging ora trep pragmatike.


  1. Solah Bawane Sikil

Perangning awak sabanjure kang bakal dijlentrehake kolokasine yaiku perangan sikil. Solah bawane sikil kaya kang ana ing ngisor iki.

Solah bawane sikil: lumaku, lumayu, njejak, mancal, nendang, ongkang-ongkang, ngidak, sila.

Solah bawane sikil kaya ing ndhuwur ora mung winates minangka piranti kanggo alihan saka papan siji menyang papan liyane. Tembung-tembung kang dadi solah bawane sikil iku uga nduweni titikan kang gumathok lan uga linier. Tuladhane ing ukara iki Kirman mancal lawang kang isih kancingan saka jero banjur pawongan gedhe dhuwur kan ngobok-obok isi kamare banjur dijejak nganti ambruk sakayange. Saka tuladha iku genah menawa sanajan meh padha pakartine antarane njejak lan mancal nanging sajrone pigunane ana ing ukara tetep beda. Amarga saliyane adhedhasar linier lan titikane uga rasa pangrasane saka penutur basa iku dhewe. Lan katitik saka solah bawane wis genah yen njejak karo mancal iku pakarti kang ditindakake sikil.

Jlentrehan sintagmatike kanggo mbuktekake yen tembung-tembung ing ndhuwur sakolokasi yaiku tuladha ukara Firman sikile nyepak bal. Firman ing ukara iku pandhapuke minangka panindak. Dene bal minangka panandhang saka solah bawane. Lan solah bawa nyepak iku dhewe diarani tumindake. Saka jlentrehan kasebut bisa diwawas menawa ukara kasebut bener sacara strukture utawa adhedhasar kalungguhane saben tembung. Lan uga wis trep yen dinalar utawa diwawas sacara pragmatik. Nanging ing ukara Firman sikile ngantem bal* senajan bener kalungguhane nanging ora trep pragmatike.

  1. Dudutan

Saka andharan lan jlentrehan ing ndhuwur ngenani gegayutane kolokasi lan solah bawane perangane awak bisa didudut menawa kabeh solah bawa perangane awak iku wis nduweni wilayahe dhewe-dhewe ing saben perangan awak. Pamilahe perangan awak lan wilayahe saben solah bawa iku didasarake marang sipat-sipat saka kolokasi iku dhewe. Yaiku linier utawa sejajar ateges ora bisa dijol-ijolake antarane solah bawa perangan awak siji lan liyane. Lan uga titikan kang wis gumathok. Yaiku perangan awak apa kang nglakoni solah bawa kaya kang disebutake. Sabanjure rasa pangrasane penutur uga penting banget kanggo nemtokake panganggone solah bawa ana ing ukara. Senajan solah bawa kang dilakoni meh padha siji lan sijine.


KAPUSTAKAN

Aminuddin.2008. Semantik Pengantar Studi Tentang Makna(cap-capan kaping telu). Bandung: Sinar Baru Algesindo


Chaer, Abdul.1995. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia(cap-capan kapindho). Jakarta: Rineka Cipta

Padmosoekotjo,S. 1956. Sarine Basa Djawa. Jakarta: KOLFF

Pateda, Mansoer.2001.Semantik Leksikal.Edisi Kedua.Jakarta:Rineka Cipta

Poerwadarminta, W.J.S. 1937. Baoesastra Jawi. J.B. Wolters

Subagyo, Rahmad. 2009. Titi Ukara Basa Jawa. _______


Tidak ada komentar:

Posting Komentar