Powered By Blogger

Minggu, 11 Juli 2010

crita cekak gumuruhing ati

Sampun Ibu

Dening: tangguh h.w.

“Le, kowe muliho! Deloken bapakmu le”. Ngendikane ibu nalika wingi telpon aku.

Ibu ngendikan karo semu nangis lan sadurunge aku takon ana apa, telpon wis dipedhot. Aku nyoba telpon ibu maneh nanging ora diangkat, malah mung di sms sing penting kowe muliho ngendikane ibu. Nalika aku nyoba telpon bapak Hpne malah ora aktif. Kabeh mau ndadekake gorehing atiku. Aja-aja ana apa-apa ing omah. Rindhik asu digitik anggonku mulih menyang omah. Pengin weruh kaanane ngomah kaya apa.

“Karcis baru...karcis baru...mandhap pundi mas?”, pitakone kondektur bis sing daktumpaki nerak tumlawunging pikirku.

“Ponorogo”, kandhaku cekak aos karo ngelungake dhuwit rong puluhan ewu.

Amarga sedina iki mau kuliah wiwit jam pitu nganti jam siji awan awakku rasane kaya digepuki. Apa maneh keri-keri iki aku repot banget. Kudu bola- bali menyang perpustakaan lan toko buku kanggo golek bahan skripsi. Pancen ya kaya ngene nasibe mahasiswa semester akhir iku. Ngetan, ngulon, ngalor ngidul mangkuli buku. Seminggu pisan ngadhep dosen kanggo bimbingan, revisi lan sapiturute. Kesel awak, kesel pikiran, kesel perasaan, uga kesel dhuwite. Kabeh iku mau njalari aku merem kelem bebarengan karo angen-angenku kang wis ndhisiki teka omah.

Aku kaget semu gragapan nalikane kernet bis mbengok “Nganjuk...Nganjuk”, bebarengan karo lumakune bis mlebu menyang terminal Anjuk Ladang. Ora tak rasa rong jam wis lumaku. Rong jam kang sejatine krasa suwe banget amarga pangrasaku kang ora jenjem. Bakul-bakul asongan puluhan cacahe munggah bis nanging tetep ora bisa mbuyarake anggonku ngalamun. Pikirku wis adoh teka ngomah bareng karo anggonku ngalamun. Ndhisiki lakune bis-bis kang sesalipan ing dalan.

Ora let suwe ana bocah wedok lungguh ana ngarepku. Umure watara rong taun sangisorku. Ngango clana jeans lan kaos. Bocahe dhuwur pakulitane kuning nemu giring lan nganggo kacamata. Sinambi lungguh bocah wedok iku kober nguncalake eseme kang pait madu marang aku sing kawit mau terus-terusan nyawang dheweke. Aku ora kesengsem karo bocah iku, nanging atiku malah krasa perih saben nyawang bocah wadon kang cilik dhuwur lan nganggo kacamata. Saben nyawang kenya kang kaya ngono iku atiku kaya-kaya umub rasane.

Ah. . .pikirku bali tumlawung ngeling-eling lelakonku kang biyen-biyen. Ya ana kutha iki, watara rong taun kepungkur. Nganjuk kutha kang tahu aweh crita endah marang aku nalika isih semester telu biyen. Rani kenya manis asli kutha Nganjuk kang nate setahun bebarengan karo aku lelumban ana ing tlaganing asmara. Wewayangane kenya lencir kuning iku tansah gumawang ana mripatku. Ya swarane, eseme, tindak-tanduke kang ngalem banget iku malah nambahi kangenku. Lan siji sing ora bisa daklalekake yaiku kacamatane kang malah nambahi manise. Biyen saben mulih kuliah saka Surabaya mesthi wong loro senajan Rani mudhun ana ing Nganjuk lan aku bablas menyang Ponorogo. Aku wis kaping telu dolan menyang omahe Rani ing Nganjuk. Semono uga rani wis tahu dakjak dolan menyang oamhku ana Ponorogo. Aku rumangsa menawa Rani kenya kang sampurna banget kanggoku. Dheweke kandha yen bisa nampa aku apa anane. Rani malah janji mengko yen wis padha luluse gelem dadi sisihanku. Atiku saya mongkog krungu janjine Rani iku. Kuliahku saya sregep, pamrihe muga-muga bisa ndang lulus gek bisa nglamar Rani marang wong tuwane.

Nanging wusanane crita kang rinonce endah iku kudu bubar lan dadi sad ending amarga tekane Herman, tentara anyaran kang kasil ngrebut atine Rani. Mbuh kepriye critane, sakala atine Rani malik. Rani luwih milih Herman kang luwih mapan yen dibandingake aku sing isih kuliah. Janji-janine Rani kang biyen tahu kawetu saka lambene kang kaya manggis karengat iku saiki wis ketutupan pangkat. Ilange Rani saka atiku ndadekake aku kaya wong linglung. Ora ana panggonan kanggo nyuntak rasa seneng lan susahku. Dina-dinaku mung dikebaki rasa sedih lan ora ana wise anggonku mikirake Rani kang saiki wis dadi nyonya Herman. Nganti kuliahku bubrah lan bijiku medhun kabeh. Nanging yo wis ben kabeh mau dakanggep mung crita lawas kang ora bakal dakeling-eling maneh. Crita iku dakpendhem jeru supaya mung aku karo atiku bae sing ngerti.

Ora watara suwe bis sing daktumpaki wis lumaku maneh. Rani lan kabeh crita lawasku dakpendhem maneh. Atiku kang ngemu nanah uga daktokake bae bebarengan karo lakune bis sing daktumpaki ninggalake terminal Anjuk Ladang. Wewayang kenya rani kang lencir kuning kaganti wewayangane bapak, ibuku lan swasana ngomahku kang sedhiluk maneh bakal dakparani. Aku uga banjur keturon jalaran awakku kang kesel banget.

Rong jam candhake bis wis teka ing terminal Seloaji Ponorogo. Age-age aku mudhun lan numpak bis mini kang tumuju menyang kecamatanku. Kaya biasane yen teka Ponorogo wis sore ngarepne maghrib ngene iki mesthi aku bebarengan karo bocah-bocah SMEA Gandini kang padha mulih sore. Lumayan kena kanggo ngumbah mata sapa ngerti ana sing kecanthol karo aku batinku. Bocah-bocah SMEA Gandini pancen wis misuwur yen ayu ayu rupane. Apa maneh murid-muride wedok kabeh. Sapa ngerti bisa kanggo tambane atiku kang ajur mumur amarga ditinggal Rani. Kenya pepujaning atiku. Nanging saiki umurku wis ora enom maneh aku saiki mahasiswa semester wolu kang kudu cepet-cepet ngrampungake skrpisi. Sing dadi pikiranku saiki mung age-age lulus lan bisa nyambut gawe. Supaya aku bisa golek dhuwit dhewe lan ora ngebot-ngeboti wong tuwaku. Lan genti nyenengake wong tuwaku kang sasuwene iki wis direwangi jungkir walik anggone ngragadi kuliahku. Lan direwangi adol wirang golek utangan mrana-mrene kanggo nyukupi kebutuhanku kuliah ana Surabaya.

Setengah jam sabanjure aku wis tekssa kecamatan Pulung. Banjur numpak ojek suwene limang menit lan aku wis teka omah. Nalika mlebu omah aku ngrasa rada aneh amarga omahku kahanane sepi. Ora ana semliwere bapak utawa ibu ngertakake tekaku. Mangka biasane yen aku mulih ngene iki mesthi wis kebanjiran pitakon saka wong tuwaku kawit ana latar. Nanging iki mau omahku kok sepi nyenyet ngowah-ngowahi padatan. Aku lungguh ana kursi ruang tamu karo ndelehke tasku kang wit mau tak gendong ana pundakku. Sinambi nyepot sepatu aku inguk-inguk menyang kamar sapa ngerti babak karo Ibu lagi sare.

Ibu kang mlaku saka omah pawon ngrayuk aku karo nangis miseg-miseg.

“Bapakmu le...Bapakmu”, ngendikane ibu nambahi bingungku.

“Bapak kenging menapa ibu?bapak kenging napa?” pitakonku sansaya bingung.

Nalika tangise ibu wis ora patio maneh ibu ngendikan kang banget gawe kagetku. “Le, bapakmu saiki wis edan, klakuane wis ora genah”, ngendikane ibu.

“wonten napa ta bu?” jareku.

Ibu ngendikan maneh karo luh kang terus tumetes ing pipine “bapakmu saiki rabi maneh le, bapakmu rabi maneh karo kancane mulang ana ing SMP sing ora liya ya gurumu dhewe” tangise ibu sansaya santer.

Kanthi ati kang isih bingung lan luh kang uga tumetes aku takon “sinten buk?”. “Bu Yani le” ngendikane ibu.

Bapakku sing tansah dakanggep dadi pepundhenku lan dakdadekake tuladha jroning nglakoni uripku. Lan bu Yani kang biyen nate dadi wali kelasku nalika SMP. Ah. . . atiku rasane kaya remuk-remuko. Rasane kaya kudu mbengok, kudu nangis, kudu nesu, kabeh rasa campur ngebaki pikiran lan atiku.

Aku nyawang ibu kang nangis kamisesegen kagawa rasa sedih amarga tingkahe bapak kang ora daknyana-nyana lan gawe wirange kluwarga. Atiku rasane kaya tambah rojah-rajeh mrangguli kang kanyatan urip kang pait banget iki. Rasane atiku luwih lara tinimbang nalika ditinggal rabi rani biyen. Alon-alon ana banyu bening tumetes ngliwati pipiku. Banyu bening kang wiwit mau dakempet pungkasane ambrol kagawa nggrantesing atiku. Aku kang wis umur rolikur taun nangis ngguguk ing pangkone ibuku. Semono uga ibuku tangise uga sansaya ngaruwara. Nyawang ibuku kang nangis kamisesegen karo nyawang aku kang kawetu saka lambeku mung “sampun Ibu...sampun, kula sampun wonten ngriki” karo luh kang terus tumetes ing pipiku. Jantraning uripku jebul kudu ngalami maneka warna kedadean kang njuwing-njuwing atiku. Nanging aku sadar Gusti ora bakal aweh pacoban ngluwihi kabisane umate.

Sanggar Bharada, September 2009

Tidak ada komentar:

Posting Komentar