Dinane dina Kemis. Dina Kemis iku dina kang padhet banget kanggone Wawa. Padhet uga nguras tenagane. Ora nguras tenaga piye, wong kuliah jam pitu kok nganti jam setengah papat. Ditambahi dina iki srengenge katon menthor-menthor pas ing ndhuwur sirah. Jam ing pojok kelas kang lagi wae dinggo kuliah Wawa nuduhake jam 12 awan. Wawa pancen jeneng kang aneh, apa maneh tumrape wong asli Jawa kaya Wawa. Pancen sing menehi celukan Wawa iku kanca-kancane kuliah. Jare kurang gaul wong bocah jurusan sastra Inggris kok jenenge Wibawa Sasangka. Jenenge jeneng kuna jare kanca-kancane. Wawa ya mung manut wae.
“Wa...wawa...arep neng ndi?” Keprungu suara wadon nyeluk jenenge.
Wawa wis apal banget karo suara iku. Niken kancane sakelas. Wawa wis isa mbedhek jroning atine. Mesthi Niken yen mlaku karo mbenerne kacamatane sing jan-jane mono wis bener panggone. Mung wae wis pakulinan paling.
“Neng kantine aku melu. Tapi lek neng musholane penakna ya Wa. Aku tak ora melu.” Niken ngomong karo nyengir.
“O...tanahe wanita tak beriman kowe ki. Bukan pemudi harapan pemuda.” Kandhane Wawa semu ngenyek Niken.
“Huss...aku ki lagi ana tamu. Dadi aku ora oleh shalat.” Niken kandha karo bisik-bisik.
“Ana tamu kok ra kon mlebu”. Wawa kandha karo mbeda Niken
“Ah...mbuh Wa. Ra omong karo kowe. Neng kantin dhewe aku.”
Wawa mung nyengir karo mlaku ngetut ing samburine Niken kang katon jengkel banget karo dheweke.
Pancen ngono kuwi adate yen bocah loro kuwi ketemu. Rong tahun urip ana ing kutha metropolis Surabaya ora ngowahi logat ngomonge bocah loro kuwi kang asli Madiun. Senajan yen omong-omongan karo bocah liya tetep nganggo logat Surabaya. Amarga yen tetep ngomong karo logat Madiune jare kancane sing asli Surabaya kaya wong main kethoprak.
“Pesen apa yaangg??” Kandhane Wawa karo mesem kang dimanis-manisake marang Niken
“Huuhh...apa? Yang? Masamu aku wayang piye?” Sengol saurane Niken.
“Hihi...aku kan mencoba romantis.” Wawa tetep mbeda Niken. Yen wis bisa mbeda kancane ngono kuwi rasa kesele Wawa malih ilang. Dhasare si Wawa pancen bocah usil.
“Weeekk...Wawa elek. Ndang gek neng Mushola kana. Jare arep shalat.”
“Aku arep mangan sik. Ora penak shalat mikir mangan. Mending mangan mikir shalat.” Bakul neng kantin kang ngerti polahe bocah loro kuwi mung mesem kecut sinambi ngladeni pesenane mahasiswa loro sing wis dadi langganane kuwi.
“Aku bar kuliah arep mulih neng Madiun. Kowe mulih pa ra ken?” pitakone Wawa.
“Ora Wa, sik durung sir mulih aku.” Wangsulane Niken entheng.
“Iya, wong mas briptu ora mulih kok. Mesthi wae kowe males.”
“Heehh...ngawur ae lek ngomong. Aku sik bar mulih minggu wingi.”
“Uuuhh...” Niken sing mangkel nggablok gegere Wawa sarosane.
“Waduuuhh...ampun briptu.”
“Menenga Wa.” Niken kandha karo nggetak Wawa.
“Ya wis...Bu Nikeen. Ampuun. Damai ya. Mulane aja pacaran karo polisi. Kerep ditinggal ta. Iya lek ora mendua. Piye kowe? Penantianmu pa ra ya sia-sia.”
“Ora ngurus omonganmu Wa. Aku percaya kok karo mas Huda.”
“Haahh...kandhani ra percaya. Ya wis aku shalat sik”
“Lek shalat sing tenanan ben ndang oleh hidayah kowe ki.”
Wawa metu saka kantin nalika wis jam setengah siji punjul lima. Dheweke cepet-cepet menyang Mushola saperlu shalat zuhur. Amarga jam siji mengko isih ana kuliah maneh. Senajan kaya mangkono niate kanggo mulih tilik wong tuwane lan adhine wis gilig.
Kuliahe sing pungkasan kanggone Wawa mung dianggep dongeng pengantar tidur wae. Lha kepriye dosen kok peninggalan jaman purbakala. Isine mung ceramah wae suwene rong jam punjul. Pitakone Wawa siji, apa ora kesel ngono lho dosen iku. Wong dheweke sing ngrungokne wae kesel malah kerep nganti turu. Kok si dosen iki ngomong wae ora ana lerene. Tanpa preduli mahasiswane bisa ngerteni karepe apa ora. Yen wis turu ngono iku kerep wae Niken ganti sing usil. Wawa dipoto banjur diupload menyang facebook, supaya kanca-kancane kabeh padha ngerti.
Nanging awan kuwi beda karo adate. Wawa ora kena virus ngantuk kaya biasane. Bisa uga amarga semangat arep mulih menyang Madiun. Dadi dheweke terus melek. Sapa ngerti yen keturon ana kelas terus ditinggal kanca-kancane mulih dhisik. Nanging pikirane tetep ora bisa menyang dosene kang lagi menehi kuliah ana ing ngarep kelas. Dheweke malah kelingan yen jangan lodeh tahu gaweyane ibune enak banget. Age-age dheweke njupuk HP ana ing sak clanane, nuthul keypade kanggo ngrim sms marang ibune.
“Buk, ngko bar kuliah aku mantuk Madiun. Gawekna jangan tahu putih ya buk. Sing pueedeess. Yen perlu nganti nangis-nangis. Anakmu sing nggantheng dhewe. Wibawa. Hehe”
Ngono ukara kang ditulis Wawa ana HPne. Sabubare ngirim sms iku Wawa mbalik nyawang dosene kang lagi ceramah ana ngarep kelas. Senajan pikirane wis mlayu lelumpatan ing antarane wit-wit jati alas Saradan.
***
“Okay...class. Ithink enough for today. Thank you very much. And see you next time”
Ukara kang banget dienteni Wawa sidane kawetu saka dosene. Ukara iku senajan mung selarik, nanging penting banget kanggone Wawa. Merga ukara iku pertandha mata kuliah mendongenge wis rampung. Lan wis wancine dheweke mulih.
Sabubare kuliah Wawa langsung bablas mulih menyang kos-kosane kang ora pati adoh saka kampuse. Dheweke wis ora ngendek jangkahe nalika Niken nyeluk. Mung disaurri cekak aos.
“Sms wae ken!”
Awake Wawa krasa kesel banget. Kuliah sedina iki mau nguras tenagane banget. Teka kos-kosan sawise nyepak-nyepake barang kang arep digawa mulih Wawa leren sedhela. Awake dilendehake menyang tembok kamare sinambi lungguh ana ndhuwur kasur.
***
Bis sing ditumpaki Wawa playune prasasat kaya playune angin. Apa maneh dheweke lungguh ing ngarep dhewe pas samburine sopir. Dadi bisa nguwasi tingkahe sopir nguntar-nguntir setire lan si kernet kang bengak-bengok nggolekake dalan. Asline Wawa ora seneng karo bis sing ugal-ugalan ngene iki. Nangingdina iki dheweke pengin age-age teka omah, mula lakune bis sing ora karu-karuan wis ora dipaelu.
Tekan unggah-unggahan alas Saradan Madiun macet banget, nanging sopir bis sing ditumpaki iki katone ora sabar. Setir bis iku langsung dibanting nengen, digelak lakune nyalip kendaraan liyane kang ora bisa mlaku merga macet lan ora wani nyalip merga ana unggah-unggahan. Teka tengah-tengahe unggah-unggahan jebul ana bis liya saka ndhuwur. Playune banter banget amarga dalane mudhun. Sopir bis sing ditumpaki Wawa bingung, bise kang isih mlaku banter dibanting nengen kanggo ngendhani bis sing saka ndhuwur. Lakune bis langsung dipapak wit jati alas Saradan. Kabeh penumpang ing njero bis iku padha pating jlerit. Wawa ngrasa awake lara banget. Getih metu saka irunge, tangane wis ora bisa kanggo obah, nanging wis ora keprungu suarane maneh.
***
Rumangsane Wawa dheweke wis teka lurungan tumuju omahe. Dheweke terus wae mlaku nurut lurungan cilik iku. Nanging ora kaya biasane dalan cilik iku rame. Wong-wong padha menganggo ireng. Sing ndadekake bingune Wawa, sakabehe wong ana kono padha orasapa aruh karo dheweke. Nalika dheweke teka ngomah kaget weruh bapake katon sedih lan ibune nangis ngguguk neng ngarep kunarpa. Niken uga wis ing pojok ruang tamune dikantheni pacare mas Briptu.
“Hoalaahh le... Wibawa. Kok gelis nggonmu teka ing janji le.” Sesenggrukan ibune Wawa nangis.
“Jebul anggonmu njaluk jangan tahu putih awan mau mung pratandha le.” Kandhane ibune Wawa
Wawa kang meruhi sesawangan kaya ngono sakala nangis. Nangisi awake dhewe.
“Jagad Dewa Bathara, kok mung semene pepesthene uripku.” Kandhane Wawa jroning batin. Jebul jangan tahu putih sing dijaluk awan sadurunge dheweke mulih nggawe nangis tenan. Ora merga pedhese. Nanging merga dheweke saiki wis tumeka ing janji, kang ateges dheweke saiki wis dudu manungsa maneh. Dheweke mung kari jiwa kang nunggu ragane kasampurnakake. Nangis ngguguk Wawa, rumangsa isih akeh dosane. Ngrumangsani yen wewatesane urip lan pati iku ora kandel kaceke.
***
Bedhug maghrib kang ditabuh mangambal-ambal keprungu lamat-lamat ing kupinge Wawa. Nalika dheweke ngelekake mripate kahanan peteng ndhedhet. Langsung wae Wawa tangi lan nggoleki saklar lampu. Lampu kamare murub bebarengan karo keprungune adzan maghrib. Dheweke banjur ngombe banyu putih sagelas gedhe. Lan lenger-lenger karo lungguh neng kasur.
“Semprul, aku mau mung ngipi jebule.” Kandhane Wawa marang awake dhewe.
Tradhisi Piton-piton Bayi ing Desa Wotan, Kec. Pulung, Kab. Ponorogo
A.Arane Tradhisi
Masyarakat ing desa Wotan, Kec. Pulung, Kab. Ponorogo yen nduweni anak lan umure wis ganep pitung sasi Jawa utawa pitunglapan (salapan telung puluh lima dina) bakal dianakake tradhisi piton-piton utawa mitoni. Diarani piton-piton amarga wektune ngleksanake upacara kang ngepasi umur pitunglapane si jabang bayi kaya kang wis tinulis ing bebukane atur. Adicara iki dilaksanakake ana ing dina lan pasaran kang padha karo dina lan pasaran nalika bayi dilairake.
Masyarakat desa Wotan uga ngarani upacara piton-piton iki kanthi tembung “kething”. Dadi bayi kang wis wancine dipitoni diarani wis titi wanci kethinge. Sawise dijlimeti lan digoleki tembung kething iki asale saka tembung ketingan. Tetembungan ketingan iku dhewe adhedhasar baoesastra djawi anggitane Poerwadarminta tegeseslametan bocah cilik medun lemah sepisanan.
B.Ubarampe Tradhisi Piton-piton
1.Buceng kroyok
2.Banyu kanggo adus
Ing njero banyu kasebut dicampuri maneka warna ubarampe liyane yaiku:
a.kembang setaman
b.kembang boreh
c.godhong andong
d.manggar
e.godhong gandarasa
f.lan dhuwit kricik kang cacahe padha karo neptune si bayi
3.Wadah banyu kanggo adus si bayi.
Biasane nganggo bak saka plastik.
4.Dhuwit kricik cacahe padha karo neptune si jabang bayi
5.Janur kang dibentuk kanggo makuthane bayi
Si bayi dinggoni makutha saka janur kanthi pangajab supaya si bayi bisa metu nur’e. Utawa ing tembe mburine dadi wong kang kebak cahya tegesekebak kawibawan lan dadi wong kang kajen.
6.Kurungan
Perlambang alam donya panggonan uripe manungsa
7.Pitik urip
8.Pakan pitik lumrahe nganggo beras
9.Piranti tulis
10.Jadah pitung rupa
Perlambang lakuning urip si jabang bayi kang bakal dilakoni maneka warna rupane. Tegese si bayi bakal nglakoni maneka warna kahanan urip minangka ujian tumrap dheweke.
11.Andha saka tebu ireng
Andha kang mengkone bakal dipenek si bayi mujudake dalane si bayi nuju kaluhuran kudu munggah satrap mbaka satrap. Dene tebu minangka jarwa dhosoke anteping kalbu. Diajab supaya si bayi anggone nggayuh kaluhuran dikantheni kanthi rasa mantep ing kalbu.
12.Golong lima
Kanggo metri sedulure si bayi
13.Golong pitu
Kanggo metri karang pomahane
14.Buceng
15.Nyambung tuwuh
Nyambung tuwuhe wong tuwa marang anak. Wujude buceng sing sakupenge diwenehi bothok iwak kang cacahe padha karo neptune si bayi lan uga dipepaki kuluban utawa urap-urap.
16.Iwel-iwel
17.Pelas
18.Jenang abang putih
Perlambang sangkan paraning si bayi. Yaiku saka bapa lan biyunge.
19.Jenang sengkala
Kanggo nyengkalani sakehing godha rencana kang teka
20.Buceng pitu
Mertandhani menawa umure si bayi ganep pitung sasi,
21.Buceng kuat
22.Pipes
Digawe saka ketan lan tengahe ana gedhange. Saemper karo nagasari nanging digenemi.
C.Paraga Piton-piton
1.Bayi kang arep dipitoni
2.Dukun Bayi
3.Wong Tuwane si Jabang Bayi
D.Tata Urutane Tradhisi Piton-piton
Upacara piton-piton kawiwitan kanthi ngedus si jabang bayi nganggo banyu ing njero bak. Sing kajibah ngedus si bayi yaiku dukun bayi kang dipercaya dening wong tuwane bayi iku. Sadurunge banyu iku wis diwenehi kembang setaman, kembang boreh, godhong gandarasa, manggar, godhong andong lan dhuwit kricik kang cacahe padha karo neptune si jabang bayi. Sabubare adus banyu kang bubar dinggo adus kasebut dibuwang lan dhuwit kricik kang ana ing njerone banyu biasane dijupuki dening sing padha ndelok upacara iki. Malah sok-sok yen akeh bocah cilik kang padha ndelok upacara iki dhuwit-dhuwit receh iku banjur padha dinggo rebutan. Biyen biasane anggone ngedus si bayi iku wanci bengi mbarengi wancine genduren. Nanging, kanthi alasan kasarasane si bayi biasane anggone ngedus sore lan bengine lagi digendureni utawa didongani.
Sabubare didus bayi iku banjur dipacaki yen wadon supaya katon ayu lan yen lanang supaya katon nggantheng. Sabubare diapacaki si bayi banjur dilebokake njero kurungan. Lumrahe si bayi dipangku dening dukun bayine. Iki minangka pralambang menawa si bayi bakal nglakoni panguripane lan kurungan iku disimbolake minangka alam donya panggonane urip manungsa lan kabeh titahe Gusti kang akarya jagad.
Sawise mlebu menyang njero kurungan kang tegese yaiku wis bisa urip ing alam donya si bayi banjur makani pitik. Tradhisi makani pitik iki diarani ulung-ulung. Kanthi pangajab sajroning nglakoni uripe wiwit cilik tumekane dewasa bisaa si bayi dadi wong kang seneng tetulung marang liyan. Sawise ulung-ulung rampung banjur diterusake kanthi ngliwati jadah pitung rupa. Bayi dituntun dening dukun bayi ngliwati jadah pitung rupa. Sabubare dituntun dukun bayi banjur dituntun ibune bayi lan sing pungkasan diliwatne jadah dituntun bapake bayi. Perangan iki nduweni pangajab supaya si bayi bisa nglakoni maneka warna lakune panguripan. Sing angel utawa sing penak.
Sabubare diliwatne ana ing jadah pitung rupa si bayi banjur dipenekne ana ing andha saka tebu. Sing menekne pisanan ibune banjur bapake si bayi. Perangan menek andha iki nggambarake lakuning urip si bayi kanggo nggayuh kaluhuran. Si bayi kudu napaki sauntu mbaka sauntu andha kasebut. Semono uga jroning nglakoni uripe kudu bisa dadi wong kang sabar. Lan kang dinggo andha saka tebu amarga tebu iku cekakane saka antebe kalbu. Dadi jroning nglakoni uripe kanggo nggayuh kaluhuran bisaa si bayi tansah nduweni kanteban jroning kalbune. Saengga gegayuhane bisa enggal kaleksanan.
Si bayi banjur diwenehi buku lan piranti tulis supaya mengkone dadi bocah kang pinter. Pinter kang dimaksudake yaiku pinter ing babagan akademis. Sabubare diwenehi buku lan piranti tulis si bayi banjur diadepake menyang buceng kroyok. Lan si bayi dikongkon njupuk iwak pitik kang diencepake ana ing buceng kroyok kasebut. Perangan iki minangka pralambang si bayi bisa golek pangupajiwa ing tembe mburine. Sawise kabeh tata urutan kasebut rampung banjur bengine nganakake genduren utawa ndedonga bareng-bareng kang ditekani wong salingkungan lumrahe mawa cara islam.
E.Makna Sajroning Tradhisi Piton-piton
Tradhisi piton-piton iku sejatine minangka pepenget utawa pangeling-eling menawa kanggone wongtuwane si bayi yen putrane wis ngancik umur pitung sasi. Tradhisi piton-piton uga minangka pandongane wong tuwa kanggo anake. Wong tuwa nduweni pangajab supaya anake wiwit wektu iku nganti tekan dewasa bisa dadi bocah kang apik. Donga-donga kasebut disimbolake ana ing maneka warna ubarampe kang ana ing tradhisi piton-piton iki. Saliyane iku pandonga kasebut uga diwujudake kanthi maneka warna runtutane adicara kang dilakoni si bayi. Saka saben runtutan kasebut mesthi nduweni makna kang surasane pandonga utawa pangajab supaya ing tembe mburi si bocah dadi wong kang apik.
Tugas Tradisi Jawa I
Tradhisi Piton-piton Bayi ing Desa Wotan, Kec. Pulung, Kab. Ponorogo