Powered By Blogger

Senin, 16 Januari 2012

Ranggawarsita Ngudarasa Jroning Serat Sabda Jati (Tintingan Psikologi Sastra)

BAB I

PURWAKA

1.1 Mula Bukaning Panaliten

Periodisasi utawa pameranging wektu ana ing sastra Jawa kapantha-pantha dadi telung wektu yaiku jaman sastra Jawa kuna, sastra Jawa madya, sastra Jawa anyar lan sastra Jawa modern. Saka saben wayah utawa periode iku ngasilake maneka karya kang nduweni kaunggulane dhewe-dhewe nut ing jaman kelakone. Maneka warna karya sastra iku uga ora diripta dening sawijining pawongan wae, nanging ana pirang-pirang pawongan kang kabiji pangripta misuwur saka saben wektu periodisasi iku.

Ana ing panaliten iki kang bakal ditengenake gegayutan karo jaman utawa periode sastra Jawa anyar. Nalika jaman sastra Jawa anyar karya sastra kang diasilake arupa serat-serat. Lumrahe ana ing jaman sastra Jawa anyar karya sastra kang diasilake arupa tembang-tembang macapat. Asiling karya sastra iku uga isih kaperang maneh dadi rong werna yaiku sastra Jawa anyar gagrag pesisiran lan sastra Jawa anyar gagrak kratonan utawa gagrak klasik. Ing kene kang luwih ditengenake yaiku sastra Jawa anyar gagrak klasik utawa kratonan. Cirine saka karya sastra Jawa anyar gagrak kratonan yaiku basane kang luwih dhuwur utawa luwih “nyastra” yen dibandingake karo sastra Jawa anyar gagrak pesisiran. Bebukaning serat ana ing gagrak pesisiran biasane nganggo tembang Asmaradana lan ana ing gagrak kratonan tembang Dhandhanggula. Nanging iku ora dadi pawadan maton amarga akeh pangripta-pangripta kang kabiji revolusioner lan ora nggunakake jinis tembang kang kasebut ing ndhuwur.

Kang bakal dadi bebakalaning jroning panaliten iki yaiku salah sawijining karya sastra saka jaman sastra Jawa anyar kanthi irah-irahan Serat Sabda Jati. Serat Sabda Jati anggitane R Ng. Ranggawarsita salah sawijining pujangga saka kraton Surakarta. Serat Sabda Jati minangka karya pungkasan anggitane sang pujangga kraton sadurunge panjenengane seda. Ing serat iki isine ngemu maneka warna perangan kang ngedab-edabi. Kang paling misuwur yaiku ngenani ramalan kapan sedane sang pujangga lan kapan nuswantara merdika uga kamot ana ing serat iki.

Nanging serat iki ora bakal katintingi ngenani isining kang magepokan karo teks sacara langsung nanging kang bakal ditintingi yaiku proses kreatif kang dilakoni dening Ranggawarsita. Tintingan iku dipilih amarga yen diwawas gegayutan karo serat Sabda Jati iku mung ana ing tintingan tekstual wae lan nglirwakake perangan kajiwane pangripta. Babagan iku kang ndhasari anane panaliten iki.

Kaya kang dingerteni yen karya sastra iku minangka asil utawa produk pamikiran lan kajiwan saka pengarang kang ana ing kahanan setengah sadar subconcius sawise trawaca lagi dicethakake kanthi sadar conscius. Antarane sadar lan ora mesthi terus angiringi pengarang sajrone ngripta karya sastrane kang mbutuhake daya imajinasi. Dayane karya sastra iku bisa diwawas saka sepira karya sastra iku bisa ngungkapake ekspresi kajiwan kang ora sadar iku ana sajrone karya sastra(Endraswara, 2003:96).

Slaras karo panemu ing ndhuwur lan minangka panjangkeping lelandhesaning panaliten miturut Endraswara (2003:105) pangripta iku uga sawijining tukang nglamun lan kadhangkala uga “edan”, peneliti kudu bisa nintingi nganti jero lan pratitis. Panaliti uga perlu tumekaning tintingan kang dituduhake dening Nietzsche (Wellek lan Warren ana ing Endraswara 2003:105) ana rong werna sastrawan yaiku plastis lan diffluent. Pangripta jinis plastis biasane bisa nggawe citraan visual kang nandhes, kang dirangasang kanthi pagindran sanjabane awake. Pangripta jinis diffluent yaiku pangripta kang ngawiti imajinasi utawa pangangene kanthi emosi banjur dituwuhake kanthi irama lan pencitraan.

Amarga kasunyatan ing ndhuwur mula psikologi sastra kapilih kanggo nintingi serat iki. Psikologi sastra ngemu teges kajian sastra minangka salah sawjining perangane kritik sastra kang mawas karya iku minangka aktivitas kajiwan. Yen diwawas saka pengarange kaya kang wis diandharake ing ndhuwur yen pengarang iku mbutuhake proses kajiwan antarane sadar lan ora kanggo ngripta karyane. Pamaos uga migunakake nalurine lan rasa pangrasane jroning maca sawijining karya sastra. Dene karya iku bisa dianggep pantulan kejiwaan saka pangripta. Nanging ana panaliten iki kang bakal ditliti yaiku perangan kajiwan pangripta kang diwawas saka karyane, jejere pangripta minangka pribadi utawa wakil saka bebrayane. Kanggo luwih cethane bakal ditintingi kanthi luwih jero ing bab-bab sabanjure.

1.2 Undheraning Panaliten

Saka kasunyatan kang ndhasari anane panaliten iki mula ing ngisor iki bisa dijlentrehake undheraning panaliten kang tembene bisa menehi ancangan kepriye anggone nindakake panaliten iki. Dene kang dadi undheraning panaliten iki yaiku:

1) Kepriye biografi utawa lakuning uripe Ranggawarsita?

2) Kepriye isine serat Sabda Jati?

3) Apa kang dadi tujuane utawa pangajabe Ranggawarsita kanthi ngripta serat Sabdajati?

1.3 Ancasing Panaliten

Panaliten iki nduweni ancas utawa tujuwan kanggo:

1) Ngerteni biografi utawa lakuning uripe Ranggawarsita.

2) Ngerteni isine serat Sabda Jati.

3) Ngerteni tujuan lan pangajabe Ranggawarsita kanthi ngripta serat Sabda Jati.

BAB II

ANDHARAN

2.1 Biografi Ranggawarsita

Asma asli saka Raden Ranggawarsita nalika isih timur yaiku Bagus Burham. Panjenengane miyos ana ing dina Senen tanggal 15 Maret taun 1802 Masehi. Panjenengane miyos ana ing dalem Yasadipuran Surakarta. Yen ditilik utawa diwawas saka trahe Ranggawarsita pancen trah kusuma rembesing madu. Ranggawarsita miyos nalika pamarentahan dipangarsani dening Paku Buwana IV.

2.1.1 Leluhure Ranggawarsita

Leluhur Ranggawarsita iku ing biyene pancen para pujangga misuwur kang karyane uga misuwur. Bapake Ranggawarsita paring asma Sudiradimeja, mbahe Yasadipura II lan buyute Tumenggung Padmanegara kang uga minangka Bupati Pekalongan. Yen diurutake terus mandhuwur Ranggawarsita isih ana trah turune saka kraton Majapahit. Ranggawarista iku turune prutri Majapait kang krama karo Andayaningrat.

Ibune Ranggawarsita asmane Nyai Ageng Palar. Yen dituru menyang ndhuwurRanggawarsita sih kaprawan jaman sadururnge yaiku saka Tumenggung Sujanapura, pujangga saka Pajang. Ranggawarsita cilik uga ora owal saka donyaning kasusastran. Panjenengane tansah antuk piiture Yasdipura II. Amarga jejere Ranggawarsita pancnen putu saka Yasadipura II. Mual ora mokal yen Ranggawarsita dadi pujangga kang kasuwur.

2.1.2 Pasinaone Ranggawarsita

Dadi trah turune para pujangga, Bagus Burham wiwit cilik wis nyimpen bakat kasusastran. Dening Yasadipura I Ranggawarsita wis diramal bakale dadi pujangga panutup ing tembe mburine. Apa maneh wiwit cilik wis digulawenthah dening Yasadipura II kang aweh pangaribawa gedhe mligine babagan kawruhe Ranggawarsita ngenani kasusastran. Nalikane umur patang taun nganti umur rolas taun Bagus Burham dipasrahake menyang sawijining pamong yaiku Ki Tanujaya sawijining pawongan kang apik bebudene, nyenengake lan akeh ngelmune.

Sawise wolung taun dimong dening Ki Tanujaya ana ing taun 1813 Bagus Burham meguru lan sinau ngaji marang Kyai Ima Besari ing Pondhok Pesantren Gebang Tinatar Ponorogo. Kyai Imam Besari yaiku putu saka Pakubuwana lan dulur saperguron R.T. Sasteranagara kang uga winasis ing babagan kebatinan kang isih turune priyayi lan samesthine nduweni maneka warna sumber kapustakan Islam Kejawen kang akeh.

Wiwitane mondhok ana ing Gebang Tinatar Bagus Burham ora katon kadidene bocah kang pinter trah turune para pujangga. Suwalike Bagus Burham dadi bocah kang lumoh. Amarga perkara iki Kyai Imam Besari duka marang pamonge Bagus Burham yaiku Ki Tanujaya. Ki Tanujaya dianggep tansah nguja marang kabeh kepenginane Bagus Burham. Amarga anane perkara iku Bagus Burham lan Ki Tanujaya banjur lunga ninggalake Gebang Tinatar.

Sawise lungane Bagus Burham saka Gebang Tinatar dicritakake yen ing Gebang Tinatar banjur akeh kedadean-kedadean kang nyusahake warga. Para wargane padha kena paceklik, akeh kang tumindak colong jupuk ana ing Gebang Tinatar. Kanthi anane perkara iku Kyai Imam Besari banjur nenuwun marang Gusti Ingkang Akarya jagad supaya diparingi pitedah kepriye murih desane bali ayem tentrem kaya sakawit. Kyai Imam Besari banjur oleh ilham saka Gusti Kang Murbeng Dumadi kahanan bakal bali tentrem yen Bagus Burham mbalik menyang Gebang Tinatar. Pungkasane Bagus Burham bali ditimbali dening Kyai Besari, nanging pakulinan alane Bagus Burham durung owah. Bagus Burham isih dadi bocah kang mlinthuh, bocah kang lumoh. Kyai Besari banjur duka maneh marang bagus Burham. Amarga dukane sang Kyai Bagus Burham banjur gelem insaf dadi bocah kang sregep ora mlinthuh maneh.

Wiwit iku Bagus Burham gelem sinau kanthi sregep ana ing Gebang Tinatar. Saka pamrayogane Ki Tanujaya Bagus Burham uga nyinaoni bab kebatinan kanggo nyengkuyung anggone sinau ngaji. Saliyane diwulang ngaji Bagus Burham uga diutus tapa brata dening Kyai Besari. Bagus Burham uga banjur kungkum ana kali watu suwene patang puluh dina patang puluh bengi lan mung mangan gedhang kluthuk saiji saben dinane. Ana wengi kang pungkasan Bagus Burham utawa Ranggawarsita dianggep wis antuk wahyu kapujanggan kanthi mangan iwak wader kang dumadakan ana ing wadah segane.

Sabubare kedadean iku ana owah-owahan gedhe tumrape Bagus Burham. Dheweke dadi bocah kang pinter, wasis ngaji tanpa diwulang ngungkuli santri-santri liyane. Bagus Burham uga pinercaya minangka badal utawa wakile Kyaine yen Kyai Besari nuju alangan. Cekake sabubare gelem tobat lan nglakoni maneka warna laku Ranggawarsita timur bisa dadi santri kang peng-pengan. Kawasisane kang sakawit katutup kalumohane jebul ngedab-edabi. Turun pujangga saka leluhure nitis marang dheweke.

Sawise cukup anggone sinau ana ing Gebang Tinatar, Ranggawarsita banjur bali menyang Surakarta, ing kono Ranggawarsita bali sinau maneh karo Yasadipura II (R.T. Sasteranegara). Sawise tetak ana ing tanggal 21 Mei 1815 Bagus Burham dipasrahake marang Panembahan Buminata kanggo nyinaoni babagan guna kawijayan, guna kadigdayan lan guna kanuragan.

Saliyane meguru menyang para pawongan ing ndhuwur Ranggawarsita uga seneng ngumbara menyang sawenehing papan kanggo sinau menyang para guru kasuwur saperlu nambahi ngelmune maneh. Saliyane telung guru kang wis disebutake ing ndhuwur isih ana maneh guru-guru liya kang menehi panggulawenthah marang Ranggawarsita ing antarane yaiku Pangeran Wijil saka Kadilangu, Demak, Kyai Tunggulwulung ing Ngadiluwih, Kediri, Ki Ajar Wirakantha ing Ragajampi, Banyuwangi lan Ki Ajar Sidalaku ing Tabanan Bali.

Ranggawarsita saliyane meguru menyang guru-guru kondhang sanuswantara uga kekancan karo sawenehing pagawe Walanda. Saka kene Ranggawarsita bisa ngerteni kanthi luwih jembar babagan kasusastran manca mligine bangsa kulonan. Ranggawarsita uga ditawani dadi guru basa Jawa ing Walanda, nanging Ranggawarsita luwih milih ngabdi menyang Kraton Surakarta.

2.1.3 Ranggawarsita ing Kraton Surakarta

Ana ing tanggal 28 Oktober 1818, Ranggawarsita kaangkat dadi Abdi Dalem kraton kanthi pangkat Carik Kliwon utawa juru tulis ing Kadipaten Anom kanthi asma Rangga Pujangga Anom. Sateruse panjenengane kaangkat dadi Abdi Dalem Carik Kepatihan lan diparingi gelar Mas kanggo pratandha turuning bangsawan. Sabanjure Ranggawarsita diangkat maneh dadi Mantri Carik Kadipaten Anom kanthi asma Mas Ngabehi Sarataka. Ora watara suwe Ranggawarsita banjur palakrama karo Raden Ajeng Gombak, Putri Bupati Kediri yaiku Raden Adipati Cakraningrat.

Pirang taun sawise iku pangakate banjur diundhakake dadi Abdi Dalem Panewu Sedasa lan antuk gelar Raden. Amarga wektu iku ana perang Diponegoro Bagus Burham nampa tugas kanggo njaga wewengkon Nusupan lan diangkat dadi Panewu Carik Kadipaten Anom kanthi asma Raden Ngabehi Ranggawarsita. Sawise Yasadipura II seda, Ranggawarsita sinengkakake dadi pujangga kraton ana ing taun 1845 dening Paku Buwana VII.

Sawise garwane Raden Ajeng Gomabk murud kasidan jati Ranggawarsita banjurr krama maneh. Nganti puputing yuswa Ranggawarsita dikanthi dening garwa loro yaiku Mas Ajeng Pujadewata lan Mas Ajeng Maradewata. Ranggawarsita seda ana ing tanggal 24 Desember 1873 ing yuswa 71 taun. Pesareane ana ing Palar, Trucuk, Klaten Jawa Tengah. Ranggawarsita ninggalake putra putri cacah telu lan putra kakung cacah loro, nanging kalimane ora ana kang marisi kawasisane sang pujangga jroning olah sastra. Bab sedane Ranggawarsita ana panemu kang ngandhakake yen Ranggawarsita seda salumrahe nanging uga ana kang nduwe panemu Ranggawarsita sedane sengaja dialap dening Pakubuwana IX amrga dikongkon Walanda. Jalaran wedi yen nganti Ranggawarsita ngombyongi rakyat supaya mbalela marang Walanda.

2.2 Serat Sabda Jati Saklebatan

Serat Sabda Jati katulis wolung dina sadurunge Ranggawarsita seda. Panulisane serat iki nganggo angger-angger nulis tembang macapat Megatruh. Megatruh dipilih dadi tembang jroning serat iki bisa ditegesi yen sang pujangga wis aweh sasmita yen panjenengane bakal kapundhut dening Gusti Kang Akarya Jagad. Megatruh dhewe asale saka tembung megat lan ruh. Megat tegese pisah dene ruh tegese dipadhakake karo roh saka basa Arab. Dadi kaya-kaya roh kang ana wis arep pisah karo badan tegese wis nyedhaki wancine bali marang pangayunane Gusti Kang Maha Wisesa.

Ana ing pada-pada wiwitan ing serat Sabda Jati iki ngemu maneka warna pitutur luhur kan diajab supaya sapa wae kang maca serat iki bisaa ngerteni pitutur luhur iku kanggo sabanjure nglakoni pitutur-pitutur iku. Kanthi mangkono manungsa bakal bisa nyingkiri sawenehing rubeda. Amarga sejatine apa kang ditampa dening manungsa iku uga apa kang dilakoni dening manungsa iku dhewe paribasan wong urip iku ngundhuh wohing pakarti. Yen ora diunduh nalikane urip ing alam donya bakal diunduh suk nalikane jaman kelanggengngan.

Pitutur kang dikarepake ing kene yaiku pitutur ngenani manungsa kang kudu prihatin yen kepengin adoh saka penggaweyan ala mula kudu sregep prihatin. Kaya cuplikan kang ana ing ngisor iki.

Hawya pegat ngudiya ronging budyayu

Margane suka basuki

Dimen luwar kang kinayun

Kalising panggawe sisip

Ingkang taberi prihatos (pada kapisan)

Saka cuplikan ing ndhuwur bisa diwawas yen dadi manungsa kudune ora oleh kendhat anggone ngudi marang bab kabecikan. Dalan tumuju suka basuki supaya bisa ketekan kabeh gegayuhan lan bisa kasingkir apadene nyingkiri maneka warna panggawe ala. Carane kanggo nglakoni kabeh iku dadi manungsa kudu sregep prihatin. Prihatin ing kene tegese ora kok dadi manungsa kang urip kacingkrangan, nanging tirakat nglakoni sawernaning laku kanggo ngedohake sipat kadonyan. Dene wujude saka laku iku bisa pasa, yen wong Islam bisa kanthi sarana shalat sunah utawa sarana ngibadah liyane. Yen pituture wong biyen kanthi meper babakan hawa sanga mandeng purwaduksina.

Tujuane alaku prihatin yaiku supaya bisa ngeningake cipta, rasa lan karsa. Yen iku wis bisa klakon bakal padhang sekabehing panyawang. Barang-barang kang ala bakal katon ala, barang kang apik bakal katon kepriye sejatine. Kaya kang ana ing cuplikan ing ngisor iki.

Lakonana klawan sabaraning kalbu

Lamun obah niniwasi

Kasusupan setan gundhul

Ambebidung nggawa kendhi

Isine rupiah kethon (pada kapapat)

Dadi tegese manungsa iku kudu sabar ora oleh grusa-grusu keburu nepsu. Amarga wong kang ora sabar yen nglakoni maneka warna gaweyan bakal ndrawasi. Wong kang ora sabar bakal kasusupan setan gundhul. Setan gundhule bakal ngiming-imingi bebungah kang sarwa endah, nanging setan gundhul iku bakal njurung menyang parigawe ala. Cekake kang ana ing serat iki dadi manungsa kudu teteg lan tanggon anggone nggoceki sejatining damar ana ing panguripane. Ngerteni sapa dheweke lan sapa Gustine.

Saliyane paring pitutur sang pujangga uga menehi pangira utawa ramalan ngenani apa kang bakal kedadean ing tembe mburi. Akehing panggawa ala ing wektu iku jalaran wektu semana isih ngalami mangsa kalabendu. Kaya kang bisa kadeleng ing cuplikan ngsior iki.

Ki Pujangga nyambi aweh pitutur

Saka pengunahing Widi

Ambuka warananipun

Aling-aling kang ngalingi

Angilang satemah katon

Ing kono cetha kawaca yen Ki Pujangga nyambi aweh pitutur uga arep mbuka warana utawa aling-aling kang dadi pepalang. Pepalang anggone arep ndelok mangsa tembe. Lan kabeh dilakoni kanthi palilahi sang Widhi.

Dene wujude ramalan kang dimaksud yaiku kaya kang ana ing cuplikan ngisor iki. Ing kene ana pangira ngenani kedadean kang arep kedadean ing tembe mburi.

Waluyane benjang lamun ana wiku

Memuji ngesthi sawiji

Sabuk tebu lir majenum

Galibedan tudang tuding

Anacahken sakehing wong (pada patbelas)

Saka kono bisa dideleng yen jaman kala bendu bakal kawusanan nalikane taun kang yen ditulis mawa sengkalan wiku memuji ngesthi sawiji. Sengkalan iku mawa yen didadekake taun bakal dadi taun 1877. Yen taun iku dianggep minangka taun Jawa mula yen didadekake masehi perlu ditambah 78 dadi taun 1945. Ing wektu iku nuswantara bakal merdika.

Ramalan sabanjure kang paling onja yaiku nalikane sang Pujangga ngramalake sedane dhewe. Lan eloke kedadean iku pener kaya apa kang diramalake. Ramalan iku dumunung ana ing pada pitulas. Nanging bab iki ana rong panemu kang beda. Panemu kang kapisan yaiku Ranggawarsita pancen wong winasis weruh sadurunge winarah. Panemu kang kaping pindho yaiku sedane Ranggawarsita diukum mati utawa dheweke lampus diri dadi bisa pener anggone ngarani kapan sedane. Nanging durung ana sumber kang gumathok bab benere perkara iku. Uga durung ana seksi sejarah kang ngandharake perkara sedane Ranggawarsita.

2.3 Tujuane Ranggawarsita Ngripta Serat Sabda Jati

Ana ing perangan iki kang baku yaiku bakal nintingi apa sejatine kang dadi motif nganti Ranggawarsita ngripta serat Sabda Jati. Perkara iku magepokan karo perangan kajiwane Ranggawarsita nalikane ngripta serat Sabda Jati. Sejatine perkara supaya luwih mathuke anggone nggolek data bisa kanthi wawancara marang pangriptane langsung. Nanging perkara iku ora bisa kaleksanan amarga sang pangripta wis murud kasidan jati. Dadi kanggo nemokake bab tujuan diwawas lumantar karyane kang bisa uga dadi pantulan kajiwan saka pangriptane.

Nalikane ngripta serat Sabda Jati pangripta lagi nandang rasa kuciwa kang gedhe. Perkara iku bisa kadeleng ana ing pada kaping pada kaping nembelas kang unine kaya mangkene.

Pandulune Ki Pujangga durung kemput

Mulur lir benang tinarik

Nanging kaserang ing ngumur

Andungkap kasidan jati

Mulih mring jatining enggon (pada nembelas)

Saka pada ing ndhuwur yen dirasakake kaya ana rasa kuciwa kang ngilut marang sang pujangga. Sejatine isih kang pengin diujarake marang para pamaose nanging kabeh iku ora bisa kaleksanan jalaran amarga umure sang pujangga kang wis ndungkap sepuh lan wis arep tumekaning janji bali marangb pangayunaning Gusti.

Saliyane kuciwa amarga umur kang wis arep tekan pupute sang pujangga uga kuciwa kepara malah prihatin nyawang kahananing jaman kang kedadean. Kaya-kaya sang pujangga takon marang kahanan, sejatine sing salah sapa nganti ana kedadean kang kaya mangkene. Kaya cuplikan kang ana ing ngsior iki.

Katuwane winawas dahat matrenyuh

Kenyaming sasmita sayekti

Sanityasa tyas maalkunt

Kongas welase kepati

Sulaking jaman prihatos

Saka cuplikan ing ndhuwur pangripta katon banget yen prihatin lan kuciwa nyawang kahanane jaman prihatin. Pangripta nggrantes atine yen bisa kaya-kaya arep ennggal diluwari kabeh kedadean kasebut, nanging kabeh iku ora kuwawa dilaksanakake mung kandeg ing pangarep-arep lan angen-angene pangripta.

Saliyane rasa kuciwa kang bisa diwawas saka serat Sabda Jati yaiku rasa benci marang penjajah. Senajan rasa benci iku disumudanakake nanging rasa iku tetep katon. Minangka pawongan kang winasis mesthine Ranggawarsita uga meruhi maneka kedadean wigati ing tembe mburi, ana ing serat iki kang dipilih yaiku ramalan ngenani kamardikaning nuswantara. Yen wis merdika para kawula lagi bisa nyungging esem guyu lan bisa nemoni kamulyan. Iku ateges Ranggawarsita nganggep yen bangsa penjajah kang wektu iku bangsa Walanda dianggep mung agawe susahe para kawula. Yen bisa bakal enggal-enggal disingkirake. Bangsa penjajah padadene leletheging donya nyandi-nyandi parane mung nggawa papa cintraka kanggone bangsa kang dijajah.

Rasa sedhih uga nggelayut ana ing atine Ranggawarsita. Rasa sedhih jalaran patine kang wis maton. Kaya cuplikan kang ana ing ngisor iki.

...............................

Sengara winduning pati

Netepi ngumpul saenggon (pada wolulas)

Ukara ing gatra kang kapisan mung cuplikan saka wayah sang pujangga seda, nanging kang diwigatekake ukara ing pada kaloro. Tembung netepi ngumpul saenggon mratandhakake yen nalika sedane Ranggawarsita disawang wong akeh. Ing kene tanpa ngurangi rasa kurmat marang para pandhemene Ranggawarsita panemu yen Ranggawarsita sedane diukum pati kaya-kaya oleh bukti. Nalika ukuman pati iku dileksanakake diestreni dening para punggawa kraton. Dene alasane kaya kang wis diandharake ing ndhuwur, Ranggawarsita dianggep pawongan kang mbebayani lan bisa ngombyongi para kawula supaya nantang bangsa Walanda. Kamangka Paku Buwana iku sekuthone Walanda. Paku Buwana dhewe uga wedi yen antuk pangombyonging Ranggawarsita para kawula bakal tuwuh kuwanene kanggo mbadal dhawuhe. Mula murih amane Ranggawarsita banjur kaukum pati. Nanging iku kabeh mung perkara pangira.

Uwal saka iku kabeh Ranggawarsita kalebu pengarang tipe diffluent utawa cair yaiku pengarang kang miwiti pangangene saka emosi lan banjur diwujudake kanthi sarana irama lan pencitraan. Panemu iku kasengkuyung dening kasunyatan-kasunyatan kang wis diandharake ana ing ndhuwur yaiku Ranggawarsita ngalami maneka warna pangrasa saengga tuwuh kepenginane kanggon nyuntak rasane, ngudarasa marang sapa kang gelem maca karyane lan sapa kang bisa mangerteni wewadi kang sinengker ing waliking warana.

BAB III

PANUTUP

3.1 Dudutan

Saka andharan ing ndhuwur bisa didudut ngenani perangan kajiwan kang dirasakake dening Ranggawarsita minangka pangripta serat Sabda jati. Pangrasa iku kayadene rasa kuciwa amarga wis ndungkap sepuh lan wis arep teka puputing yuswa nanging isih akeh bab kang durung diujarake marang para kawula. Kapindhone rasa kuciwa mrangguli kahanan kang dumadi ing jaman prihatin. Para kawula uripe sansaya sudra, akeh tumindak kang ora becik, akeh wong lumaku ing dalan kang kliru lan sapiturute. Kaping telu rasa benci marang penjajah kang dianggep mung nggawa sakehing kacintrakan kanggone wong kang dijajah wae. Kaping papat Ranggawarsita ngrasa sedhih amarga sedane kapilara jalaran kapidana pati. Lan dudutan kang pungkasan yaiku Ranggawarsita minangka sawijining pangripta kanthi tipe diffluent kang tegese miwiti pangangene kanthi emosi banjur mujudake emosine kanthi irama lan pencitraan.

KAPUSTAKAN

Barry, Peter. 2010. Beginning Theory (kajarwakake dening Harfiyah Widiawati). Jalasutra: Yogyakarta

Endraswara, Suwardi. 2003. Metodologi Penelitian Sastra Epistemologi Model Teori dan Aplikasinya. Pustaka Widyatama: Yogyakarta

Nurgiyantoro, Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Gadjah Mada University Press: Yogyakarta

http://kang-kolis.blogspot.com/2010/06/raden-ngabehi-ronggowarsito.html?m=1 diakses pada 27 Desember 2011

LAMPIRAN

SERAT SABDO JATI

Apr 19

Posted by Mas Kumitir

1. Hawya pegat ngudiya ronging budyayu
Margane suka basuki
Dimen luwar kang kinayun
Kalising panggawe sisip
Ingkang taberi prihatos

Jangan berhenti selalulah berusaha berbuat kebajikan,
agar mendapat kegembiraan serta keselamatan serta tercapai segala cita-cita,
terhindar dari perbuatan yang bukan-bukan, caranya haruslah gemar prihatin.

2. Ulatna kang nganti bisane kepangguh
Galedehan kang sayekti
Talitinen a
ywa kleru
Larasen sajroning ati
Tumanggap dimen tumanggon

Dalam hidup keprihatinan ini pandanglah dengan seksama,
intropeksi, telitilah jangan sampai salah, endapkan didalam hati,
agar mudah menanggapi sesuatu.

3. Pamanggone aneng pangesthi rahayu
Angayomi ing tyas wening
Eninging ati kang suwung
Nanging sejatining isi
Isine cipta sayektos

Dapatnya demikian kalau senantiasa mendambakan kebaikan,
mengendapkan pikiran, dalam mawas diri sehingga seolah-olah hati ini kosong
namun sebenarnya akan menemukan cipta yang sejati.

4. Lakonana klawan sabaraning kalbu
Lamun obah niniwasi
Kasusupan setan gundhul
Ambebidung nggawa kendhi
Isine rupiah kethon

Segalanya itu harus dijalankan dengan penuh kesabaran.
Sebab jika bergeser (dari hidup yang penuh kebajikan)
akan menderita kehancuran. Kemasukan setan gundul,
yang menggoda membawa kendi berisi uang banyak.

5. Lamun nganti korup mring panggawe dudu
Dadi panggonaning iblis
Mlebu mring alam pakewuh
Ewuh mring pananing ati
Temah wuru kabesturon

Bila terpengaruh akan perbuatan yang bukan-bukan,
sudah jelas akan menjadi sarang iblis, senantiasa mendapatkan kesulitas-kesulitan, kerepotan-kerepotan, tidak dapat berbuat dengan itikad hati yang baik,
seolah-olah mabuk kepayang.

6. Nora kengguh mring pamardi reh budyayu
Hayuning tyas sipat kuping
Kinepung panggawe rusuh
Lali pasihaning Gusti
Ginuntingan dening Hyang Manon

Bila sudah terlanjur demikian tidak tertarik terhadap perbuatan
yang menuju kepada kebajikan. Segala yang baik-baik lari dari dirinya,
sebab sudah diliputi perbuatan dan pikiran yang jelek.
Sudah melupakan Tuhannya. Ajaran-Nya sudah musnah berkeping-keping.

7. Parandene kabeh kang samya andulu
Ulap kalilipen wedhi
Akeh ingkang padha sujut
Kinira yen Jabaranil
Kautus dening Hyang Manon
Namun demikian yang melihat, bagaikan matanya kemasukan pasir,
tidak dapat membedakan yang baik dan yang jahat, sehingga
yang jahat disukai dianggap utusan Tuhan.

8. Yeng kang uning marang sejatining dawuh
Kewuhan sajroning ati
Yen tiniru ora urus
Uripe kaesi-esi
Yen niruwa dadi asor

Namun bagi yang bijaksana, sebenarnya repot didalam pikiran
melihat contoh-contoh tersebut. Bila diikuti hidupnya akan
tercela akhirnya menjadi sengsara.

9. Nora ngandel marang gaibing Hyang Agung
Anggelar sakalir-kalir
Kalamun temen tinemu
Kabegjane anekani
Kamurahane Hyang Manon

Itu artinya tidak percaya kepada Tuhan, yang menitahkan bumi dan
langit, siapa yang berusaha dengan setekun-tekunnya akan mendapatkan
kebahagiaan. Karena Tuhan itu Maha Pemurah adanya.

10. Hanuhoni kabeh kang duwe panuwun
Yen temen-temen sayekti
Dewa aparing pitulung
Nora kurang sandhang bukti
Saciptanira kelakon

Segala permintaan umatNya akan selalu diberi, bila dilakukan dengan setulus hati.
Tuhan akan selalu memberi pertolongan, sandang pangan tercukupi
segala cita-cita dan kehendaknya tercapai.

11. Ki Pujangga nyambi paraweh pitutur
Saka pengunahing Widi
Ambuka warananipun
Aling-aling kang ngalingi
Angilang satemah katon

Sambil memberi petuah Ki Pujangga juga akan membuka selubung
yang termasuk rahasia Tuhan, sehingga dapat diketahui.

12. Para jalma sajroning jaman pakewuh
Sudranira andadi
Rahurune saya ndarung
Keh tyas mirong murang margi
Kasekten wus nora katon

Manusia-manusia yang hidup didalam jaman kerepotan,
cenderung meningkatnya perbuatan-perbuatan tercela,
makin menjadi-jadi, banyak pikiran-pikiran yang tidak berjalan
diatas riil kebenaran, keagungan jiwa sudah tidak tampak.

13. Katuwane winawas dahat matrenyuh
Kenyaming sasmita sayekti
Sanityasa tyas malatkunt
Kongas welase kepati
Sulaking jaman prihatos

Lama kelamaan makin menimbulkan perasaan prihatin, merasakan ramalan tersebut,
senantiasa merenung diri melihat jaman penuh keprihatinan tersebut.

14. Waluyane benjang lamun ana wiku
Memuji ngesthi sawiji
Sabuk tebu lir majenum
Galibedan tudang tuding
Anacahken sakehing wong

Jaman yang repot itu akan selesai kelak bila sudah mencapat tahun 1877
(Wiku=7, Memuji=7, Ngesthi=8, Sawiji=1. Itu bertepatan dengan tahun Masehi 1945).
Ada orang yang berikat pinggang tebu perbuatannya seperti orang gila,
hilir mudik menunjuk kian kemari, menghitung banyaknya orang.

15. Iku lagi sirap jaman Kala Bendu
Kala Suba kang gumanti
Wong cilik bisa gumuyu
Nora kurang sandhang bukti
Sedyane kabeh kelakon

Disitulah baru selesai Jaman Kala Bendu. Diganti dengan jaman Kala Suba.
Dimana diramalkan rakyat kecil bersuka ria, tidak kekurangan sandang dan makan
seluruh kehendak dan cita-citanya tercapai.

16. Pandulune Ki Pujangga durung kemput
Mulur lir benang tinarik
Nanging kaseranging ngumur
Andungkap kasidan jati
Mulih mring jatining enggon

Sayang sekali “pengelihatan” Sang Pujangga belum sampai selesai,
bagaikan menarik benang dari ikatannya.
Namun karena umur sudah tua sudah merasa hampir
datang saatnya meninggalkan dunia yang fana ini.

17. Amung kurang wolung ari kang kadulu
Tamating pati patitis
Wus katon neng lokil makpul
Angumpul ing madya ari
Amerengi Sri Budha Pon

Yang terlihat hanya kurang 8 hai lagi, sudah sampai waktunya,
kembali menghadap Tuhannya. Tepatnya pada hari Rabu Pon.

18. Tanggal kaping lima antarane luhur
Selaning tahun Jimakir
Taluhu marjayeng janggur
Sengara winduning pati
Netepi ngumpul sak enggon

Tanggal 5 bulan Sela
(Dulkangidah) tahun Jimakir Wuku Tolu,
Windu Sengara (atau tanggal 24 Desember 1873)
kira-kira waktu Lohor, itulah saat yang ditentukan
sang Pujangga kembali menghadap Tuhan.

19. Cinitra ri budha kaping wolulikur
Sawal ing tahun Jimakir
Candraning warsa pinetung
Sembah mekswa pejangga ji
Ki Pujangga pamit layoti

Karya ini ditulis dihari Rabu tanggal 28 Sawal tahun Jimakir 1802.
(Sembah=2, Muswa=0, Pujangga=8, Ji=1) bertepatan dengan tahun masehi 1873).
seratanipoen Raden Ngabehi Ronggowarsito