Powered By Blogger

Minggu, 25 Juli 2010

angkringan ponorogo

Ponorogo, Kutha Sewu Angkringan kang Mirasa

dening:tangguh h.w.

Yen Bali disebut minangka kutha sewu pura, Pacitan kutha sewu gua lan kutha sewu-sewu liyane. Semono uga kutha Ponorogo bisa diarani kutha sewu angkringan. Jalaran angkringan utawa warung kopi kang dodole ana pinggir dalan kanthi cara lesehan anjrah banget ing Kabupaten Ponorogo. Saben panggonan ing Ponorogo mesthi ana sing diarani angkringan iki. Angkringan wiwit ana ing Ponorogo antarane taun 2000an. Nanging jaman semana angkringan isih winates sumebar ana ing njero kutha wae. Durung kaya saiki kang anjrah nganti tumekaning padesan.

Angkringan mono sejatine padha karo warung kopi umume. Sing mbedakne mung cara lan panggone dodolan. Tembung angkringan kang asale saka tembung nangkring bisa ditegesi lungguh santai. Dene wujude angkringan iki yaiku warung kang dodolan maneka warna panganan lan omben nganggo grobak lan payone saka terpal utawa tenda plastik. Dene makna kang luwih jeru saka tembung angkringan lan lungguh santai iku sapa wae bisa teka menyang angkringan, nanging kudu siap nyawiji karo komunitas kang ana ing angkringan tanpa nganggo embel-embel status sosiale. Pranyata saka konsep kang prasaja iku bisa narik kawigaten, banjur sapa-sapa kang liwat kepingin ngrasakake.

Biyen nalika lagi anyar-anyare angkringan biasane sing gelem mara mung tukang becak, tukang parkir, sopir lan liya-liyane. Kena diarani masyarakat kanthi ekonomi golongan menengah ke bawah. Nanging suwalike saiki angkringan dadi papan kang universal ora mligi kanggo wong-wong saka kelas ekonomi menengah ke bawah wae. Pegawai, mahasiswa, seniman, karyawan, budayawan, malah para eksekutif. Bisa nyawiji dadi siji ing masyarakat komunitas angkringan. Kadhang kala saka omongan parikena ing angkringan bisa tuwuh ide-ide tumrape panguripan kang luwih apik utawa kritik sosial tumrap ajuning roda pamarentahan, bebrayan saben dina lan maneka warna kang ana gegayutane karo panguripane komunitas angkringan iku dhewe.

Ing Ponorogo kang dadi punjere angkringan ana ing Jalan Suromenggolo utawa tumrape wong Ponorogo luwih misuwur kinaran Dalan Anyar. Pancen dalan iki dibangun watara taun 2000an bareng karo tuwuhe angkringan. Nalika semana Bupati wektu iku (Markum Singodimejo) dianggep ngguwak-ngguwak dhuwit, amarga dalan anyar iki ora duweni akses kang vital. Suwene suwe akeh wong kang migunakake trotoar ana dalan anyar kanggo dodolan panganan lan omben kanthi konsep angkringan iku mau. Nanging kabeh iku uga nuwuhake efek negatif. Nalika regeng-regenge angkringan ing dalan anyar uga dibarengi pakulinan balapan liar saben wengi. Bejane, pamarentah lumantar departemen kang cinaket karo perkara iku enggal cancut tali wanda nandangi perkara iku. Para pembalap liar iku ditertibake banjur digawekake event-event balapan kang resmi lan antuk idin senajan wujude isih prasaja.

Dalan kang dawane watara 1,2 kilometer iki yen bengi kebak angkringan lan dadi punjere wong kang padha kepingin santai ngkluwari pikiran perkara nyambut gawe, sekolah, kuliah lsp. Sinambi guyon lan ngrasakake nikmate panganan lan omben khas angkringan. Dene panganan kang mesthi ana ing angkringan yaiku sega kucing. Sega kucing wujude sega bungkusan kanthi lawuh kang saanane. Kanggo nambahi nyamlenge sega kucing iku uga ana jajanan kang biasane arupa pia-pia (ote-ote), tahu isi, ndas pitik goreng, ceker bacem, tempe goreng manut saka kreatifitase sing dodol ing angkringan iku. Yen perkara ngombe ora beda karo warung-warung kopi kang biasane.

Otra mung ana dalan anyar wae. Anjrahe angkringan uga sumusul ing pojok-pojoking keramen kutha Ponorogo liyane. Saengga saiki kabeh laladan ana ing Ponorogo prasasat ana angkringane. Ora mung ana ing tengahing kutha wae nanging angkringan uga sumrambah nganti padesan kaya kang wis tinulis ing purawakaning atur. Mula saka iku Ponorogo uga kinaran kutha sewu angkringan.

Ing wektu iki jalaran akehe bakul angkringan ana ing Ponorogo banjur tuwuh kreatifitase. Kreatifitas kang tujuane kanggo narik kawigatene supaya wong-wong gelem mampir lan tetuku ing warung angkringane. Dene wujude kreatifitas iku antarane nyepakake jajan kang dibakar. Dadi ndas pitik kang wis mateng utawa ceker bacem iku banjur dibakar. Tujuwane ora liya kanggo nambah sansaya mirasane panganan iku. Lan ndadekake kepincute sapa sing tuku banjur mbalik maneh liya dina.

Angkringan ana ing Ponorogo prasasat bukak 24 jam. Yen biyen biasane mung bukak wayah sore nganti wengi, nanging saiki nuga ana angkringan kang mligi bukake wayah awan. Dagangane malah sansaya maneka warna. Ora mung saderma sega kucing wae ing angkringan awan iki ana soto, bubur ayam, dawet jabung, pecel Ponorogo lan maneka warna panganan liyane tanpa ninggal cirine angkringan yaiku grobak, lesehan ana trotoar dalan. Nanging wektu iki saperangan wong dodol angkringan wis ngganti grobake nganggo mobil.

Penulis dhewe sejatine uga salah sijine pandhemen angkringan Ponorogo iki. Emane durung ana kawigaten saka pamarentah ngenani anjrahe angkringan ing Ponorogo iki. Bisa wae angkringan diwenehi panggonan kang khusus lan bisa didadekake sentrane wisata kuliner Ponorogo. nanging uga mawa sarat yaiku sing didol aja mung sega kucing nanging panganan utawa jajanan kang khas Ponorogo lan wis wiwit arang tinemu. Contone wae dhawet gempol. Dhawet kang isine ora mung cendol nanging uga pentol cilik-cilik saka glepung beras kang wis arang banget sing dodol.

Emane maneh ngangkring kanggone saperangan wong dianggep negatif. Amarga jarene ngangkring iku identik karo wong males kang gaweane mung lungguhan karo omong-omongan ora ana jluntrunge. Nanging tumrap pribadine penulis anggepan iku kliru. Angkringan iku panggonan kanggo nyuntak sakehing rasa kesel lan sakehing beban pikiran sinambi guyon karo kanca kanggo nambah rakete paseduluran. Nyatane tulisan iki uga lair saka meja angkringan. Senajan mung tulisan cendhek lan saanane nanging bisa minangka bukti menawa angkringan dudu pangone wong males lan ora nduwe panggaweyan.

TUGAS MENULIS JAWA

Reportase “Ponorogo, Kutha Sewu Angkringan kang Mirasa”


Dening:

TANGGUH HESTU WIBAWA

082114001

UNIVERSITAS NEGERI SURABABYA

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH (JAWA)

2010

Tidak ada komentar:

Posting Komentar