GURU SD
Dening: tangguh h.w.
Pirang-pirang dina iki kuthaku tansah kalimput mendung. Ing wayah esuk srengenge ora enggal-enggal tangi saka dipan kencanane. Semono uga ing wayah wengi, lintang-lintang lan mbulan kang biasane abyor ngrenggani endahe langit wengi. Keri-keri iki kaya ilang dipangan bethara kala. Bethara kala kang uga mangan lintang-lintange atiku. Lintang-lintang kang madangi dalanku. Lan lintang-lintang kang nedya dakgayuh. Nanging durung nganti lintang-lintang kuwi kasil dakgayuh jebul aku wis teka pethiting wengi.
Wengi iki pangrasaku kabeh daksuntak ana ing buku cilik rupa ijo burup kang tansah ngancani dina-dinaku. Yen dakrasakake dina-dinaku mung tansah digubel kasepen. Senajan yen miturut panyawange wong-wong ngono kae jare uripku wis klebu mapan. Aku wis cekel gawe dadi guru ana SDN Sumberdadi I Sumbergempol Tulungagaung. Isih urip ijenan ateges aku durung duwe kuwajiban kanggo ngragadi sapa-sapa klebu awakku dhewe. Lan senajan isih mondok ana omah cekli duweke pak Marto. Nanging tangkepe pak Marto sakluwarga marang aku kaya menyang dulure dhewe kae. Amarga wis watara patang taun iki aku mondok ana daleme pak Marto. Wiwit isih sukwan ana SD Sumberdadi lan saiki kasil diangkat dadi PNS sawise telung taun dadi GTT. Masiya, biyen aku dudu lulusan Universitas Negeri. Dene wong tuwaku. Wis kandeg tekan kono anggonku crita. Ngeling- eling iku sansaya ngrerojeh atiku.
“Nak...sampean niku sinten ta?omahe pundi asline?lha terus kok ngantos dugi teng Sumber Gempol mriki niku pripun?” ngono kandhane pak Marto ing wengi nalika aku isih sesasi mondok ana ing omahe. Aku mung kandha yen jenengku Hadi Suryono asli saka Ngawi aku pindhah menyang Tulungagung merga kepingin njajal awak nyoba dadi guru ana kene, ing Ngawi peluang dadi guru apa maneh PNS cilik banget. Kok ndilalah pak Marto percaya ngono wae karo critaku. Apa maneh nalika dakdudohake ijazah S1ku saka Universitas Harapan. Aku biyen pancen nate kuliah nganti S1 ana Ngawi, senajan anggonku kuliah mlebune mung Setu karo Minggu. Ganep anggonku mbayar lan nggawe skripsi kang mung dakganti judule saka skripsi taun sadurunge. Nanging nyatane aku tetep diwisudha lan jenengku ketambahan Hadi Suryono S.Pd. Ora ana bedane karo bocah-bocah sing kuliahe tenanan. Saben dina tansah nggethu njingglengi buku-buku ana perpustakaan. Nanging kuliah kaya ngono iku jan-jane dudu pepenginanku. Iku kabeh krana peksan sak wong tuwaku.
Wiwit ana SMP aku wis duwe kasenengan gambar. Kasenengan kang suwe-suwe dadi candu kanggoku. Nganti ana SMA aku ora mung nggambar ana kertas utawa buku gambar wae. Nanging wektu iku aku wis wani nggambar nganggo cat minyak ana kanvas. Guruku SMA uga ngomong menawa aku iki nduweni bakat babagan nglukis. Lan aku disaranake melu sanggar lukis Sri Wedhari ana ing kuthaku. Wiwit klas loro SMA aku wis melu ana sanggar Sri Wedhari. Ana kono aku ketemu pelukis-pelukis kondhang asli kutha Solo. Krana melu sanggar iku uga aku banjur bisa melu sawatara pameran. Akeh para sutrisna lukis kang seneng marang lukisanku lan kaget ngerti pelukise kang isih bocah. Nanging emane wong tuwaku ora pati setuju yen aku ndadekake nglukis minangka cagaking uripku. Pungkasane nalika aku kelas telu SMA semester loro aku dikon leren sawetara saka sanggar dening bapakku. Alasane jare merga wis cedhek ujian lan aku kudu sinau mempeng. Bapakku kuwatir yen aku ngebotake anggonku nglukis wusanane aku bisa ora lulus ujian. Apa maneh wektu iku ora ana ujian susulan kang ateges sekolahku suwene telung taun ora ana gunane. Sawise dikandhani lan didukani bapak akeh-akeh. Aku kang sadurunge penging mbadal dhawuhe bapak, ora daksidakake. Nanging sansaya dina nyedheki trekahe bapakku sansaya marakake panase atiku. Gulungan kanvasku kang durung dakgambari ujug-ujug ora ana in panggone. Semono uga cet minyak kang dakjejer ana pojokan kamarku ngleles ilang siji mbaka siji. Bareng daktakokake bapakku jarene pancen didelikne supaya bisa konsentrasi marang pelajaranku.
Seminggu sabubare ujian rampung aku njur nggoleki kanvas lan uga cet-cetku. Aku wis kangen banget njogedake kuas lan palet ana dhuwure kanvasku. Aku banjur takon marang bapakku. “Pak, karo cetku wingi njenengan singgahne ana ngendi?”.
“Wis wiwit saiki ora ana nglukis-nglukis maneh. Gombal-gombal putihmu wingi kae wis dakobong. Cetmu sing ambune sengir wingi kae wis dakkelekne neng kali.”
Krungu tembunge bapakku kang memanas ati aku uga banjur muntab. Nanging isih dakrem-rem. Ngelingi panjenengane pancen bapakku. “Lho, ngapa kok ngono pak? Aku ki seneng nglukis. Kepriye kahanane aku kudu tetep nglukis. Aku uga wis ancang-ancang kepingin daftar ana ISI Yogja.”
“Sur, kowe kuwi ora duwe dulur. Kaya ngapa isine aku lan ibumu yen kowe ora bisa dadi wong luhur. Ateges nggonku nyekolahne kowe seprana-seprene kuwi ora ana gunane. Masamu gambar-gambarmu kae isa kopangan? Pokoke saiki ora ana nglukis-nglukisan maneh. Kowe kudu tetep sinau kanggo tes UMPTN ana UGM lan kowe bakal dakdaftarake ana jurusan teknik sipil. Ngendi ana pelukis sugih? Lha lek insiyur akeh sing sugih mbrewu, bandhane mblegedhu.”
“Pak, aja ngasorake pelukis kaya ngono. Aku ora trima pak. Aku bakal tetep nglukis nganti mbesuk. Aku bakal tetep urip saka anggonku nglukis. Lan aku uga bakal mbuktekake bisa nguripi bapak lan ibu kanthi lukisanku.”
“He...apa balenana?kowe arep nguripi bapak ibumu nganggo orek-orekanmu neng gombal amoh kuwi. Sengaraa isa. Karone ora sudi aku mangan panganan saka asile cet-cet sengir kuwi.”
“heh...le, pak. Wis ta. Bapak karo anak awan-awan ngene kok dha tukaran. Ora penak lek dirungokne tangga. Wis ta sur, manuto karo ngendikane bapak. Yen manut kandhane wong tuwa ki wis akeh contone mesthi penak wusanane.”
“Boten buk, aku emoh. Aku bakal tetep nglukis.” Banjur kasusul swarane lawang kamarku kang dakbanting. Luhku kober mili nelesi pipiku. Saka njaba isih keprungu cecaturan antarane bapak lan ibu.
“Duwe anak siji wae ra bisa diatur. Sakarepe dhewe. Arep dadi apa lek wis ngono kuwi.”
“Wis ta pak. Suryono ora usah disrengeni terus-terusan. Yen wis ngene, mengko bocahe rak ya njur mikir. Sesuk-sesuk mesthi wis gelem manut karo karepe njenengan.”
Sedina iku aku ora metu saka kamar babar pisan. Ora butuh mangan, ora butuh adus. Nalika sorene ibu mbukak lawang kamarku ngomongi aku supaya adus lan mangan. Aku ethok-ethok turu mureb ungkep-ungkep bantal. Nganti wengi aku tetep glebagan ana kasurku. Kepingin turu mripat ora bisa merem. Weteng sing ora kisen wiwit awan mau wis ora dakrasa maneh. Rasane kupingku kaya terus-terusan mbenging. Ukarane bapak awan mau bola-bali keprungu ana kupingku. Aku terus-terusan ngenam gagasan apa kang kudu daklakoni. Wusanane kanthi giliging tekad. Aku metu saka omah. Nggendong unen-unene bapakku kang yen diadahi ora cukup sakarung.
Urip klonthang-klanthung banget nyiksa aku. Saka kene aku bisa ngrasakake kaya angele urip iku. Kepingin nginep omahe kancaku. Nanging mesthi gampang diweruhi wong omah tur ya isin yen suwe-suwe nginep. Aku kepeksa turu ana emperan toko. Utawa yen bisa nylingker mlebu pasar klewer sadurunge tutup, aku bisa turu ana bangone wong dodol bathik kang wis tutup. Lumayan ora pati atis kaya neng emperan toko. Senajan ora ngalahne turu ana kasurku ing ngomah. Suwene urip ngglandhang aku nyoba nyambutgawe apa wae. Wiwit tukang parkir srabutan, yen pinuju tukang parkir asline alangan. Nganti nggolok ana pasar klewer, nggendongi karung-karung isi bathik mlebu metu pasar. Pancen asile ora sepira. Nanging saora-orane ana dhuwit kanggo tuku mangan. Masiya, kadhang kala aku sedina mung mangan pisan.
Sesasi anggonku kerja srabutan dadi tukang parkir lan tukang nggolok aku bisa nyelengi kanggo modal tuku kertas lan potlot. Karepku aku arep mbukak jasa pelukis jalanan. Lumayan kena kanggo nyalurne hobi sinambi golek pangan. Dina kapisan aku tetep kerja ngangkuti karung-karung isi bathik menayng njero pasar klewer. Sawise rampung aku lagi ider lan tawa menyang wong-wong kang padha dolan ana sakupenge kraton lan pasar klewer kono.
Dina kapisan usahaku durung ana wong kang gelem dakgambar. Sorene bali aku dadi tukang nggolok merga yen ora ngono ya sida ora mangan tenan. Dina kapindho kaya ngapa senengku nalika ana turis wadon kang gelem dakgambar. Basa Inggrisku kang blekak-blekuk jebul ora dadi pepalang amarga aku lan turis iku luwih kerep migunakake basa isyarat. Maklum padha-padha ora mudenge. Dheweke seneng ndeleng gambar sketku. Nalika ditakoni regane. Aku ngomong yen rong puluh ewu langsung diwehi tanpa ngenteni sampe anggonku kumecap. Aku banjur mubeng maneh ana sakupenge alun-alun. Ana bocah lanang wadon kang algi lungguh bebarengan ing ngisor edhume wit ringin. Nalika daktakoni apa pengin dakgambar. Sing lanang langsung ngomong nyarujuki. Nanging nalika aku masang tarip rong puluh ewu kok ya meksa dianyang separo rega. Pungkasane daklilakake tenaga, pikiran, kertas, lan potolotku kanggo nggambar sarimbit kencur iku kanthi rega limalas ewu wae.
Dina-dina sabanjure lumaku kaya ilining banyu. Saiki aku wis arang nggolok lan dadi tukang parkir cathutan. Aku luwih kerep-kerep mubeng-mubeng karo nyangking kertas lan nyengkelit potlot. Aku wis ngrasa kulina ngrasakake urip ing dalan lan wis ngrasakake pait getire suwene meh telung sasi iki. Ancanganku, aku bakal klumpuk-klumpuk sangu kanggo budhal menyang Yogja lan urip sawatara dina ing Yogja. Angkahku ing Yogja aku uga arep ider, nggambar wong kang lagi plesir. Yen dakpikir Yogja iku pariwisatane luwih maju tinimbang Solo kuthaku. Ing kono mesthi job luwih akeh lan rega uga isa dakundhakake. Yen klakon ngono tenan kaya ngapa bathiku. Lagi penak-penake ngalamun ana pawongan lanang pidegsa nyedhaki aku.
“Mas kula pengin digambar. Nek gambare sae mangke kula tumbase seket ewu.”
Aku sing krungu kaya ngono ya langsung semrinthil. Es dhawet Banjarnegara karemanku kang lagi daksruput age-age dakselehke. “Nggih Pak, mangga.”
“Neng kula nyuwun asale nggambar enten kilene pendhapa mas. Enten mriki keramen. Backgrounde nggih kirang apik.”
“Nggih pun mangga kersa njenengan pak.”
Aku melu wae karo wong iku. Ati krasa ora penak nalika weruh wong pidegsa liyane cacah telu kang ngenteni ing iringan mushola mburi panggon tuku karcis kraton kang tutup. Ujug-ujug wong iku mau mencereng marang aku.
“Wis ana kene wae!”
“Digambar sakniki pak?”
“Ora sah gambar-gambaran. Kowe saiki kudu melu aku.”
Saka kadohan katon wong papat kang mau mung ngadeg banjur padha nyedhaki. Aku wis ngira yen bakal ana kedadeyan ora penak. “Lho kowe sapa? Apa perlumu meksa-meksa aku?”
Tanpa omong apa-apa wong papat kuwi langsung mikut aku. Cangkemku dibungkem. Aku nyoba kridha sarosaku, nanging wong papat methekel iki kaya ora krasa. Wusanane aku dilebokake menyang jip plat tentara. Salah sawijining saka wong methekel mau banjur nyopiri jip iku. Aku kaget nalika ing lungguhan ngarep ana lik Suwana. Adhine bapak kang dadi tentara dhines ana Maospati.
“Sur, aku ngerti yen kowe kaget nalika weruh aku. Aku neng kene dijaluki bapakmu. Jare kowe wis ora bisa diatur nganti wani minggat saka omah. Kowe saiki bakal dakgawa menyang omahku. Ing omahku kowe bakal dakwulang carane urip sing bener.”
Teka omahe lik Suwana wis repet-repet sore ngarepke surup. Tekan kono aku langsung dikon adus. Jan pokoke kudu manut kabeh. Intine aku pancen dididik kanthi cara ,militer. Dina iku rasane dawa banget. Nganti jam loro esuk mripatku durung kober ngantuk. Turu ana kasur omahe lik Suwana sing empuk rasane kaya turu sadhuwure eri bebondhotan. Isih penak turu ing bango pasar klewer. Turuku isa angler masiya kekancan lemut-lemut lan tikus pasar klewer sing pating sliri.
Ringkese crita ana omahe lik Suwana aku banjur dikuliahne jurusan PGSD nganti patang taun masiya mung mlebu rong dina seminggu. Dina-dina liyane mung tansah diisi karo pitutur kang sarwa militer. Apa maneh ketamabahan ocehane lik Suwana wadon sing ora beda pedhese karo kandhane bapakku dhek biyen.
Sawise kasil nggayuh gelar Sarjana saka kuliahku suwene patang taun. Aku banjur pamit menyang likku sakloron. Aku pengin pindhah kutha kanthi alasan peluang dadi guru ing Ngawi apa maneh kutha asalku Solo kaya-kaya neh ora ana. Kejaba wong sing gelem liwat dalan beda. Aku matur yen duwe kenalan ana Tulungagung lan jarene ana kana isih akeh peluang dadi guru SD.
Wusanane aku dililani pindhah menyang kutha anyar Tulungagung. Aku banjur nglamar sukwan ana SD Sumberdadi lan suwene 3 taun aku sukwan, melu tes banjur bisa katut dadi PNS.
Pangupa jiwaku saiki dudu lukisan, gambaran utawa sketsa maneh. Nanging, SD Sumberdadi 1 Sumbergaempol. Kanggoku dadi guru iku ora beda adoh karo dadi pelukis. Murid-murid iku kanvas kang kudu dilukis nganggo maneka warna cet lan teknik. Kadhang nganggo kuas, kadhang nganggo palet. Bedane yen nglukis kudu nyeket yen dadi guru ora. Murid iku kanvas kang wis ana cet dasarane. Yen apik ditambahi, yen isih kurang dibenerake. Kanggo iki pancen wis lakuning uripku. Dadi guru SD. Sketsaku kang biyen dakecering trotoar Pasar Klewer. Saiki kudu dakterusake ana kanvas panguripan SD Sumberdadi 1.
27-11-2010-----28-11-2010
0.53
Tidak ada komentar:
Posting Komentar