Sumenep, Mutiara Pucuk Madura
Dhaerah Madura minangka salah sawijining wewengkon provinsi Jawa Timur kang manggon kapisah segara karo dhaerah-dhaerah Jawa Timur liyane. Dhaerah Madura sejatine minangka dhaerah kang duwe potensi gedhe banget ing maneka warna bidhang kang bisa ngasilake pametu kanggo kabupaten Sumenep lan mligine kanggo masyarakat Sumenep dhewe. Potensi-potensi kasebut ing antarane ana ing babagan tetanen, perkebunan, perikanan, lan jasa kang wis kagarap kanthi apik lan dadi sumber ekonomi kang utama ing kabupaten Sumenep. Nanging sejatine Sumenep isih duweni potensi-potensi liyane kang durung kagarap kanthi premati dening Pemerintah kabupaten Sumenep apadene masyarakate dhewe.
Kabupaten Sumenep ing babagan perkebunan wis kondhang minangka dhaerah kang manjila asile Jagung. Kabupaten Sumenep dadi pangasil utama Jagung ing provinsi Jawa Timur. Jagung saka kabupaten Sumenep saliyane dikonsumsi kanggo pangane wong Sumenep lan nyukupi kabutuhane warga Jawa Timur umume. Uga nganti diekspor tekan njaban rangkah, njaba nagari. Kaya dene menyang Cina, Taiwan, Hongkong lan Amerika Serikat. Jagung-jagung saka Sumenep kasebut banjur didadekake pakan ternak utawa kanggo winih.
Sumenep manggon ana ing pucuk wetan pulo Madura lan winatesan karo laut Jawa lan laut Flores uga mesthi duweni potensi ing babagan pariwisata. Dideleng saka laladane wis cedhak karo laut. Mesthi kondisi geografis kasebut bisa ngandhut potensi wisata alam kang endah lan gedhe banget ulu pametune kanggo nyengkuyung panguripane warga Sumenep dhewe. Nanging perkara kasebut bisa kasembadan yen maneka warna potensi kang wis cumepak iku digarap kanthi tenanan lan disengkuyung kabeh perangane warga Sumenep.
Nalika jaman kawuri Sumenep uga nate duweni pamrentahan kraton kaya dene dhaerah-dhaerah liya ing Jawa. Kaya Yogja, Surakarta, Kediri lan liya-liyane. Saka kasunyatan sejarah kasebut Sumenep mesthine uga duweni potensi ing babagan kabudayan. Kabudayan tinggalane warga Sumenep kang kawuri kang nalika iku dadi punjering pamrentahan. Maneka warna kabudayan adiluhung kang dadi warisan kanggone warga Sumenep kang pantes lan kudu diuri-uri. Nguri-uri kabudayan saliyane kanggo jejeg lan ngrembakane budaya sumenep uga kanggo ningkatake tataran panguripane warga Sumenep. Kang sadururnge wis apik ditambahi supaya dadi luwih apik maneh. Dadi, kabudayane tetep lestari lan paragane bisa oleh ulu pametu kang murwat kanggo nyukupi kabutuhan panguripane.
Cundhuk karo andharan ing dhuwur menawa Sumenep duweni maneka warna potensi ing babagan pariwisata budaya. Saka akeh potensi kasebut ing antarane ana loro kang bisa gawe sengseme para maos yen dinulu. Kabudayan kasebut yaiku seni Topeng Dalang lan tari Muang Sangkal. Kalorone saiki bisa diarani dadi cirine kabupaten Sumenep. Dadi senajan Topeng Dalang lan tari Muang Sangkal dipentasake ana ngendi wae asale tetep saka Sumenep.
Tari Muang Sangkal Asli Sumenep
Tari Muang Sangkal dhewe pancen kabudayan kang asli lair saka Sumenep. Pancen ing jagading tari Muang Sangkal isih kalah pamor yen katandhingake karo maneka warna seni tari saka nuswantara liyane kang luwih dhisik ditepungi para sutrisna tari sanuswantara utawa malah sadonya. Nanging tari Muang Sangkal duweni ciri kang mbedakake karo tari-tari liyane gambyong, srimpi, utawa tari remo upamane. Ciri kang dikarepake yaiku cirine tari kang nggambarake panguripane wong Madura kang beda karo bebrayan ing dhaerah liyane.
Kasuwure tari Muang Sangkal pancen diakoni isih kalah yen katandhingake karo tari-tari sing wis mapan liyane. Iku kabeh bisa dimaklumi jalaran tari iki pancen kabiji isih enom umure yen kabandhingake tari-tari liyane saka nuswantara. Tari Muang Sangkal lair nalika taun 1972. Tari iki lair minangka prakarsane Taufiqurahman. Piyantun asli Sumenep kang uga minangkaa pimpinan sanggar tari Jokotole iki duwe pangajab gedhe menyang tari Muang Sangkal.
Tari Muang Sangkal cinipta amarga maneka warna sebab. Salah sijine para seniman tari ing Sumenep kepingin ndudohake menyang bebrayan agung sanuswantara utawa sadonya. Menawa Madura mligine Sumenep iku sejatine panggonan kang kebak karya sarta kaunikan. Ora kalah yen kabandhingake karo kutha-kutha liyane ing Jawa Timur apa dene ing Indonesia. Saliyane iku para seniman tari Sumenep uga pengin mbuktekake menawa seniman Sumenep uga bisa gawe karya kang apik lan kreatif. Cethane, menawa seniman Sumenep iku ora kalah karo seniman saka kutha-kutha seni kang wis kondhang liyane. Kaya Yogja, Solo, utawa Bali.
Saliyane minangka alat bukti kreatifitase seniman tari Sumenep, Muang Sangkal uga minangka pangeling tumrape para generasi mudha lan warga Sumenep kabeh umume. Pangeling menawa Sumenep ing jaman kawuri uga duweni bebrayan kang wis maju. Amarga ing jaman kraton Sumenep uga wis ana tari penyambutan kang saemper karo tari Muang Sangkal. Nanging, jaman semana tari iku durung katata kanthi maton. Lan ora ana kang nerusake sawise kraton Sumenep ilang. Dadi, tari Muang Sangkal iku minangka pangeling adiluhunge budaya Sumenep ing jaman kawuri.
Yen katilik saka basane Muang Sangkal dumadi saka rong tembung yaiku muang lan sangkal. Dene asale tembung muang lan sangkal iku dhewe saka basa Madura. Tembung muang tegese ngguwak utawa mbuwang. Lan tembung sangkal tegese sengkala utawa sukerta. Dadi tari Muang Sangkal duweni tujuwan kanggo ngguwak sengkala, dosa utawa salah saka salah sawijining pawongan. Diajab sabubare nari Muang Sangkal bisa mbuang sukerta saka awake. Lan sabanjure dadi wong kang luwih apik. Saben-saben perangan saka tarian Muang Sangkal dianggep duweni arti seni kang dhuwur banget. Tari Muang Sangkal minangka tari kang nggabungake maneka warna gerak sing isih mambu-mambu gerakan kraton Sumenep ing jaman biyene. Lan imajinasi saka pangriptane tari Muang Sangkal iku dhewe.
Keunikan liyane kang mbedakake tari Muang Sangkal karo seni tari liyane yaiku penari Muang Sangkal iku wanita kang cacahe ganjil bisa telu, lima, pitu lan sabanjure. Penarine nganggo busana manten khas Sumenep utawa legga lan dodot kang uga khas saka Sumenep. Siji maneh penari Muang Sangkal nalika nari ora wanita kang lagi nggarap sari utawa menstruasi. Amarga wanita kang lagi nggarapsari iku dianggep ora suci. Dadi ora bisa kanggo srana mbuwang sukerta.
Nalikane nari para penari kang kabeh wanita iki padha nggawa mangkok kuningan kang diarani cemong. Ing njero cemong iku ana isine kembang maneka warna. Sasuwene nari para penari Muang Sangkal mlaku jejer-jejer, lan nyebar kembang kang ana ing njerone cemong. Para penari iku terus-terusan nyebar kembang-kembang kang ana ing jero cemong. Kembang kasebut minangka wujud sukerta kang nedya dibuwang. Tarian Muang Sangkal diiringi dening gamelan khas kraton. Kang nandakake menawa tari Muang Sangkal isih kaprabawan dening kraton Sumenep senajan saiki wis ora ana.
Tari Muang Sangkal biasane digelar nalika ana rawuhan pejabat penting utawa nalikane ana-ana adicara penting liyane. Tradisi nyambut tamu ngono iku padha karo jaman biyen nalikane jaman kraton Sumenep isih ana. Saliyane ing Kabupaten Sumenep Muang Sangkal uga wis digelar ana ing saidenging kutha sanuswantara. Yogja, Surabaya, lan Jakarta tuladhane. Malah wis tau pentas nganti njaba negari yaiku ing Den Haag Walanda lan ing Australia.
Sajrone tarian Muang Sangkal ngandhut kawicaksanan kang diakoni dening bebrayan, mligine bebrayan kabupaten Sumenep. Warga Sumenep nganggep menawa awak iku kudu resik saka sakehing sukerta lan sengkala. Tegese manungsa iku yen kepengin nggayuh kamulyan kanggo tembe mburine kudu resik saka sakehing kesalahan lan sipat ala. Dadi, saupama duweni salah marang wong liya iku kudune enggal-enggal njaluk ngapura supaya ora kedawa-dawa. Lan ndadekake cecongkrahan kang luwih gedhe.
Saliyane iku warga Sumenep uga klebu warga kang bombong marang kabudayane dhewe. Senajan tari Muang Sangkal iku kalebu tradisi kang kena diarani anyar nanging ing njerone ana babagan tari kasebut kang nyritakake kraton Sumenep jaman biyene. Kanthi endahe seni tari Muang Sangkal Taufiqurrahmqn minangka pangripta ngrekam sejarah Kabupaten Sumenep Lan endahe kabupaten Sumenep dadi gerakan-gerakan saka tari Muang Sangkal iku.
Generasi mudha diajab uga bisa melu ngletarekake kabudayan asli Sumenep. Lan mangerteni sarta ngurmati menyang sejarah lan kabudayan Sumenep. Apa maneh tari Muang Sangkal, saliyane ngangkat kekratonan Sumenep uga ditambahi daya imajinasi saka pangriptane. Kanthi anane daya imajinasi kasebut mesthi bisa ditampa dening para mudha, amarga wis dicundhukake karo donyane bocah enom saiki.
Topeng Dalang, Seni Tuwa Kebak Pitutur
Saliyane tari Muang Sangkal, Sumenep isih duweni kesenian liyane kang ora kalah apik yen kabandhingake karo seni saka daerah liyane. Kesenain kang dimakud yaiku.Topeng Dalang. Nanging, bedane karo tari Muang Sangkal yaiku sejatine kesenian topeng Dalang iku asale saka desa Proppo, kerajaan Jambwaringin, Pamekasan nalika jamane Prabu Menak Senjaya. Kacaritakake menawa Prabu Menak Senjaya iki kang kawitan nuwuhake kesenian topeng ana ing laladan Madura. Perkara kasebut disengkuyung dening bukti-bukti akehe topeng-topeng ing laladan Proppo. Kang didadekake model ukiran ana ing topeng yaiku paraga-paraga kang ana ing jagading pewayangan.
Nalika abad 18, Topeng Dalang kanga sale mung kesenian rakyat diangkat dadi kesenian kraton. Ing njero kraton, kesenian kang sakawit mung prasaja. Didandadani supaya dadi luwih apik tinimbang sadurunge. Ukirane topeng dialusake maneh , semono uga karawitan, pedalangan lan carane mentasake uga didanadani. Saengga ing mangsa iku dadi dadi mangsa ngrembaka lan jejege sastra Madura. Kalodhangan kang apik iku uga disengkuyung sesambungan kang apik antarane Madura lan Mataram kang luwih maju ing babagan sastra. Ora bisa diselaki maneh pangaribawane Mataram marang Madura gedhe banget.
Kasunyatan ing dhuwur disengkuyung karo dhaupe salah sawijining punggawa kaluwarga Mataram yaiku Paku Buwono VII. Klawan salah sijining putri Madura saka Bangkalan. Ngerti yen maratuwane seneng marang Topeng Dalang, Paku buwono VII menehi bebana arupa Topeng. Topeng saka Solo kasebut mesthi aweh pangaribawa tumrap topeng ing Madura. Mligine, ing babagan ukiran kang luwih alus tinimbang topeng saka Madura.
Mlebu ing taun 1900an (abad 20), nalikane kraton-kraton ana ing Madura mbaka sithik ilang. Topeng Dalang bali dadi kesenian rakyat. Nanging, senajan dadi kesenian rakyat Topeng Dalang malah tuwuh ngrembaka lan digandrungi dening bebrayan agung Madura. Topeng Dalang nalika iku nemahi jaman kuncarane. Apa maneh jaman semana isih arang kesenian kang sipate modern kaya saiki. Tontonan Topeng Dalang wektu iku dadi pethingane warga Madura.
Nanging, jantrane panguripan lumaku kaya dene rodaning cikar. Kang wingi ana ing dhuwur dina iki banjur ana ngisor. Semono uga kesenian Topeng Dalang suwene suwe saya jarang dipentasake. Lan kaya-kaya ilang nalika mlebu warsa 1960an. Kabeh mau jalaran ora ana regenerasi kang apik ing kesenian iki. Para generasi tuwa durung nganti nularake ngelmune, wis kepancal umur. Seda, kapundhut sing kuwasa. Dene sing mudha isih durung bisa nguwasani seni Topeng Dalang. Amarga anggone weneh ngelmu sing tuwa-tuwa durung nganti pepak.
Seni Topeng Dalang kang sakawit dikira wis mati, jebule mung mati suri. Mung butuh wektu sepuluh taun kanggo urip maneh. Ing taun 1970 awit prakarsane dalang tua Sabidin saka Sumenep kang kanthi tlaten nguri-uri Topeng Dalang. Kesenian iki bali urip maneh. Dalang Sabidin banjur ndidik murid saka laladan Sumenep. Jebul, upayane dalang Sabidin kang dilandesi rasa tresna marang kabudayan iku nuwuhalke asil kang maremake banget. Murid-murid saka dalang Sabidin kasil nguwasani seni Topeng Dalang lan bisa njaga jejeg sarta ngrembakane seni Topeng Dalang. Jalaran perkara iki uga, Topeng Dalang luwih dikenal asale saka Sumenep. Masiya, sejatine yen digoleki asale saka Pamekasan.
Wewujudane topeng Madura iku beda banget yen dibandhingake karo lumrahe topeng-topeng kang ana ing Jawa, Sunda, lan Bali. Topeng Madura umume luwih cilik tinimbang topeng-topeng saka dhaerah liyane iku mau. Topeng Madura mesthi rinenggan maneka waran hiasan ing endase, nanging ora tumrape Semar. Hiasan-hiasan kang digawe biasane rupa hiasan manek warna kembang melati. Lan kanggo paraga-paraga kang asipat ala biyasane diwenehi hiasan kang awujud badge yaiku lamabang kang digunakake para panguwasa jaman Walanda isih njajah bumi nuswantara. Topeng Madura iku jinise ana loro, kang kapisan iku saambane epek-epeke owng diwasa lan sing liyane luwih gedhe sithik. Bentuk topeng Madura iku ora bisa nutup kabeh pasuryane penarine, utamane janggute. Mula, sasuwene pementasan janggute penari tetep katon lan obahe janggut dadi daya kaendahan dhewe.
Pangejawantahing karakter ana ing Topeng Dalang Madura ora mung kanthi sarana wewujudane pasuryane topeng wae. Nanging uga ing rupa saka topeng iku. Kanggo paraga kang seneng alaku resik lan seneng blaka suta diteres rupa putih. Rupa abang kanggo paraga kang kebak rasa asih marang sapepadhane, tuladhane Yudhistira. Rupa ireng kanggo paraga kang duweni sipat wicaksana lan adoh saka nepsu kadonyan, tuladhane Kresna. Rupa kuning emas kanggo nggambarake paraga kang kebak kawibawan. Dene kanggo nggamabrake paraga kang sipate ala digunakake rupa kuning.
Nanging, panggamabaring paraga wayang ing wewengkon Madura iku beda yen dibandhingake karo panggambaring paraga saka wayang saka Jawa Tengah. Tuladhane ana ing Ngastina rajane kang paring asma Prabu Suyudana digambarake minangka paraga kang alus tindak tanduke lan apik bebudene. Topenge Prabu Suyudan ing Madura rinenggan rupa ijo kang nuwuhake rasa edhum. Kamangka, ing jagading pewayangan Solo lan Jawa Tengah paraga Suyudana iku digambarake minangka paraga kang kasar lan kaku tumindake.
Saliyane ing dhuwur, kang dadi titikan saka Topeng Dalang Madura yaiku paraga utawa penarine nganggo ghungseng utawa giring-giring ing sikile. Nanging panganggone ghungseng kasebut ora mung supaya katon endah wae, nanging uga kanggo nyengkuyung amrih rancage tarian. Ghungseng uga digawe minangka pratandha menawa penari kudu ganti gerakan sajrone nari. Biasane, ghungseng iku sing nganggo paraga Topeng Dalang kang duweni sipat antagonis utawa ala. Topeng Dalang Madura kang dinggo para paraga iku katon prasaja banget, lan ukiran uga katon kaku yen kabandhingake karo topeng-topeng saka Yogja, Solo lan Bali. Menawa iku karakter topeng Madura kang kaya ngono iku nggambarake sipate wong Madura iku Kaku, ananging polos lan jujur.
Ing saben-saben pementasan Topeng Dalang para penarine rata-rata lanang kabeh, yen ana sing wadon mung kadhang kala lan cacahe ora akeh. Ing saben pementasan dibutuhake paraga limalas nganti selawe wong lan pentase sawengi muput. Dene panganggo kang dibutuhake dening para paraga Topeng Dalang yaiku taropong, sapiturung, ghungseng, kalong (kalung) rambut lan badung . Lan kanggo paraga wadon ana panganggo liyane kang ana ing dhuwur yaiku sampur, kalung ular, gelang lan jamang.
Kaya dene ludrug kesenian Jawa Wetan mesthi murwani pementasan kanthi ngremo, ora beda karo Topeng Dalang uga dibukani nganggo tarian. Kang biasane dipentasake yaiku salah sawijining tarian sakral. Sawise tari pembuka dibacutake dalang banjur aweh prolog utawa kawitane crita marang penonton. Dalang banjur nglagokake tembang-tembang suluk kanggo nuntun penonton menyang wosing crita. Suluk lan pacelathon ana ing Topeng Dalang nganggo basa Madura alus. Kanggo suluk migunakake basa Jawa kuno. Iki minangka bukti menawa kawitane topeng iku saka sesumber.
Ing saben-saben pentas dalang dadi paraga utama. Ki dalang minangka pemurba saka karawitan, kang nembangake suluk, sarta kang maca narasi lan dialog. Kanthi swarane kang alus lan kadhang kala nyentak banter dalang aweh samita marang penari kang njoged ing suwalike topeng. Saliyane Semar, ora ana paraga kang omong utawa dialog amarga sekabehe pacelathon iku dilakokake dening dalang sak mburi geber. Saemper karo wayang kulit ing Jawa. Ana ing geber kasebut digawe bolongan cilik supaya dalang bisa nyawang mengarep menyang panggung. Saka kono dalang nglakokake lakon. Lan penari njoged ing panggung manut samitaning dalang kang nyritakake aluring crita.
Lakon-lakon kang dicritake ana ing pentas Topeng Dalang biasane crita kang kebak katresnan, crita-crita perjuangan, lan pitutur luhur tumrap uripe manungsa. Kabeh iku mau ditambah karo rerangkening tarian kang apik. Obahe penari kang sok alus, nanging kadhang-kadhang uga bisa dadi kasar lan kaku. Nanging kabeh iku mau dilakoni kanthi kebak rasa pangrasa tumrap penarine. Ing saben pementasan, blegere para penari iku prasaja banget. Lan gerakan uga isa kabiji kaku, nanging ing jerone gerakan iku ngandhut maneka warna pitutur utamane bagan agama. Iku salah sawijining perangan kang dadi dayane saka kesenian Topeng Dalang.
Sajroning kesenian Topeng Dalang ana maneka warna gerak utawa gaya ing antarane yaiku, Tandhang Alos (tari alus), Tandhang baranyak (tari sedengan), Tandhang ghalak (tari kasar) dan putri ( gerake penari wadon). Saben-saben tandang iku ana iringane gending-gending dhewe-dhewe. Tuladhane tandang alos biasane diiringi gending-gending Puspawarna, Tallang, Rarari, lan sapinunggalane. tandhang baranyak biasane diiringi gending-gending Calilit, Pedat lan Lembik. Lan tandhang ghalak diiringi gending-gending Gagak, Pucung, Kwatang Serang lan Gunungsari. Piranti kang digunakake yaiku gamelan, ditambah crek-crek kang digunakake dalang.
Kang ndadekake kawigaten sajrone pementasan Topeng Dalang yaiku swara ghungseng kang terus diunekake sasuwene pementasan. Swarane ghungseng amangun swasana kang beda, kang bisa nuntun penonton menyang donya imajinasine lan kanyut dening crita kang lagi dipentasake. Kaya-kaya swarane ghungseng sumebar menyang saindenging papan pentas lan nggawa ngawa swasana kang molah-malih bisa seneng, sedhih, lan liya-liyane. Pancen yen disetitekake swarane ghungseng menehi ekspresi dhewe tumrape pentas topeng dalang.
Ing jaman kawuri biasane Topeng Dalang mentasake crita-crita Panji kaya Damar Wulan. Nanging amarga ana owah gingsiring jaman, Topeng Dalang saiki mentasake crita-crita Ramayana lan Mahabarata. Kadhang kala uga mentasake lakon carangan nanging paragane tetep paraga-paraga saka crita Ramayana lan Mahabarata. Nanging kang luwih kerep dipentasake biasane crita-crita Mahabarata. Amarga ing Mahabarata kebak maneka warna padudon, cecongkrahan lan uga konflik. Konflik kang sipate kedadean ing maneka warna perangane urip manungsa. Ana perkara katresnan, perang sedulur, cecongkarahan antarane wong tuwa lan anak, cecongkrahan antarane murid lan guru utawa sedulur lan sedulur. Ing kono dibumbonni adu kadigdayan, kadigdayan kang wujud gaman apa dene kasektene para satriya ing crita kasebut.
Topeng iku minangka kesenian rakyat kang paling wutuh lan kompleks. Amarga ing jerone Topeng Dalang iku ana perangan kang mbutuhake seni kriya utawa kerajinan, seni musik, seni tari, pedalangan lan uga satra ing saben pementasan. Biyen nalikane para Sunan nedya nyebarake agama islam ing Madura, Topeng Dalang uga digunakake minangka sarana kanggo dakwah. Amrga Topeng Dalang dianggap minangka seni kang paling wutuh. Lakon-lakon kang kebak filosofis Hindu, dening para wali diowahi lan dileboni crita-crita kanthi kandhutan piwulang ngenani agama islam. Kanthi kawegigane para wali anggone nglebokake maneka warna unsur taukid islam tanpa ngowahi dhasare crita kang wis ana. Yaiku anane konflik-konflik antarane paraga antagonis lan protagonis kang kebak dening cecongkrahan.
Kanthi paraga-paraga kang ana ing lakon Ramayana lan Mahabarata para wali nyebarake agama Islam. Kanthi lakuning crita para wali Topeng Dalang nuwuhake nilai-nilai moral lan filosofis Islam marang para pamiarsa Kesenian Topeng Dalang. Saliyane iku sajrone ngripta gending-gendhing, rerangkening pacelathon lan narasi uga migunakake filosofis Islam kang pitutur lan tuntunan ngenani agama Islam. Ana uga lakon kang kebak pitutur islam nanging paragane tetep saka crita Mahabarata. Lakon kasebut yaiku Jimat Kalimasada. Lakon Jimat Kalimasada sejatine asline gaweyan saka Demak. Lakon kasebut kasebut ngemu teges kang jero banget. Jimat padha karo azimah kang tegese samubarang kang duweni daya kasekten. Kalimaada ditegesi minangka cekakan saka kalimat syahadat. Dadi tegese Jimat Kalimasada yaiku daya kasektene kalimat syahadat. Daya kasebut sing duweni kaya kang dicritakake ing lakon iku yaiku Pandhawa. Pandhawa ing kene dianggep minangka simbolisasi saka rukun islam.
Minangka seni tetater rakyat, teater Topeng Dalang dipentasake kanggo ngregengake maneka warna acara, tuladhane upacara dhaup temanten, selametan desa lan laut, khaul (acara kanggo ngeling-eling sedane salah sawijining pawongan kang dianggep wigati), sarta ritual rokat. Biasanae lakon kang dipentasake dicocogake karo acarane. Tuladhane ruwatan kanggo anak bungsu, mentasake lakon Pandawa Ragil. Kanthi cara iku diajab supaya panggulawentah babagan islam bisa rumasuk ing satengahing bebaryan agung lan bisa aweh pepadhang marang para warga kabeh.
Seni Topeng Dalang dianggep minangka sawijining teater tradisioanal kang bisa ngangkat jenenge seni tradisi. Kabukten rikala taun wolung poluhan, Topeng Dalang Sumenep pentas menyang njaba Negara. Kutha-kutha kang tau diamabh dening Topeng Dalang yaiku London, Amsterdam, Belgia, Perancis, Jepang dan New York. Ing kono jebule pentas Topeng Dalang antuk sambutan kang cukup gedhe. Para warga ana ing kono katon yen seneng banget kanthi anane pementasan Topeng Dalang kasebut.
Nanging, emane wektu iki Topeng Dalang kaya kelangan mangsa-mangsa kuncarne ing jaman biyen. Jeneng arum pindha kembang melati kang tau diwangun, dijejegake, lan dirembakake dening para dalang jaman biyen saiki wis kaya ora ana ambune. Topeng Dalang wis didohi dening para pandemene. Topeng Dalang kang biyene banget digandrungi saiki kalah pamore yen dibandhingake karo hibura-hiburan jaman saiki. Wong-wong luwih seneng nonton film ana bioskup utawa ana ing tv tinimbang nanggap Topeng Dalang kang dianggep ndesa. Upama ana sing nanggap kesenian Topeng Dalang iki biyasane pancen wong-wong pinggiran kang isih duwe rasa tresna marang Topeng Dalang.
Sejatine wektu iki isih ana paguyuban-paguyuban Topeng Dalang kang isih eksis ana ing Sumenep. Paguyuban-paguyuban iku ana sing asipat maton utawa paguyuban kang mlumpuk nalika ana tanggapan wae. Paguyuban-paguyuban kang tansah njaga jejege kesenian Topeng Dalang iku sumebar ana ing saindenging kabupaten Sumenep. Paguyuban kasebut ing antarane ana ing desa Slopeng, Dasuk, desa Leggung, Batang-Batang, kecamatan Gapura, kecamatan Kalianget lan kecamatan Kota Sumenep.
Saka seni Topeng Dalang iku bisa dimangerteni menawa bebrayan agung kabupaten Sumenep iku wong-wong kang tansah duweni rasa bombong marang seni warisane leluhur. Senajan saperangan gedhe wonge wis kena ombyaking jaman. Katut ilining kali gedhe kang jenenge globalisasi. Kali kang bisa ngentirake sapa wae kang ora cancut tumandang nyepakake watu-watu kang awujud katresnan tumrap budaya minangka tanggul. Saliyane, iku ndeleng sejarahe saka topeng dalang kang tau mati suri banjur ngrembaka maneh lan saiki bali mendrip-mendrip uripe. Ora mokal yen mbesuk, senajan during ngerti wektune Topeng Dalang bakal bali ngrembaka maneh lan disenengi dening para warga umume.
Saka rong kesenian ing kabupaten Sumenep kang wis diandharake ana ing tulisan iki bisa didudut. Sejatine kabupaten Sumenep iku duweni potensi ing babagan pariwisata. Mligine, babagan pariwisata budaya. Tuladhane tari Muang Sangkal lan Topeng Dalang iku didadekake sapaket wisata. Kaya tari Barong kang ana ing Bali upamane. Saka kono saliyane bisa antuk tambahan dana kanggo dhaerah. Uga ngiras pantes njaga jejeg lan ngrembakane kabudayan adiluhung tinggalane para leluhur. Dadi mbesuk yen ana anak putu kang nakokake ngenani tari Muang Sangkal lan Topeng Dalang ora mung kari jeneng utawa ndudohi kanthi sarana poto wae.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar